|
|
 |
|
|
|
hambuka wiwaraning jiwa jawi
enliven our understanding of javanese identity
|
|
MEMETRI BASA JAWI
|EFFORTS
TO SAVE JAVANESE
|
|
|

NALIKA
BASA JAWA KEKIWA
Para nupiksa ingkang minulya,
Panjenengan tamtu sampun sami nguningani
bilih basa punika sanget sesambetanipun kaliyan
bebrayan. Kalih-kalihipun wau boten saged
dipun pisah. Manawi kita badhe nggrejahi
salah satunggaling basa, punika ugi kedah
ngengeti dhateng bebrayaning basa wau, jalaran
kawontenaning bebrayan mekaten ugi ndhayani
sanget dhateng bab panganggening basa.
Nalika kita teksih dipun jajah Landi, ingriku
Landi kalampahan saged damel supening bangsa
kita dhateng basanipun piyambak. Ing wekdal
punika wau titiyang Jawi ugi boten kantun
sami katut klebet wonten ing jagad pangolahipun
parentah ndoro tuwan kolonial. Tiyang Jawi
mbaka sakedhik sami rumaos bilih basa Jawi
punika sampun boten cocog malih kaliyan bebrayan
gagrag enggal. Punika amargi saking dhayaning
panggulawentah cara sabrang Kilenan ingkang
katampi nalika semanten, saya dangu tiyang
Jawi saya renggang kaliyan tata cara Jawi
[ingkang sakawit pancen namung katujokaken
dhateng tata caraning Kraton], wasana malah
lajeng boten sekedhik ingkang nilar lan boten
mreduli babar pindhah dhateng basa lan budhaya
Jawi. Piyambakipun sami ngener dhateng jagad
Kilenan lan trekadhang ngantos boten ngertos
watesipun malih. Panggulawentah tuwin kabudhayan
Jawi dipun raos lan kaanggep boten cocog
kangge waton [kangge cepengan] nggayuh idham-idhamanipun
ing salebeting jaman gagrag enggal wau. Sasampunipun
meneer-meneer sami dhinupak saking tanah
Jawi, gentos jago kate Nihonjin ingkang njalu.
Kawontenanipun boten kathah bedanipun kaliyan
Landi. Basa Walandi dipun lintoni Basa Nippon
sarta kabudhayan kita dipun santuni cakrikipun.
Sedaya dados asipat Jepang sanadyan ingkang
mambet Kilenan inggih teksih wonten ingkang
boten dipun sirnakaken, nanging boten kathah.
Lajeng samangke, punapa angsal-angsalan kita
sasampunipun ngalami mangsa ingkang makaten
wau, langkung langkung ingkang gegayutan
kaliyan Basa Jawi?
Kabudhayan sabrang Kilenan ingkang tansah
iming-iming kanikmatan ragawi kasil mblolokaken
bangsa sadonya, klebet tiyang Jawi. Kabudhayan
Wetanan ingkang nengenaken lan kebak norma-norma
rohaniah kasingkur kaanggep asor, papanipun
lajeng kagusur minggir, kablesek ngantos
sesek ambeganipun. Tiyang Jawi piyambak kathah
ingkang ngundhamana basa Jawi punika basane
wong ndhusun. Kawontenanipun saged panjenengan
pirsani piyambak, titiyang Jawi sampun kathah
ingkang boten saged migunakaken Basa Jawi
kanthi sae, malah kapara plethat-plethot
lan blekak-blekuk anggenipun maos lan nyerat
aksaranipun, kamangka witing bisa punika
saking kulina. Tiyang Jawi samangke langkung
wasis cecaturan mawi basa Indonesia. Basa
Jawi prasasat timun wungkuk jaga imbuh ing
pamulangan-pamulangan. Manawi kawontenaning
basa Jawi kalajengaken kados wekdal samangke,
tembung lan aksara Jawi saged musna saking
lumahing bumi, kados sampun dados kasunyatan
Ramalan Jayabaya ingkang nyebataken bilih
"Tanah Jawa bakal ilang kumandhange".
