
DISCUSSION FORUM-14
Ing kalodhangan iki, niyatingsun marsitakake
karsa hambuka nggelarake kahananing acara
Ritual Gamelan Jumat Legi ing Padhepokan Cahya Kawedar, Berbah,
Sleman, Yogyakarta.
Ing samadyaning pasewakan agung sawise para
rawuh padha satata jajagongan lagya rerembugan
bawa rasa ganti gumilir, dumadakan ana
kang mentala nempiling ingsun nganggo tetembungan
sarwa-sarwi saru, "'Mastoni sebagai
Penjajah dan Pengeksploitasi Budaya Jawa
untuk Kepentingan Diri Sendiri', ... sebenarnya
saya sudah lama sekali ingin bertemu langsung
dengan Mastoni ... ".
Ingsun sapandurat kagyat!
Gelar anyaran minus serat kekancingan mau
tumiba marang ingsun mak nyusss!
Bawa rasa kang prayogane kanggo ngrembug
babagan kasuksman, tatalering jiwa kanggo nggayuh
marang kasampurnaning urip langgeng, sakala
uwal saka rile dadi padha lelumban ing
babagan 'pangruwating' papa cintraka, ewadene
padha kadluwung.
Kamangka, ingsun iki satemene luwih taberi ngudhari
reretuning urip kang pancen kebak reretu
minangka panggayuh marang kasidan jati.
Rumangsa durung marem, banjur
ditutugake kebak pangundamana ngalor ngidul bab 'dosa-dosane'
bapa biyung ingsun, kang ingsun dhewe satemene ya durung sepiroa
pana saka suwene anggen ingsun ngulandara. Tembung-tembung sarwa ala terus mbrubul
kaya laron metu saka lenge ...
Saka antariksa banjur kapireng kapirangu swara pating
grubug, swara nganeh-anehi pating krincing. Ing awang-uwung banjur
katon Cahya Kawedhar: wahana pepindhane kreta kencana
mawa sesotya gumebyar pating kerlip ambalerengi,
rinakit swaraning upacara, gawe cingaking
tyas ingsun.
Wusana katon cetha ngegla, jebul sesawangan
ing swasana surem padhanging Sang Bhagaskara
mau pancen kreta kencana rukmi tinitihan
dening para peri prahyangan, dadi praboting
jejunggule para dhanyang nungsa Jawi. Ingsun tamu kudu ngajeni ndara tuwan rumah,
mula panyaruwe 'bocah wingi sore sing
wis rumangsa ampuh tenan, kang lagya anut
lakuning sikil, nurut sengseming driya' mau
dak tampa kanthi lila lan legawa.
Ora grusa-grusu dak tanggapi, nanging dak
thinthingi, dak taliti, dak teter lan dak
goleki dhisik sari pathine tetembungan
mau kanthi migunakake gegondhelan kang gumathok.
Apamaneh para rawuh kang padha satata lenggah
ing kono kabeh ya wis padha ngerti pawongan kagunem sakepenake
udel kuwi satemene ya sapa.
Eman banget, eman banget yen adicara kang kudune sarwa adi, sarwa
peni lan sarwa suci mau banjur owah dadi pepedut lan pepeteng,
sangsaya ngedohi wawan sabda tanpa rasa pangrasa kaalusaning bebuden
kadya
ing madyantara alam pangrantunan. Sawise sinartan ana
sawatara kang uga melu nandang prihatin,
pranyata acara mau durung tumapak lan mahanani
alam kawursitan ngudi luhuring cipta,
nindakake pakarti dharma.
Nanging ingsun uga rumangsa begja banget
bisa nemoni kedadeyan mangkono
mau, tuhu bisa hanjalari tinarbukane wawasan
ingsun marang apa kang wis kajlentrehake
dening sang begawan kang pinuji rina klawan
ratri. Kabeh panyaruwe tumuju marang ingsun cetha banget bisa mujudake
waosan kang bisa disemak linambaran kaca
brenggalaning batin temahan nuwuhake rasa tentrem, marem, sarta
bisa asung pepadhang saha kamulyaning batin,
sumarambah bebarengan karo sedya lakuning
budi utama, manunggal nggayuh kreta raharjaning
bhumi.
Swasana ing acara Ritual Gamelan Jumat Legi
mujudake wewalikaning kahanan alam kasunyatan.
Lamun wengi sajatine rahina, lamun rahina
sajatine wengi. Tumraping para jin lan iblis bekasakan,
jumedhule Hyang Sasangka [rembulan]
ing kulon
mujudake pletheking rahina. Mula ing papan
kono katon regeng dening para rawuh kang
lagi bawa rasa, tinata asri cecaosan pasugatan ngrampeg rinumpaka ngresepake pandulu.
Lumrahe pasugatan mau sabangsane pala kapendhem
lawuhe gorengan ati mangkel kapendhem, sumebar
ganda arum sarining ratus binarung swaraning
gamelan angrangin angenganyut jiwa, sinambi
gunem rasa ing babagan pangawikan kelas nyamikan
nganti ndungkap pletheking Hyang Surya [srengenge]
saka wetan pratandha tumapaking rahina, ingsun kudu engal-enggal bali.
back to the top