
AJINING DONGENG
Gedhene ajine dongeng tan
kinira. Pitutur utawa wewarah yen wujud dongeng luwih
gampang bocah-bocah enggone nyathet lan mangerteni. Dongeng
iku nenangi bocah dhemen mikir-mikir, angasah landheping
panyipta, anggugah rasaning bocah marang basa sarta
anggladhi bocah bisane micara utawa guneman kanthi patitis.
Kajaba iku dongeng bisa dadi
srana kang becik dhewe kanggo anggegulang bocah dhemen
ngrungokake lan mendeng pikirane marang barang sawiji,
nuntun marang laku kautaman, ngedohake marang panggawe ala,
karo dene maneh bisa ngraketake anak marang wong tuwa, murid
marang guru lan nggedheake kapitayane, kapara trekadang bisa
awet salawas-lawase.
Guru kang taberi lan tlaten
nglumpukake carita kang becik-becik banjur dicaritakake
marang para siswa, iku gedhe sawabe tumraping bebudene murid.
Ancasing piwulang dongeng iku kang perlu dhewe mulang bocah
marang kasusilan, ati bares blaka suta, tresna marang
sapadha-padha, taberi ing gawe, ngerti ing jejibahan, temen,
andhap asor, weruh ing tata krama, lll. Dene sing kanggo mulang
guneman yaiku pangrembuge dongeng dhewe sawise dongeng
kacaritakake. Murid dikon nirokake anggone ndongeng guru iku
kurang prayoga, luwih becik kala-kala dikon nyekak wosing
dongeng kanggo ajar mikir utawa nglimbang-nglimbang,
niti-niti ala becike, utawa nggoleki sebab-sebab lan
kedadeyane. Sing kaya ngono iku becik kanggo olah nalar. Ora
usah katerangake dawa-dawa, manawa guru iku anggone crita
basane ajeg katata kanthi becik, saselot-selote bocah banjur
nduweni rasa marang basa.
Manawa arep carita,
sabisa-bisane guru anggambar dhisik, awit gambar iku gedhe
banget paedahe kanggo carita. Sawise, yen ana tembung kang
perlu utawa prakara liya kang sakira bakal gawe petenging
carita, kudu diterang-terangake, banjur lagi wiwit carita
sing cetha lan alon, nanging kang sigrak aja klemar-klemer,
klemak-klemek, wiwitan kaudiya bocah-bocah padha seneng lan
manteb anggone ngrungokake, mulane aja kekerepen nganggo
tembung anu, luwih-luwih yen ana jenenge uwong, panggonan,
desa, alas, utawa katrangan wektu iku, aja pisan-pisan
diganti nganggo tembung anu. Swara lan wiraganing uwong
kudu ditirokake, wong sing dhong susah karo wong sing dhong
bungah ulat lan swarane kudu dibedakake, yen nirokake wong
nesu sabisa-bisa iya kudu nesu tenanan. Ing satengahe carita
aja pisan-pisan bocah dikon mbaleni tembung utawa ukara,
awit bocah banjur ngrasa ora seneng, temahan padha kemba
enggone ngrungokake.
Bocah-bocah padha bisa lan gelem
ngrungokake ¼ jam bae iku wis jeneng becik. Sokur bage yen bisa luwih suwe maneh.
Anggone ngrembug dongenge yen kekurangan wektu upama 5 menit,
prayoga dirembung tumuli, manawa ora rampung kena ditutugake
ing liya dina. Kang dienggo wulangan dongeng
iku sabisa-bisane sing pepak, kajupukna saka carita
warna-warna upama saka ing babad utawa lumrah saka lelakone
bocah ing saben dina. Dongeng sato kewan utawa karangan
bangsane timun emas iku mathuk banget karo aten-atene si
bocah, ananging poma aja tansah padha bae upamane dongeng
kancil nyolong timun, utawa dongeng kang lucu-lucu thok, iku
ora becik.
Aja ndongengake kang nggegirisi, kayata biyung
kuwalon, setan, gendruwo, kang saru lan kasar-kasar, kang
gawe koruping atine murid kayata ngira sakabehing wong sugih
kuwi ala, lan wong mlarat kuwi becik.Mungguh sing diwulangake iku
kudu bisa gandheng utawa sambung karo sing dikulinani bocah,
upama kahanane ing pamulangan, ing omah, ing desa, ing kutha,
ing sawah, lsp. Kajaba iku uga kena nganggo kang kasebut ing
pratelan ngisor iki, ananging ora usah kaurutake, prayogane
manut selang-selinging mangsa utawa manut usum-usumaning
dolanane bocah-bocah. Anggone mulang kaarah-araha aja
nganti cemplang, sabisa-bisa kang urip kaya kelakon temenan,
kaya iya-iyoa, aja kaya gaweyan. Panggonane dumadining salah
sawijining lelakon iku perlu diterangake nanging aja kedawan
mundhak mboseni. Anggone ndongeng aja karikaten,
tembung-tembunge kudu prasaja.
back to the top