|
|
 |
|
|
|
hambuka wiwaraning jiwa jawi
enliven our understanding of javanese identity
|
|
MEMETRI BASA JAWI
|EFFORTS
TO SAVE JAVANESE
|
|
|

MUSPRANING BASA
Basa kuwi bakal ilang muspra yen siji-sijine
wong sing bisa ngomong nganggo basa mau tilar
ndonya. Bisa uga yen penutur basa mau kari
wong loro nanging rewange terus kapundhut
Sing Kuwasa. Lha kepriye maneh arepe bisa
cecaturan yen sing diajak ngomong wis ora
ana?
Matine utawa musprane sawijining basa kuwi
sakjane wis lumrah, tegese wis asring banget
kedadeyan. Yen diwaca saka buku-buku sejarah,
akeh masyarakat kuna sing saiki wis ora ana
tapak tilas anak-turune sing isih urip, semono
uga basane melu muspra. Suwalike uga ana
komunitas anyar sing muncul bebarengan karo
anane basa anyaran sing dienggo masyarakat
mau. Basa Hittite contone, ing sajroning
jaman Perjanjian Lama basa mau musna bebarengan
karo sileme peradabane bangsa kuwi.
Ananging yen dideleng nganggo patokan sejarah
jaman mbiyen, matine basa-basa sajroning
abad iki kahanane pancen ngenggirisi banget.
Miturut prakiraane para ahli ilmu basa, ing
ndonya saiki kurang luwih ana 6.000 basa.
Saka jumlah mau, meh separo bakal ilang muspra
ing abad sing bakal teka. Kuwi ateges saben
2 minggu ana basa 1 sing mati. Horotoyoh,
apa ora marakake jithok mrinding ndeleng
kanyatan andhedhasar petungan iki.
Lho kepriye asal-usul ketemune angka-angka
mau? Ing sajroning wektu 30 warsa kapungkur,
para sarjana ahli ilmu basa-basa saka saindenging
ndonya padha rame-rame ngumpulna data. Yen
ana sawijining basa sing penuture mung kari
sethithik banget tur maneh ora ana sing ngrewes
sumadya wulang wuruk basa mau marang anak
putune, para sarjana mau bisa nemtokna yen
basa mau mesti umure wis cendhak banget.
Dadi yen penutur basa mau kira-kira mung
kari satusan wong, tamtu basa mau bakal muspra
ora suwe maneh.
Miturut data sing nate dak waca saka sawijining
sumber, yen ora salah Summer Institute of
Linguistics terbitan Pebruari 1999, ana kira-kira
50-an basa sing penuture mung kari wong siji
ndhil ijen plek ora ana rewange. Saka jumlah
mau, luwih saka separone (28-an yen ora salah)
ketemune ana ing Australia dhewe. Total saka
jumlah 6.000-an basa ing ndonya, sing jumlah
penuture kurang saka 100 ewu wong kira-kira
ana 5.000-an basa. Nah!
Mawarna-warna alasan sing nyebabna matine
basa-basa mau, kayata bencana alam, asimilasi
budhaya, malah bisa uga merga sarana paten-pinaten
masal. Bencana alam kayata banjir, gunung
mbledhos, gempa bumi, weteng kluwen masal,
penyakit, lsp. mesti bae bisa mateni pendhudhuk
sing manggone ing daerah sing kapencil banget,
apamaneh yen populasine mung sethithik, kabeh
bisa kasaput maut tanpa ninggal tracak barang
sawiji, klebu basane.
Sebab liyane yakuwi asimilasi budhaya. Iki
sing paling mbebayani minangka sebab musprane
basa-basa. Krisis kelangsungan uripe basa-basa
sing nggegirisi banget kaya kagambarake nganggo
angka-angka ing ndhuwur mau umume kedadeyan
amerga saka kolonialisme sajroning wektu
500 tahun kapungkur. Ora perduli nganggo
cara dipeksa apa sukarela, sing jelas basane
kaum penjajah cetha wela-wela yen saiki wis
dadi basa sing paling dominan ing ndonya,
kayata basa Inggeris, Spanyol, Portugis lan
Perancis.
Yen dipikir-pikir mbokmanawa wis rada telat,
wis kesuwen arepe melu nylametna basa-basa
mau supaya ora mati. Apamaneh yen penutur
basa kasebut mung kari sethithik lan maneh
penduduke wonge wis tuwa-tuwa banget, utawa
yen bangsa sing nduweni basa mau luwih repot
golek isine weteng ora kober maneh mikirna
basane. Nanging ora kabeh basa kahanane wis
kritis banget kaya sing mentas bae dak kandhakake
mau. Malah saiki wis ditemokna alternatif
cara-cara kanggo nylametna basa sing nasibe
wis megap-megap kari ngenteni Gonge, yakuwi
sing jarene para ahli basa diarani revitalisasi.
