SUGENG RAWUH
A WELCOME MESSAGE

 

GEGAYUHAN KITA
MISSION STATEMENT

 

PAMAOS KANDHA
READER'S RESPONSE

 

MEMETRI BASA JAWI
EFFORTS TO SAVE JAVANESE

 

REMBUG KITHA PRAJA
THE TALK OF THE ROYAL TOWN

 

UNDERANING PERKAWIS
TALKING POINTS

 

SENI
THE ARTS

 

SASTRA
LITERATURE

 

CUKLA-CUKLI
NIGHTLIFE

 

LELUNGAN
TRAVELING

 

GESANG GAGRAG ANYAR
CONTEMPORARY LIVING

 

GEGURITAN
POEMS

 

KAWERUH BASA
LEARN JAVANESE

 

PISOWANAN
CLOSE UP

 

LELANG ANTIK
AUCTIONS & ANTIQUES

 

ANJANGSANA
LINKS

 

SESAMBETAN
CONTACT

 

 

hambuka wiwaraning jiwa jawi

enliven our understanding of javanese identity

SENI BUDAYA | THE ARTS

 

 

URUT-URUTANE TEMBANG

Para kadang minulya,
Aku nate maca urut-urutane tembang Jawa kang ngibaratake lelakone manungsa wiwit ana kadhutan nganti tumekaning pati. Urut-urutane tembang Jawa kaya sing tak aturake, kaya ing ngisor iki:

1. Maskumambang :
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kaweruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.

2. Mijil :
ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

3. Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

4. Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

5. Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.

6. Gambuh
saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

7. Dhandhanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

8. Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.

10.Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

11.Pocung / Pucung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

Intine saka andharan mau :
Ngajab supaya kita kabeh pada sing eling. Eling yen saka sak durunge ora ana, bali dadi ora ana. Yen urip nyukupi butuhe karep, ora ana enteke, Yen ana sing dodol pulo, ya kepengin tuku pulo, yen ana sing dodol laut utawa angkasa, ya arepe dituku. Urut-urutane tembang Jawa sing nate tak waca ing dhuwur kuwi bener apa ora aku nyuwun tanggapan saka kadhang mitra minulya.

Nuwun
Sapto W.D.

back to the top

 

 

Address: Jalan Ngasem 61, Yogyakarta, DIY 55321, Indonesia

Telp/Fax: +62 274450 054  E-mail: puriarca@artindonesia.org

Copyright@2008-www.artindonesia.org  All Rights Reserved