Tiyang Jawi ugi kathah ingkang sampun boten
wanuh kaliyan lelagon dolanan lare, tembang-tembang
Jawi, punapa malih saged ngraosaken edi penining
suraos lan kasusatranipun. Boten sakedhik
ingkang sampun boten wanuh kaliyan cariyos-cariyos
Babad, Ringgit tuwin sanes-sanesipun. Kathah
ingkang sampun boten ngertos malih punapa
ta Wedhatama punika, Wulangreh, Tripama,
Nitisastra tuwin sanes-sanesipun. Sampun
malih ngertos isinipun utawi sinten ingkang
nganggit, mireng namanipun kemawon asring
dereng nate. Kita sami wegah mirengaken tiyang
nyekar [nembang] Macapat jalaran pancen boten
ngertos tegesing tetembunganipun. Awit saking
punika titiyang Jawi lajeng boten wanuh kaliyan
isining piwulang-piwulang ingkang kawrat
wonten ing serat-serat Jawi ngantos asring
kesupen babar pindhah bilih bangsanipun piyambak
punika sejatosipun nggadhahi tata cara ingkang
luhur drajadipun. Sasampunipun makaten, samangke
lajeng kados pundi tandhuk kita? Punapa ugi
perlu miyara lan ngopeni malih supados basa
lan kasusastran Jawi saged wangsul sae malih?
Salebetipun nimbang perkawis wau kita kedah
enget dhateng sumpah kita kala tanggal 28
Oktober 1928, ingkang sinengker ing sumpah
katiga, ingkang ungleipun makaten: Kami poetra-poetri Indonesia mendjoendjoeng
bahasa persatoean, bahasa Indonesia. Lajeng ukara punika dipun plesedaken dados
"Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbahasa
satu, bahasa Indonesia." Lha 'menjunjung bahasa persatuan' punika rak genah beda kaliyan 'berbahasa satu?' Menjunjung bahasa persatuan punika rak
ateges ngurmati basa manunggil [BI], nanging
boten ateges nyingkur punapa malih ngantos
mbuwang mak wer basa-basa wewengkon. Lajeng
samangke punapa teksih perlu nggegesang basa-basa
wewengkon [bahasa daerah]? Lan punapa sababipun
dene kathah ingkang kados sami kendel [pasif]
kemawon, boten wonten ingkang sami kepareng
nglairaken pemanggihipun ingkang gegayutan
kaliyan bab punika? Punapa sami nggadhahi
penganggep bilih sampun boten perlu malih
ngrembag bab-bab ingkang gegandhengan kaliyan
basa wewengkon tuwin kasusastranipun? Punapa
bangsa Indonesia sami karepotan sanget anggenipun
lulumban ing jagading pangambet negari [politik]?
Boten; sejatosipun kathah ingkang boten kok
namung kendel kemawon, punika boten. Saestunipun
pancen inggih wonten golongan ingkang sarujuk
lan ingkang boten sarujuk ngopeni basa-basa
wewengkon punika.
Golongan ingkang boten sarujuk ngajengaken
waton bilih basa wewengkon punika muta-watosi
badhe damel pecahing bangsa Indonesia. Jalaran
manawi basa wewengkon dipun gegesang, saged
ugi badhe nengenaken malih raosing wewengkonipun.
Mila basa wau sampun ngantos dipun uthik-uthik
malih, basa punika cekap satunggal kemawon,
inggih punika Basa Indonesia. Kajawi basanipun,
aksaranipun basa-basa wewengkon wau ugi boten
perlu dipun openi malih. Tumrap aksara Jawi
dipun criyosaken [dipun anggep] boten luwes
[praktis] tuwin rekaos dipun sinau. Awit
saking punika, sanadyan bakening namung awujud
aksara 20, nanging teksih kathah embel-embelipun.
Kathah sanget panyeda [panacadipun] golongan
wau. Awit saking punika piyambakipun lajeng
kendel kemawon amargi pancen sampun boten
ngrumaosi gadhah kawigatosan malih.
Kosokwangsulipun, tumrap golongan ingkang
sejatosipun sarujuk lan cocog manawi basa
wewengkon dipun gegesang, ugi dereng kathah
ingkang sami purun nglairaken swanten pamanggihipun.
