SUGENG RAWUH A WELCOME MESSAGE
GEGAYUHAN KITA MISSION STATEMENT
PAMAOS KANDHA READER'S RESPONSE
MEMETRI BASA JAWI EFFORTS TO SAVE JAVANESE
REMBUG KITHA PRAJA THE TALK OF THE ROYAL TOWN
UNDERANING PERKAWIS TALKING POINTS
SENI THE ARTS
SASTRA LITERATURE
CUKLA-CUKLI NIGHTLIFE
LELUNGAN TRAVELING
GESANG GAGRAG ANYAR CONTEMPORARY LIVING
GEGURITAN POEMS
KAWERUH BASA LEARN JAVANESE
PISOWANAN CLOSE UP
LELANG ANTIK AUCTIONS & ANTIQUES
ANJANGSANA LINKS
SESAMBETAN CONTACT
hambuka wiwaraning jiwa jawi
enliven our understanding of javanese identity
SASTRA | LITERATURE
WEDHARAGA Ranggawarsita Gambuh Mangkene patrapipun Wiwit anem amandenga laku Ngengurangi pangan turu sawatawis Amekak hawa nepsu Dhasarana andhap asor. Akanthi awas emut Aja tingal weweka ing kalbu Mituhua wewaruh kang makolehi Den taberi anggeguru, aja isin tetakon. Wong amarsudi kaweruh Tetirona ing reh kang rahayu Aja kesed sungkanan sabarang kardi Sakadare anggenipun Nimpeni kagunganing wong. Tinimbang lan angenganggur Boya becik ipil-ipil kaweruh Angger datan ewan panasaten sayekti Kawignyane wuwuh-wuwuh Wekasan kasub kinaot. Lamun wus sarwa putus Kapinteran sinimpen ing pungkur Bodhonira katakokna ing ngarsa yekti, Gampang traping tindak tanduk Amawas pambekaning wong.
WEDHARAGA
Ranggawarsita
Gambuh Mangkene patrapipun Wiwit anem amandenga laku Ngengurangi pangan turu sawatawis Amekak hawa nepsu Dhasarana andhap asor. Akanthi awas emut Aja tingal weweka ing kalbu Mituhua wewaruh kang makolehi Den taberi anggeguru, aja isin tetakon. Wong amarsudi kaweruh Tetirona ing reh kang rahayu Aja kesed sungkanan sabarang kardi Sakadare anggenipun Nimpeni kagunganing wong. Tinimbang lan angenganggur Boya becik ipil-ipil kaweruh Angger datan ewan panasaten sayekti Kawignyane wuwuh-wuwuh Wekasan kasub kinaot. Lamun wus sarwa putus Kapinteran sinimpen ing pungkur Bodhonira katakokna ing ngarsa yekti, Gampang traping tindak tanduk Amawas pambekaning wong.
Gambuh
Mangkene patrapipun Wiwit anem amandenga laku Ngengurangi pangan turu sawatawis Amekak hawa nepsu Dhasarana andhap asor. Akanthi awas emut Aja tingal weweka ing kalbu Mituhua wewaruh kang makolehi Den taberi anggeguru, aja isin tetakon. Wong amarsudi kaweruh Tetirona ing reh kang rahayu Aja kesed sungkanan sabarang kardi Sakadare anggenipun Nimpeni kagunganing wong. Tinimbang lan angenganggur Boya becik ipil-ipil kaweruh Angger datan ewan panasaten sayekti Kawignyane wuwuh-wuwuh Wekasan kasub kinaot. Lamun wus sarwa putus Kapinteran sinimpen ing pungkur Bodhonira katakokna ing ngarsa yekti, Gampang traping tindak tanduk Amawas pambekaning wong.
back to the top
Address: Jalan Ngasem 61, Yogyakarta, DIY 55321, Indonesia
Telp/Fax: +62 274450 054 E-mail: puriarca@artindonesia.org
Copyright@2008-www.artindonesia.org All Rights Reserved