Megatruh
Hawyat pegat ngudiya RONGing budyayu
MarGAne suka basuki
Dimen luWAR kang kinayun
Kalising panggawe SIsip
Ingkang TAberi prihatos
Ulatno kang nganti bisane kepangguh
Galedahen kang sayekti
Talitinen awya kleru
Larasen sajroning ati
Tumanggap dimen tumanggon
Pamanggone aneng pangesthi rahayu
Angayomi ing tyas wening
Eninging ati kang suwung
Nanging sejatining isi
Isine cipta sayektos
Lakonana klawan sabaraning kalbu
Lamun obah niniwasi
Kasusupan setan gundhul
Ambebidhung nggawa kendhi
Isine rupiah kethon
Lamun nganti korup mring panggawe
dudu
Dadi panggonaning iblis
Mlebu mring alam pakewuh
Ewuh mring pananing ati
Temah wuru kabesturon
Nora kengguh mring pamardi reh
budyayu
Hayuning tyas sipat kuping
Kinepung panggawe rusuh
Lali pasihaning Gusti
Ginuntingan kaya mrenos
Parandene kabeh kang samya andulu
Ulap kalilipen wedhi
Akeh ingkang padha sujud
Kinira yen Jabaril
Kautus dening Hyang Manon
Yen kang uning marang sejatining
dhawuh
Kewuhan sajroning ati
Yen tiniru ora urus
Uripe kaesi-esi
Yen niruwa dadi asor
Nora ngandel marang gaibing Hyang
Agung
Anggelar sakalir-kalir
Kalamun temen tinemu
Kabegjane anekani
Kamurahane Hyang Manon
Hanuhoni kabeh kang duwe panuwun
Yen temen-temen sayekti
Dewa aparing pitulung
Nora kurang sandang bukti
Saciptanira kelakon
Ki Pujangga nyambi paraweh pitutur
Saka pengunahing Widhi
Ambuka warananipun
Aling-aling kang ngalingi
Angilang satemah katon
Para jalma sajroning jaman pakewuh
Sudranira andadi
Rahurune saya ndarung
Keh tyas samita yekti
Sanityasa tyas malatkung
Kongas welase kepati
Sulaking jaman prihatos
Waluyane benjang lamun ana wiku
Memuji ngesthi sawiji
Sabuk tebu lir majenun
Galibedan tudang-tuding
Anacahken sakehing wong
Iku lagi sirep jaman Kala Bendu
Kala Suba kang gumanti
Wong cilik bisa gumuyu
Nora kurang sandhang bukti
Sedyane kabeh kelakon
Pandulu Ki Pujangga durung kemput
Mulur lir benang tinarik
Nanging kaseranging ngumur
Andungkap kasidan jati
Mulih mring jatining enggon
Amung kurang wolung ari kang
kadulu
Tamating pati patitis
Wus katon neng lokil makpul
Angumpul ing madya ari
Amerengi Sri Budha Pon
Tanggal kaping lima antarane
luhur
Selaning tahun Jimakir
Toluhu marjayeng janggur
Sengsara winduning pati
Netepi ngumpul sakenggon
Cinitra ri budha kaping wolulikur
Sawal ing tahun Jimakir
Candraning warsa pinetung
Sembah mukswa pujangga ji
Ki Pujangga pamit layon