Manawi para sedherek punika kados namung
kendel kemawon, mbokmenawi punika boten ateges
boten purun maelu, boten mreduli badhe sirnaning
basa-basa wewengkon wau, sarta boten ateges
boten nguwatosaken badhe tuwuhing pepecahan,
nanging namung ngawekani mbokbilih dipun
anggep satunggaling tiyang ingkang mendem
swasananing wewengkon lan boten ngertos tegesing
manunggiling bangsa, boten ngengeti dhateng
mobah-mosiking politik praja. Utawi kuwatos
mbokbilih wonten ingkang mastani 'rindu ingin
bernostalgia'. Tumrap ingkang gegayutan kaliyan
Basa Jawi, para sedherek wau saestunipun
namung sami nyingkiri panreka utawi pandakwa
ingkang boten damel renaning manahipun.
Kauningana, Indonesia punika wewengkonipun
sumebar awujud pulo-pulo ingkang dunungipun
pating plencat tuwin nggadhahi kabudhayan
ingkang luhur. Inggiling aosipun wau, boten
sanes inggih saking kawontenaning kabudhayan
ing saben wewengkon wau. Awit saking punika,
kangge njagi kamurnenipun, bangsa Indonesia
tansah nindhakaken reka dhaya ngegesang kabudhayanipun,
upaminipun kemawon lestantun anggenipun mulangaken
beksan, langen swara, tuwin sanesipun malih.
Nanging samangke kados pundi ingkang gegayutan
kaliyan basanipun? Punapa inggih boten perlu
dipun wigatosaken? Punapa ing sumpah 28 Oktober
1928 wau mengku suraos utawi kajeng: kedah
mejahi basa-basa wewengkon? Kejawi makaten
punapa basa Indonesia punika sampun jangkep
sampurna, tegesipun sampun saged nyekapi
kabetahan kita?
Boten. Kita sampun sami nyumerebi bilih BI
punika teksih kekirangan sanget lan teksih
wonten ing salebeting mangsa tuwuh. Miturut
pemanggih kula, inggih ing ngriki punika,
ing salebetipun mangsa tuwuh punika dununging
kuwajibaning basa-basa wewengkon anggenipun
sami kedah tumut nyampurnakaken. Basa Indonesia
punika teksih sanget kekirangan tembung-tembungipun,
saestu dereng saged nyekapi kabetahan kita.
Lha supados saged njangkepi kekirangan wau,
kita kedah nggrejahi kasugihaning tembung-tembung
ingkang sumimpen wonten ing basa-basa wewengkon
punika. Wondene asiling panggrejah wau kedah
dipun taliti, dipun wawas, kapilih pundi
ingkang pantes lan cocog kangge nglintoni
tembung-tembung manca ingkang teksih dipun
angge jalaran ing Basa Indonesia dereng wonten.
Saestu boten andadosaken agening manah menawi
saya langkung kathah anggen kita migunakaken
tembung-tembung manca, ingkang sejatosipun
ing salah satunggiling basa wewengkon sejatosipun
ugi sampun wonten lan kenging kangge nglintoni
tembung-tembung manca wau. Kula ugi pitados
bilih ngrembaka tuwin kopenipun basa-basa
wewengkon kita punika temtu boten badhe ngagru-agru
[ngongkreh-ongkreh] kalenggahanipun basa
manunggil kita. Nanging malah kosokwangsulipun,
basa-basa wewengkon ingkang saged kopen saestu
tuwin ngrembaka subur, punika temtu badhe
kathah sumbanganipun dhateng basa Indonesia
ingkang saweg tuwuh wau. Kejawi makaten ugi
boten badhe gampil dados jalaran pecahing
bangsa kita.
Saya kathahipun tembung-tembung saking basa
wewengkon ingkang mlebet dhateng BI lan kosokwangsulipun
tamtu badhe saya ageng raos melu handarbeni
kalih-kalihipun, antawisipun BI minangka
basa manunggiling bangsa tuwin basa-basa
wewengkon wau. Kawontenan punika cundhuk
kaliyan pepali ngenani Loroning Atunggal, BI lan BW lajeng saged mong-kinemong, samad-sinamadan.
