
WILUJENGAN
Sugeng apa wilujeng?
Wilujengan utawi slametan punika warni-warni
tumindakipun, wonten ingkang sarana dedonga
tuwin wonten ingkang sarana nyeyegah. Dene
sadaya wau pangangkahipun sami, kalisa ing
sambikala, kasembadan lan jinurung widada.
Wilujengan punika ingkang kalimrah mawi sekul
ambeng, kakepung rame-rame lajeng dipundongani
umik-umik, sasampunipun lajeng katedha, tirahanipun
lajeng kabrekat.
Wonten malih cara sanesipun, wilujengan ingkang
kalampahaken sarana nyeyegah, punika murih kalis saking
sasakit [manah punapa dene sarira] tuwin
sisiping engetan. Nyegah main, murih kalis
saking kamlaratan tuwin buyaring engetan.
Nyegah laduking pedhes, asin, legi, gurih,
pikantukipun dhateng badhan sae, kiyat tuwin
entheng. Nyegah sare sawatawis, supados kathah
kaengetanipun saha nebihaken kadurjanan.
Panyegah-panyegah wau kathah sanget, karoncen
boten saged kababar sadaya amargi papanipun
rupak. Wilujengan/slametan/sedhekahan punika
perlu supados gesang kita punika saged pikantuk
pangreksa ingkang sentosa, sami kaliyan Kresna
jinagi dening Balasrewune, Jaladara lan Nanggalane,
Menakjingga lan Wesi Kuninge, Yudhistira
lan Kalimasadane, Harjuna lan Semare, Mastoni
lan Pawartos Jawine:-)
Bebasanipun *ngelmu*--angele yen durung ketemu,
utawi dereng dipunlampahi. Liripun, ingatasipun
nyegah boten sepintena, lajeng anggadhahi
kasantosan yektos. Awit saking punika prayoginipun
kita boten pegat wilujengan ingkang perlunipun
kangge rumeksa ajining sarira.
back to the top