SUGENG RAWUH
A WELCOME MESSAGE

 

GEGAYUHAN KITA
MISSION STATEMENT

 

PAMAOS KANDHA
READER'S RESPONSE

 

MEMETRI BASA JAWI
EFFORTS TO SAVE JAVANESE

 

REMBUG KITHA PRAJA
THE TALK OF THE ROYAL TOWN

 

UNDERANING PERKAWIS
TALKING POINTS

 

SENI
THE ARTS

 

SASTRA
LITERATURE

 

CUKLA-CUKLI
NIGHTLIFE

 

LELUNGAN
TRAVELING

 

GESANG GAGRAG ANYAR
CONTEMPORARY LIVING

 

GEGURITAN
POEMS

 

KAWERUH BASA
LEARN JAVANESE

 

PISOWANAN
CLOSE UP

 

LELANG ANTIK
AUCTIONS & ANTIQUES

 

ANJANGSANA
LINKS

 

SESAMBETAN
CONTACT

 

 

hambuka wiwaraning jiwa jawi

enliven our understanding of javanese identity

 

KAWERUH BASA | LEARN JAVANESE

 


PRIMBON JAWA

 

NEPTUNING DINA 

NEPTUNING PASARAN

Ahad   =  5 

 Legi       =  5 

Senen  =  4 

 Pahing   =  9 

Selasa  =  3 

 P o n     =  7 

Rabu    =  7 

 Wage    =  4 

Kemis  =  8 

 Kliwon   =  8 

Jum'at  =  6 

 

Sabtu   =  9  

 

DINA KALAHIRAN SARTA PANGURIPANE
Minangka pinuju kalairanipun kapendhet saking gunggungipun neptu dinten lan pasaran, lajeng dipun wuwuhi kalawan neptunipun sasi:

 

Muharram
neptunipun setunggal

Rajab
neptunipun tiga

Shafar
neptunipun tiga

Sya'ban
neptunipun gangsal

Rabi'ulawal
neptunipun sekawan

Ramadhan
neptunipun enem

Rabi'ulakhir
neptunipun enem

Syawal
neptunipun setunggal

Jumadi'lawal
neptunipun  pitu

Zulkaidah
neptunipun kalih

Jumadi'lakhir
neptunipun kalih

Zulhijjah
neptunipun sekawan

Kapendhet saking neptunipun sasi kalairan, Sakmenika gunggungipun wau menawi langkung saking 10, lajeng ditilar 9, pinten sisanipun. Menawi sisa :

2 utawi 6, menika wiji Lor, kang dados panguripanipun dagang, sanadyan kalih liya-liyanipun sampun benten kaliyan dagang.

3 utawi 5, menika wiji kilen, panguripanipun laku Santri, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Santri.

1 utawi 4, menika wiji Wetan, panguripanipun lakui priyayi, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Priyayi.

7 utawi 8, menika wiji Kidul, panguripanipun among tani, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan among tani.

9, menika dipun wastani : tanpa tenggak tanpa siran, inggih menika wiji Raja, watakipun boten kenging dipun perintah, malah mrentah.


PETUNG PANCA SUDA


WATAKING MANUNGSA SAKA DINA KALAIRANE

Dina Ahad  

  • Legi, Sumur Sinaba 

  • Paing, Wasesa Sagara 

  • Pon, Bumi Kapethak 

  • Wage, Satria Wibawa 

  • Kliwon, Lebu Katiyub Angin 

Dina Kemis  

  • Legi, Satria Wibawa 

  • Paing, Lebu Katiyup Angin 

  • Pon, Satria Wibawa 

  • Wage, Tunggak Semi 

  • Kliwon, Bumi Kapethak 

Dina Senen  

  • Legi, Tunggak Semi 

  • Paing, Wasesa Sagara 

  • Pon, Sumur Sinaba 

  • Wage , Wasesa Sagara 

  • Kliwon, Satria Wirang 

Dina Jum'at  

  • Legi, Satria Wirang 

  • Paing, Tunggak Semi 

  • Pon, Lebu katiyup Anging 

  • Wage, Sumur Sinaba 

  • Kliwon, Wasesa Sagara 

Dina Selasa  

  • Legi, Wasesa Segara 

  • Paing, Satria Wirang 

  • Pon, Satria Wibawa 

  • Wage, Lebu Katiyub Angin 

  • Kliwon, Sumur Sinaba 

Dina Sabtu  

  • Legi, Bumi Kapethak 

  • Paing, Satria Wibawa 

  • Pon, Wasesa Sagara 

  • Wage, Satria Wirang 

  • Kliwon, Tunggak Semi 

Dina Rebo  

  • Legi, Sumur Sinaba 

  • Paing, Wasesa Segara 

  • Pon, Bumi Kapethak 

  • Wage, Satria Wibawa 

  • Kliwon, Lebu Katiyub Angin 

 

 *Nyuwun gunging pangaksami bilih wonten ngandhap punika mawi Basa Jawi ngoko.