Manawi sampun saged ginayuh ngancik dhateng
tataran loroning atunggal, punika tamtu badhe
saged saya ngrumaketaken raos kabangsan kita
piyambak. Tumrap perkawis punika kita saged
ngilo [mendhet tuladhan] kawontenaning negari
sanes. Wonten negari ingkang boten nggadhahi
basa manunggil nanging rakyatipun teka sami
manunggil. Kosokwangsulipun ugi wonten ingkang
basanipun setunggal nanging rakyatipun sami
pecah. Amerika Serikat punika sejatosipun
dumugi samangke dereng netepaken basa manunggilipun,
badhe ngangge basa Spanyol punapa basa Inggeris.
Sanadyan makaten, kawontenaning negari Paman
Sam pranyata boten langkung memble tinimbang
bangsa kita. Kosokwangsulipun, kathah negari-negari
ing laladan Wetan Tengah ingkang basanipun
namung Arab thok thil, nanging kawontenanipun
tansah kebak cocongkrahan boten rampung-rampung.
Adhedhasar waton makaten wau, kula sarujuk
sanget ngopeni sedaya basa wewengkon. Sarehning
basa, kapustakakan, sarta sastra [aksara],
mekaten sejatosipun tunggil jiwa, saiba badhe
saenipun menawi tiga-tiganipun wau wonten
ing satunggal-tunggaling wewengkon saged
dipun openi kanthi sae. Boten badhe kangge
mecah-mecah bangsa kita, nanging saestunipun
malah kangge nyempurnakaken lan kangge nyantosaken
kalenggahanipun kabudhayan kita.
Sasampunipun nyumerebi bab-bab kados ingkang
kula aturaken wonten kawitaning pamawas kula
wau, saestunipun perkawis basa Jawi punika
miturut raos kula, kadosdene udun ingkang
sampun badhe nyeplos. Kedah dipun openi,
dipun jampeni ngantos saras babar pindhah.
Punika namung gumantung dhateng cara kados
pundi anggen kita sami miyara kemawon. Menawi
kanthi ngantos-atos saestu temtu badhe sae
wohipun, nanging menawi ngantos boten kleresan
temtu badhe nguciwani sarta damel gela. Sampun
samesthinipun bilih salebetipun wekdal ngopeni
[mulasara] udun wau, ingriku temtu ugi badhe
nuwuhaken raos sakit, perih tuwin panandhang
ingkang nyedhihaken. Nanging ingkang nandhang
wau babarpindhah boten kenging ngraos pepes
tuwin lajeng kendel [cuek] kemawon ngantos
saya ndadosaken agenging [mbabraking] tatu
ingkang temahanipun badhe mebebayani dhateng
jiwanipun. Kula nggadhani pangajeng-ajeng
kita sampun enggal-enggal nglokro [pepes],
sampun ngantos atilar glanggang colong playu
menawi punika mangke ngantos nrenyuhi [mrangguli]
reribed. Ing wekdal samangke sampun wiwit
kathah katrangan-katrangan utawi karangan-karangan
bab kawontenaning [nasibing] Basa Jawi. Makaten
wau dados satunggaling tanda yekti, bilih
ing kalanganing bebrayan kita sampun sami
ngrumaosi bab perluning miwiti ngrembag perkawis
wau. Ing salebeting ngreka dhaya punika kita
kedah tetep awewaton janji kita kala 28 Oktober
1928, nanging kita ugi sampun ngantos ngeculaken
patokan ingkang wujud sesanti Bhineka Tunggal
Ika. Inggih amargi saking wewaton janji tuwin
cepengan sesanti punika , kita lajeng saya
langkung pitados dhateng jejibahan kita.
Makaten ugi perkawis ngopeni basa lan kabudhayan
wewengkon, punika ugi klebet sesanggen kita.
Wondene ingkang klebet kabudhayan wau, upaminipun
basa-basa wewengkon dalah kasusatranipun.
Dados samangke saya cetha bilih perkawis
wau saestunipun boten perlu dipun timbang-timbang
malih, nanging sampun terang sanget dados
satunggiling kuwajibanipun bangsa Indonesia
sadaya. Tegesipun basa-basa wewengkon lan
kasusatranipun kedah kita openi lan kita
jagi, jalaran basa lan kasusatran wau saestunipun
pancen sampun dados saperanganing kasugihanipun
kabudhayan Indonesia.