Sing kapisan, masyarakat utawa
suku bangsa
pemilik basa mau kudu
nduweni karep madhep manteb melu cancut taliwanda
nguri-uri basane dhewe kanggo nylametna basa
mau saka kapunahan. Suwalike, kabeh bangsa
kudu ngregani lan melu nyengkuyung kelanggengan
uripe basa etnise dhewe-dhewe, aja nganti
basa daerah kaplindhes mati dening basa nasional.
Kanggo kaperluwan iki, tamtu dibutuhna bantuwan
dana sing ora sethithik saka pamerintah kutha
praja saperlu kanggo nyetak buku-buku pasinaon
ing sekolah-sekolah lan bahan-bahan liyane,
nggaji guru-gurune, lan sakpanunggalane.
Sing ora kalah penting, kudu bisa nyetak
kanthi jumlah sing nyukupi para sarjana sing
ahli ing babagan basa kasebut. Iki wigati
banget supaya basa mau bisa ana sing ndokumena.
Dokumen! Yakuwi sing paling wigati: basa
kasebut kudu ana dokumene sarana direkam,
dianalisa, ditulis, dicetak, disimpen, disebarna.
Pemilik basa mau uga kudu bisa nulis lan
maca nganggo basa daerahe dhewe-dhewe, ora
mung bisa ngomong bae nanging kangelan maca,
malah ora bisa nulis babar pisan (aku dhewe
sok-sok ya klagepen arepe nulis nganggo Basa
Jawa). Iki perlu yen pancen niat arepe melu
nglestarekake basane dhewe.
Cekak oase, ora mung tugase pamerentah thok,
nanging kita kabeh kajibah melu nguri-nguri
sarana taberi maca, nulis, lan cecaturan
nganggo basa daerah kita dhewe-dhewe. Aku
mesti jingkrak-jingkrak saben ana netter
sing njaluk supaya artikel sing nganggo Basa
Jawa ing beranda wartaku diterjemahna nganggo
Basa Indonesia. Ana sing nate ujar, "Mas,
tolong dong diterjemahin ke dalam Bahasa
Indonesia, gua juga dari Purwokerto tapi
gua udah kagak ngerti basa Jawa, gua 'kan
tinggal di Jakarta". Amit-amit jabang
bayi metu cindhil kecepit sandal jepit penitenan
siji mecethat sisan. Kebangeten.
Yen kita ora kepingin Basa Jawa mati, kita
kabeh kudu nduweni rasa handarbeni marang
Basa Jawa. Thukuling katresnan marang Basa
Jawa kudu tansah diipuk-ipuk, disirami kareben
tetep seger lan ngrembaka, didhangir, dirabuki,
diopeni kanthi taberi, cikben wohe ndadi.
Kita kudu nduweni rasa pangrasa yen kelangan
basa kuwi paribasane ora beda karo kelangan
sawijining spesies taneman utawa kewan langka,
maneka warnane isine planet kita iki dadi
suyut, ora tambah mundhak nanging tambah
mudhun. Ana pangunen-unen "Bahasa adalah
cermin budaya suatu bangsa", ya merga
liwat saka basa kuwi sejarahe bangsa bisa
kawiyak, semono uga identitas bangsa pamilik
basa kuwi. The world is a mosaic of visions.
To lose even one piece of this mosaic is
a loss for all of us, leres boten mbak-mbak
lan mas-mas?
Sarana mangerteni basane, akeh sing bisa
kita sinaoni ngenani pamikirane bangsa kasebut.
Kadhang-kadhang sifate praktis, kayata nalika
para ahli kedokteran bisa nemokna cara-cara
pengobatan anyaran adhedhasar saka panelitian
praktek-praktek pengobatan sing digunakna
sawijining suku pedalaman. Kadhang-kadhang
sifate bisa uga intelektual arupa kesadharan
lan pangerten sing tansaya jero ngenani asal-usul
lan sejarah peradaban bangsa-bangsa ing ndonya
iki, sing bisa kalacak patilasane sarana
dideleng saka hubungan antarane basa siji
lan sijine. Minangka tuladha akehe tembung-tembung
Sansekerta ing Basa Jawa pratandha yen hubungan
antarane bangsa Jawa lan Hindu jaman mbiyen
raket banget, ora peduli apa kanggo alasan
ala apa becik, sing jelas ana hubungan sejarah.
Nyuwun sewu, cekap semanten rumiyin mangke
dipun lajengaken malih. Wonten NYC ngriki
sampun meh jam setengah tiga dalu, wekdalipun
mapan tilem. Pareng.
back to the top
|
|
|
|
|

Address: Jalan Ngasem 61, Yogyakarta, DIY
55321, Indonesia
Telp/Fax:
+62 274450 054
E-mail: puriarca@artindonesia.org
Copyright@2008-www.artindonesia.org
All Rights Reserved
| | |
|