PETUNG PANCASUDA
Kangge nikahake temanten.
Ing ngisor iki petungan ala beciking dina kang prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake panganten, miliha dina kang becik kanggo nikahan. Anjupuka neptuning dina lan neptuning pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau kudu awewaton neptu-neptu kang kang tumrap petungan Pancasuda-Ringkes, yakuwi: 

NEPTUNING DINA 

NEPTUNING PASARAN

Ahad
neptune 3 

Legi
neptune 2 

Senen
neptune 4 

Pahing
neptune 3 

Selasa
neptune 5 

P o n
neptune 4 

Rabu
neptune 6 

Wage
neptune 5 

Kemis 
neptune 7 

Kliwon
neptune 1 

Jumat
neptune 1 

 

Sabtu
neptune 2  

 

Lamun gunggungan saka neptuning dina lan neptuning pasaran mau tinemu wilangan :

  • 7,  iku tiba petungan : Nuju Padu, watake panganten utawa wong tuwane tansah tukar padu nganti salawase .

  • 2 utawa 8, iku petungan : Demang Kandhuruhan, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu lara.

  • 3 utawa 9, iku petungan : Sanggar Waringin, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu bungah lan seneng.

  • 4 utawa 10, iku petungan : Mantri Sinaroja, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu karaharjan lan kasenengan.

  • 5 utawa 11, iku petungan : Menjangan Ketawan, watake panganten utawa wong tuwane sok kelangan utawa wong akeh sok ana kang duwe niat ala marang dheweke.

  • 6 utawa 12, iku petungan : Nuju Pati, watake panganten ora suwe, bakal pegat mati utawa pegat urip, tur akeh kasusahan kang tinemu.

SEJARAH DINTEN PEKENAN WULAN TAUN

PAWUKON SA'AT TUWIN WINDU

Kanjeng Nabi Idris saweg jumeneng Nata wonten ing nagari Malebari, punika karsa angleluri, anulad amastani dinten. Semanten etanging taun surya 1020 taun awit saking Kanjeng Nabi Adam. Ing ngandhap punika pratelanipun dintenSamsu, Kammar, Marih, 'Atarit, Mustari, Johar lan Jokal  Punika panganggitipun dinten ingkang kaping sepisan.

Nomer kekalih Kanjeng Nabi Idris, saweg jumeneng Nata wonten nagari ing Babel, lajeng Kanjeng Sultan Harmasulhakim, karsa anganggit amastani adamel dinten malih, anuju ing taun surya 1028. Ing ngandhap punika pratelanipun dinten Awal, Ahwal, Dibar, Jibari, Munisa, 'Arobah lan Sayar. Punika panganggitipun dinten ingkang kaping kalih. Ing ngandhap punika etangan warsa:

Kamal, Sur, Joja, Sirtan, 'Asat, Sunbullah, Mijan, Akrab, Kus, Jadi, Dalwi, Kut

 

Wonten ing P. Jawa ingkang jumeneng Nata Sri Maha Raja Buddhawaka, negari ing Gilingwesi, anenulad anganggit dinten, ingakng setunggal dinten 5, kekalih dinten 7, tetiga wanci 5 dipun wastani sa'at, sakawan masa, panganggitipun Resi Raddhi sakawan wau sinangkalan : Masa angler manglar (taun 296)

Dinten 5

Legi

Paing

Pon

Wage

Kliwon

Dinten 7

Radite

Soma

Anggara

Buddha

Respati

Sukra

Saniscara

Wanci 5

Maheswara

Bisnu

Brahma

Sri

Kala

Masa 12:

Kartika 

Pusa 

Manggasri

Sitra

Manggakala 

Naya 

Palguna 

Wisaka

Jita 

Srawana 

Padrawana 

Asuji

Jumeneng Ratu Rama ing Ayodya, Kraton binathara, ambawahaken tanah Hindhu sadaya, pujangga tetiga, sami anganggit lambang piyambak-piyambak, dipunwastani windu, panganggitipun windu, empu tetiga wau, sinangkalan : Rasa warna suci (446)

Windu anggitanipun Resi Walmiki: 

Windu Adi 

Windu Sancaya 

Windu Kunthara 

Windu Sangara

Windu Kawanda 

Windu Wahana 

Windu Sangkaya 

Windu Pranila

Windu Tirta 

Windu Antara 

Windu Manggada 

Windu Murka

Windu anggitanipun Resi Wisakarma :

Windu Kawanda 

Windu Wahana

Windu Sangkara

Windu Pranila 

Windu Tirta 

Windu Tirta

Windu Manggada 

Windu Murka

Windu anggitanipun Resi Wasusarma

Windu Kararti

Windu Kara

Windu Setra 

Windu Karta

Windu Praniti

Windu Pranila

Dinten 7 : 

Ahad 

Isnain 

Salasa 

Arbaa 

Khamis 

Jum'at 

Sabtu

Taun 8 : 

Wawu 

Jimakhir 

Alip 

Ehe 

Jimawal 

Je 

Dal 

Be

Wulan 12 : 

Sura 

Sapar 

Mulud 

Rabi'ulawal 

Rabi'ulakhir 

Jumadilawal 

Jumadilakhir 

Rajab 

Sa'ban 

Ramadhan 

Syawal 

Dzulka'idah 

Besar

 

back to the top

 

 

Address: Jalan Ngasem 61, Yogyakarta, DIY 55321, Indonesia

Telp/Fax: +62 274450 054  E-mail: puriarca@artindonesia.org

Copyright@2008-www.artindonesia.org  All Rights Reserved