Basa Jawi punika teksih gesang. Ingkang perlu
dipun wigatosaken punika eguh pratikel punapa
ingkang saged kangge ngunggar keremenan memaos
lan nyerat basa Jawi? Manawi Basa Latin tuwin
Basa Sanskerta ingkang dipun anggep basa
ingkang sampun pejah kemawon punika teksih
lestantun dipun openi jalaran mengku kasusastran
ingkang inggil aosipun, lajeng punapa alanganipun
manawi kita inggih tumut nglestantunaken
lan ngopeni Basa Jawi, ingkang malah teksih
gesang punika, jalaran ing Basa Jawi wau
ugi mengku kasusatran ingkang sampun sepuh
sarta inggil asosipun? Basa punika dados
dhasar ingkang wigatos sanget tumrap kabudhayaning
bangsa. Manawi kita taksih ngopeni lan ngajengaken
kesenian wewengkon minangka salah satunggiling
pangipun kabudhayan kita, lajeng punapa lepatipun
manawi kita tumut ngopeni basanipun? Kita
saestu badhe keduwung menawi wonten salah
satunggaling basa wewengkon ingkang sampun
boten dipun mangertosi sarta lajeng ical
tanpa lari, amargi kawontenan mekaten wau
ateges kecalan kabudhayan ingkang aosipun
boten sakedhik tumraping kabudhayan Indonesia.
Manawi Basa Jawi ngantos ical, kita ugi badhe
nandhang kapitunan ageng, amargi saperangan
ageng kasugihaning kabudhayan kita ingkang
sampun cetha luhur punika sami boten dipun
ngertosi malih. Lajeng benjing sinten ingkang
badhe saged suka pitedhah [nerangaken] utawi
saboten-botenipun saged nyariyosaken bilih
buku buku kina Jawi punika sejatosipun isi
bab-bab ingkang wonten ing sadhengah wekdal
tetep mujudaken bab-bab ingkang wigatos?
Buku buku wau saestunipun pancen sampun isi
katrangan bab piwulang ingkang edi peni sanget
sarta wigatos kangge gegebanganing gesang
kita, kadosta politik, tataning praja, kasusilan,
kuwajibaning rakyat dhateng panuntun tuwin
negarinipun, tangkeping panuntun dhateng
rakyat, gelaring perang, tuwin sanes-sanesipun
malih, sadaya punika sejatosipun inggih sampun
dipun ngertosi para leluhur kita. Bab-bab
punika wau ugi sampun kawrat wonten ing piwulang
ingkang kapacak wonten ing buku-buku kina
punika. Kalih welas warni pitutur ingkang
sinengker ing salebeting Serat Sasanasunu
rinaos sampun anyekapi kangge nuntun panguripaning
manungsa lahir lan batin. Riptan susastra
Jawi ingkang sinerat ing Wedhatama tuwin
Wulangreh, upaminipun, isi piwulangipun sae
lan teksih migunani minangka kangge gegebenganing
ngaurip ing jaman modern samangke. Ing wusana,
Pawartos Jawi muhung nuhoni pepanggil nedya
amek geni adedamar, ngangsu kaweruh lan rerencang
andum kaweruh ingkang awujud tetilaranipun
para leluhur ingkang pethingan, supados kita
sadaya boten ngantos wonten ingkang kecalan
jati dhiri. Pancen rekasa sanget tur boten
gampang, nanging manawi sadaya namung wani
ing gampang wedi ing pakewuh, temtu badhe
sami boten ketingalan wujudipun. Lha rak
kojur kecemplung sumur ketiban susure simbah
Nur. Sampun njih, Mastoni nuntun dhemit,
eh nyuwun pamit.
back to the top
|
|
|
|
|

Address: Jalan Ngasem 61, Yogyakarta, DIY
55321, Indonesia
Telp/Fax:
+62 274450 054
E-mail: puriarca@artindonesia.org
Copyright@2008-www.artindonesia.org
All Rights Reserved
| | |
|