
DHUDHAH-DHUDHAH LINGGANING BASA
Lenggah datan jenak, obah datan kepenak prasasat linobong,
sakala manah legeg, puteg, buneg sasampunipun maos
mawarni-warni pirembagan ngengingi mulur mungkredipun basa
Jawi.
Ing antawisipun wonten ingkang paring panyendhu bilih sinau
basa Jawi punika karaosaken awrat, semanten ugi manawi katandhingaken
kaliyan basa Indonesia
ingkang
tembung-tembungipun dereng nyekapi kangge ngrembag perkawis
ingkang sakalangkung lungid, amila nasibipun basa Jawi ya
ra sah ditangisi.
Ya ra sah ditangisi yen basa Indonesia ugi sangsaya kemproh
kathah keceripun. Pamilihing lan pangrakiting
tembung-tembung, wijang wijiling wicara, saha teteh titis
tatasipun gineman sangsaya anebihi saking paugeran ingkang
sampun gumathok, cetha wela-wela pranyata boten namung
pinanggih ing antawisipun tetiyang abasa Jawi kemawon
nanging ugi ing antawisipun tetiyang abasa Indonepunsialan.
Minangka tuladha, “Industri defense kita memang tidak
capable untuk mensupply demand akan weapon-weapon baru yang
lebih sophisticated,” kapireng rinacik ndakik-ndakik dening
bapak menteri. Makaten wau ungelipun ukara ingkang
kagyaraken dening Metro TV ing sawijining wanci ratri tabuh
sewelas.
Wong cubluk mituhu wuruk. Kita sok kepranan manawi wonten
priyantun ingkang melar daya ciptanipun nggadhahi kasagedan
ngracik ukara ingkang saged andayani gampil lan gamblang
menggah ingkang dados suraosipun ukara wau, karana saking
kaprigelanipun milah lan milih tembung-tembungipun kanthi
trep lan manteb saha boten nalisir saking tatanan ingkang
sampun ajeg, tegesipun jejer lan wasesanipun cetha lan
gumathok saengga gampil dipunmangertosi dening akathah.
Kita ugi sok kepranan kapara malah remen tumut aniru-niru
cengkokipun sawatawis tiyang utawi golongan. Punika nama
limrah lan saged katampi ing bebrayan, sauger tetep
ngertos-ingertosan boten adamel wor suh anggenipun sami lung
tinampen wawan rembag antawisipun tiyang ingkang gineman lan
ingkang dipunajak gineman.
Bebasan “walik dadah sabibaripun babaran”, ing jagading basa,
sangsaya werit, rungsit, lan remit racikaning ukara, punika
kapara sok asring malah kaanggep langkung mranani, kados
nalika kita olah bebantahan ing babagan susastra,
kapitadosan, filsafat, teknologi, lsp.
Kosokwangsulipun, ukara-ukara ingkang rinacik prasaja malah
sok asring pikantuk pambiji cubluk. Manawi makaten
kawontenanipun, lajeng margi pundi ingkang kedah kita ambah?
Punapa kita kedah tumut latah aniru cengkokipun bapak
menteri kados tuladha ing inggil wau?
Yen kena digawe angel, kenapa digawe gampang, lan
kosokwangsulipun. Sangsaya prasaja anggen kita milih lan
ngracik tembung-tembung saengga saged mbrojol dados ukara
ingkang gampil dipunmangertosi, tamtu badhe wonten ingkang
milih margi sanesipun ingkang langkung ndakik-ndakik lan
karaos boten trep lan “njawani”, malah “ngarabi” utawi “nginggrisi”.
Dikotomi kados makaten punika badhe tansah wonten, ngantos
waringuten tangeh lamun badhe saged dipunewahi.
Ewah-ewahan ing basa ingkang kajurung lan kawengku dening
satunggaling golongan mawi gegondhelan nunggil kapitadosan
punapa dene pakaryan, punika kaanggep minangka sarana mangun
cap-capan saperlu kangge sangsaya ngiyataken jati dhiri
golonganipun, kadosta ing pamilihing lan panyerating
tembung-tembung ingkang beda saha membat mentule pocapan.
Boten namung pamilihing saha panyerating tembung, i.e.
ramadan, romadlon, ramadhan, hananging beda-beda
anggenipun ngungelaken tembung-tembung wau ugi anggadhahi
tujuwan ingkang sami. Cengkokipun priyantun cedhak karo watu
adoh saka ratu boten sami kaliyan priyantun Wirobrajan,
semanten ugi cengkok Kauman benten kaliyan Umbulharjo,
upaminipun.
Ngendikanipun para jamhur tamtu boten sami
kaliyan para cubluk.
Amila, “mrana-mrene” boten sami kaliyan “ndhana-ndhene”;
“sedekah” boten sami kaliyan “sodaqoh”, “musyawarah” benten
kaliyan “musyawaroh”, “istirahat” genah boten sami kaliyan “istirohat”.
Makaten ugi, “Industri defense kita memang tidak capable
untuk mensupply demand akan weapon-weapon baru yang lebih
sophisticated” punika
boten sami kaliyan “Industri pertahanan kita memang tidak
memiliki kemampuan untuk memasok permintaan akan
persenjataan baru yang lebih canggih”.
Dados pamilihing lan pangrakiting tembung-tembung saha
pocapanipun, punika saged kangge mratelakaken kinten-kinten
saking pundi utawi kalebet golongan punapa tiyang wau lan
punapa pakaryanipun.
Tumraping tetiyang ing saknjawinipun golongan wau,
pamilihing lan pangrakiting tetembungan saha pocapan lan
seratanipun ingkang karaosaken werit, rungsit, lan remit,
punika kaanggep aeng, nyleneh, mung gaya-gayaan, lan rinaos
boten perlu, prayoginipun kagantos kaliyan tembung-tembung
ingkang langkung prasaja lan gampil dipunmangertosi saben
tiyang, kajawi manawi tembung-tembungipun pancen boten
pinanggih ing basanipun piyambak.
Tumraping tetiyang ingkang rumaos kalebet ing golongan wau,
cap-capan punika kosokwangsulipun malah sangsaya hangraket
supeketaken anggenipun sami manjing raos kalebet ing
antawisipun golongan wau, tundhonipun sangsaya ngiyataken
jati dhirinipun, boten peduli tembung-tembung wau namung
badhe adamel golongan sanes muyeg sarwa-sarwi gagap-gagap
anggenipun merdeni suraosing tetembungan wau.
Lah, nggih ing riki punika nama basa ingkang tumindak
minangka “bufflegab” utawi pepalang sesambaten ingkang
badhe sangsaya anebihaken pasrawungan antawisipun golongan
satunggal lan sanesipun. Kamangka, srawung punika ingkang
dados wigatining wigatos manawi badhe njejegaken adeging
bebrayan. Pilih margi ingkang pundi?
back to the top