SUGENG RAWUH
Esthining manah panêmbah kulå namung dhumatêng
ngarsaning Gusti Kang Akaryå Jagad ingkang
mêngku saliring papadhang tansah ambubuhi
sagunging tusnuwuh lan ngrêkså sagunging
dumadi.
Sumånggå sami hanênuwun murih kasêmbadaning
sêdyå ingkang utami sagêdå tåtå titi têntrêm
kartå raharjå sartå tinebihnå saking sadåyå
panyêluding wisayaning ngagêsang.
Pårå sutresnå kabudhayan Jawi,
Bêrandåwårtå PAWARTOS JAWI punikå karacik,
rinumpåkå tuwin kariptå botên namung mligi
kangge nglêmpakaken kawêruh ulah kabatosan
ingkang sinêngkêr ing sêrat-sêrat Jawi kinå
titilaranipun para lêluhur kita, nanging
ugi sapêrlu kangge hangonceki båså sasandhining
sadåyå piwulang kalawau ginayuh sarana imbal
wacana antawisipun kula lan panjênêngan para
maos.
Hewadene perlu kawuningan bilih pun pangriptå
sanes ahli ing babagan pambabaring sastrå
Jawi kinå ingkang ukaranipun kathah ingkang
kirang cêthå maksud suraosipun, tlêsihing
panjarwå bab têmbung-têmbung ingkang pinanggih
ing kitab-kitab Jawi kinå punika ingkang
botên kalimrah ing pasrawungan padintênan.
Ananging sadåyå piwulang Jawi
ingkang tansah
dinapur ing pralampitå titilaranipun
pårå
lêluhur kitå punika kêdah kababar
malih murih
sagêdå dipun wuningani punåpå
ingkang dados
suraosipun saenggå badhe migunani
sartå ambrêkahånå
ing akathah.
Panggêlaring sadåyå piwulang
ingkang kawursitå
ing salêbêting kitab-kitab kados
dene Primbon
tamtu wigatos sangêt supados
kitå sagêd amanggihi
usådå ingkang sampun cêtha welå-welå
abên abênan
lan tumanjanipun, dados botên
sami kinen
ambatang adêging cacangkriman
malih.
Manawi sampun kita jinggleng
maksud suraosing
sadåyå piwulang kalawau, tamtu
kita botên
badhe sami rêbah ing sêkar cêmpåkå,
tånsåh
winadungan, tinêgoran, tinutuhan,
lan kaprapalan
êrining pung sêcang, têgêsipun
amastani dhatêng
manungså ingkang tanpå nindhakakên
ing dugi
prayogi, tanpa ngati-ati, surti
tuwin riringå.
Hewadene anggenipun kita nyumêrêbi
dhatêng
suraos tuwin maksudipun ukårå
ing salêbêting
piwulang wau, pamêndhêtipun kêdah
mawi pangot
wåjå kanthi landhêping panggraitå,
inggih
punikå papadhanging pangangên-angên.
Kawontênanipun tiyang ingkang
sawêg nglamuri
among urub bramaning kasengseman
angobar-ngobaraken
håwå nafsunipun, saêstu botên
angrewes dhatêng
sawarnaning piwulang sae arupi
ulah kabatosan
ingkang sinêngkêr ing rêrangkêning
ukara
ingkang rinangkul ing saklêbêting
sêrat-sêrat
Jawi kinå punikå.
Kosokwangsulipun rumaos ecå lan
sakecå yen
anglampahi saliring pandamel
ingkang sami
nêrak anggêr-anggêr tinarajang
ing wêwalêring
kasusilan tinêbihnå saking pawartos
kabingahan.
Ananging pårå ulah katêntrêman
sakalangkung
rêsêp andulu dhatêng pårå ingkang
sami kalis
saking babandaning hawanafsu
atêgês boten
kapincut ing kabingahan kasugihan,
kamukten
lan saksaminipun. Dados gêsangipun
sampun
botên kapuråså dening ecå-sakecå
tuwin bingah
sisah, darbekipun namung tansah
anglênggahi
dhatêng ulah katêntrêman.
Pangimpun sami nothol dåyå-dåyå
kumåwantun
kêpingin ndherek ambabar piwulang
Kêjawen
ing pangajab sagêdå kabudhayan
Jawi ingkang
hadiluhung punikå sagêd kondhang
kaonang-onang
ing saindhênging jagad nåtå.
Ing wusånå, mugi bêrandåwårtå
punikå wontên
pigunanipun lan botên badhe andadosakên
ibå
kuciwaning pênggalih panjênêngan
sadåyå.
Nuwun,