
HASTA SAWANDA
Tari minangka cabange kesenian, tumrap seniman
mujudake salah sawijining wadhah ungkapan
ide lan gagasan-gagasane seniman mau. Kanthi
ngetrapake kemampuan lan dhaya kreatife seniman
mau nyusun gerak nganti manut konsep lan
imajinasine, ngolah gerak nganti wujud apa
kang diarani tari.
Bp. Sudarsono ing bukune Tari-Tarian Indonesia
I nerangake menawa sing diarani tari yaiku
Ekspresi jiwa manungsa kang diungkapake liwat
gerak sing teratur lan indah. Amarga gerak
mau dianggep minangka elemen dhasar utawa
medium pokok tumrape tari. Dadi ana gerak,
senadyan ora nganggo iringan iku wus bisa
diarani tari. Mula ora mokal yen seniman
mau milang-miling milih gerak nganti njlimet
kanggone susunane tarine. Luwih-luiwh tari
tradisi, ora saben gerak bisa dienggo, amarga
tari tradisi mono wus duwe waton waton sing
ora bisa ditinggal ngono bae.
Ing tari tradisi, wiwit saka posisi sikil,
posisi awak, posisi tangan, nganti posisi
sirah, digatekake lan diatur banget. Saben
perangan tari duwe waton dhewe-dhewe lan
ing antarane perangan siji lan sijine duwe
waton sing ora padha. Waton kanggo tari putri,
tari alus, lan tari gagah kuwi ora padha.
Senadyan waton-waton mau dirasa ora ketat
banget nanging tumrap seniman tari tradisi
kemantebane waton mau isih dirasa kuwat.
Sajak kurang manteb manawa ngalanggar waton
mau senadyan sithik pisan, ananging ora ateges
nutup kemungkinan kanggo pangembangan tari
tradisi mau. Pangembangan tari tradisi mau
dibutuhake banget kareben budhaya Jawa tetep
kuncara.
Hasta Sawanda
Kaya wus kacetha ing ngarep manawa seni tradisi
iku duwe waton sing dienggo pathokan, semono
uga tari tradisi. Waton-waton sing dienggo
tumrap tari tradisi iku sing diarani Hasta
Sawanda. Para penari sing durung ngetrapake
hasta sawanda kena diarani durung sempurna,
isih ana kegothangan anggone madeg dadi penari.
Hasta Sawanda mono bisa dijlentrehake kaya
katrangan ing ngisor iki:
1. Pacak
Pacak iku bisa diarani cak-cakan. Dadi penari
kudu duwe cak dhewe-dhewe lan bisa ngecak
liyane. Kanthi mangkono penari bakal duwe
ciri cak sing manteb lan mapan.
2. Pancat
Pancat iku mujudake perpindhahan gerak siji
menyang gerak liyane. Luwih cethane seleh
gerak utawa singget. Penari kudu ngetrapake
pancat kareben gerak tarine ora nglawus.
3. Ulat
Ulat padha karo polatan. Polatan iku warna-warna,
ana polatan luruh, polatan longok, polatan
agal, lll., kabeh duwe aturan dhewe-dhewe.
Penari kudu ngerti ulat supaya bisa milahake
karakter tari siji lan sijine.
4. Lulut
Penari ngono gerake kudu lulut, mbanyu mili.
Dadi wis katon ora mikir maneh marang gerak
kang ditindhakake.
5. Luwes
Luwes iku hubungane karo besus. Yen panari
wis wiwit manggung kudu nampilake awak kanthi
besus utawa solah. Ora teges luwes iki gerake
sing alus, ora nanging uga bisa gerake sing
kasar pisan.
6. Wilet
Wilet iki ana hubungane karo kembangan utawa
sekaran. Penari bisoa duwe wilet sing kepenak
lan masing-masing penari mesthi duwe wilet
dhewe-dhewe, kabeh gumantung ana keprigelan
lan rasa mapane penari mau.
7. Irama
Penari kudu ngerti irama lan seleh iringan.
Dadi rasa seleh gendhing lan iringan sing
dienggo tari mau kudu dikuwasani.
8. Gendhing
Penari kudu bisa ngrasakake gendhing sing
dienggo iringan tari mau. Kanthi mangkono
penari luwih bisa menjiwai tari mau.
Hasta sawanda iki tumrape penari tradisi
Jawa mujudake sangu kang kudu diduweni saben
penari. Gandare penari tradisi sing apik
kalawan wus bisa ngetrapake Hasta Sawanda.
Kanthi katrangan sing singkat iki muga bisa
nambah wawasan lan cakrawala tumrap para
sutresna.
[Kacuplik saking kalawarti Jayabaya]
back to the top