SUGENG RAWUH
A WELCOME MESSAGE

 

GEGAYUHAN KITA
MISSION STATEMENT

 

PAMAOS KANDHA
READER'S RESPONSE

 

MEMETRI BASA JAWI
EFFORTS TO SAVE JAVANESE

 

REMBUG KITHA PRAJA
THE TALK OF THE ROYAL TOWN

 

UNDERANING PERKAWIS
TALKING POINTS

 

SENI
THE ARTS

 

SASTRA
LITERATURE

 

CUKLA-CUKLI
NIGHTLIFE

 

LELUNGAN
TRAVELING

 

GESANG GAGRAG ANYAR
CONTEMPORARY LIVING

 

GEGURITAN
POEMS

 

KAWERUH BASA
LEARN JAVANESE

 

PISOWANAN
CLOSE UP

 

LELANG ANTIK
AUCTIONS & ANTIQUES

 

ANJANGSANA
LINKS

 

SESAMBETAN
CONTACT

 

 

hambuka wiwaraning jiwa jawi

enliven our understanding of javanese identity

SASTRA | LITERATURE

 

 

MANEKA PETHIKAN SERAT

 


SERAT KRIDHASASTRA


Kadarpeng tyas mastutyeng mamanis,
Kumamawa angiket lukita,
Nulat pra sang ngamurweng reh,
Tan toleh bekeng kalbu,
Dera dahat ina ing kalbu,
Marmanta manrang karya,
Gita nguntir kayun,
Mung kayungyun wirayatnya,
Ri sang dwija jatining kang wasitadi,
Dinenta ya wyanjana. 


 
SERAT JAYENGBAYA


Yayah nglamong tanpa mangsa,
Hingan silarja jatine,
Satata samaptaptinya,
Raket rakiting ruksa,
Tahan tumaneming siku,
Karasuk sakeh kasrakat.

Kaenakaning ngaurip,
Nora kaya blantik jaran,
Bisa tegar esuk sore,
Durung untung wis kepenak,
Lamun ana bendara,
Anon jaran kempitanku,
Wangu rada karenan.

Utawa dina sawiji,
Lurahku lagi pasihan,
Aku menyang dhadhah dhedhe,
Dhidhis ndhepes ndhas tumampang,
Panguling uwod wangan,
Nganti turu nora weruh,
Pinenthung kyai jarangas.



SERAT PANJI JAYENG TILEM

 

Rarasing tyas sanityasa tistis,
Denta mardi mardawaning basa,
Ngayawara puwarane,
Bela-bela ing kalbu,
Inokara tan wrin ing westhi,
Rongkob gatining gita,
Ganita nir antuk,
Wartaning kang parotama,
Sinawung ing nirmala turanggajati,
Talitining carita.



SERAT WITARADYA


Raden Ngabehi Ronggowarsito
Rarasing kang sekar sarkara mrih,
Denaksama dening sang sadyarsa,
Ngawikani wengkuning reh,
Beraweng para Ratu.
Ilanga kang sesangker sarik
Rongas westhining angga
Gagating tyas antuk
Wartaning kang parotama
Sinung tengran sembah trus sukaning budi
Tataning kang carita.

 


 
SERAT PRANACITRA

 

Raras ruming sarkaranirasis
Den kapeksa mangapus pustaka
Atbuteng tyas tan wrin ing reh
Mamrih amardi kayun
Dinuk ing don nirdeya ugi
Kadayan darpa limpad
Rasikaning kidung
Sumengka ngangka pujangga
Rarasing ukara kang pinarsudi
Karya wedharing kata


 
SERAT MENAK


Pratikele wong akrami
Dudu brana dudu warna
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kelangkung
Tan kena tinimbak artha.

Tan kena tinambak warni
Ugere wong ing akrama
Amung eling dandanane
Eling kawiseseng priya
Tan kena asembrana
Kurang titi kurang emut
Yeku luput ngambra-ambra.


 
SERAT CEMPORET


Songsong gora candraning hartati,
Lir winidyan sarosing parasdya,
Ringa-ringa pangriptane,
Tan darbe labdeng kawruh,
Angranuhi wenganing budi,
Kang mirong ruhareng tyas,
Jaga angkara nung,
Minta luwaring duhkita,
Hawya kongsi kewran lukiteng kinteki,
Kang kata ginupita.

Nahan mangkya mukyaning kekawin,
Wasitadi dadya sudarsana,
Salaksananing barang reh,
Rumuruh kang rahayu,
Mangka pemut limuting budi,
Dumadi tan sangsaya,
Wahyeng wuryaningipun,
Kang pustaka raja wedha,
Winardya ring tepa palupining nguni,
Prajeng Purwacarita.

 


back to the top

 

 

Address: Jalan Ngasem 61, Yogyakarta, DIY 55321, Indonesia

Telp/Fax: +62 274450 054  E-mail: puriarca@artindonesia.org

Copyright@2008-www.artindonesia.org  All Rights Reserved