SUGENG RAWUH
A WELCOME MESSAGE

 

GEGAYUHAN KITA
MISSION STATEMENT

 

PAMAOS KANDHA
READER'S RESPONSE

 

MEMETRI BASA JAWI
EFFORTS TO SAVE JAVANESE

 

REMBUG KITHA PRAJA
THE TALK OF THE ROYAL TOWN

 

UNDERANING PERKAWIS
TALKING POINTS

 

SENI
THE ARTS

 

SASTRA
LITERATURE

 

CUKLA-CUKLI
NIGHTLIFE

 

LELUNGAN
TRAVELING

 

GESANG GAGRAG ANYAR
CONTEMPORARY LIVING

 

GEGURITAN
POEMS

 

KAWERUH BASA
LEARN JAVANESE

 

PISOWANAN
CLOSE UP

 

LELANG ANTIK
AUCTIONS & ANTIQUES

 

ANJANGSANA
LINKS

 

SESAMBETAN
CONTACT

 

 

hambuka wiwaraning jiwa jawi

enliven our understanding of javanese identity

KAWERUH BASA | LEARN JAVANESE

 

 

ARANING ANAK KEWAN

01. Anak asu arane Kirik
02. Anak banyak arane blegur
03. Anak baya arane krete utawa thengel
04. Anak babi arane gembluk utawa genjik (rada gedhe)
05. Anak bebek arane meri
06. Anak brati arane tongki/tongking/tongti
07. Anak bulus arane ketul
08. Anak cecak arane sawiyah
09. Anak celeng arane isih cilik : jagar ; rada gedhe : genjik
10. Anak dara arane piyik
11. Anak gajah arane bledug
12. Anak glatik arane cecekran
13. Anak kadhal arane tobil
14. Anak kakap arane pelak
15. Anak kethek arane kenyung utawa cenguk utawa munyuk
16. Anak kebo arane gudel
17. Anak kendhela arane senggutru
18. Anak kucing arane cemeng
19. Anak kodhok arane isih cilik: cebong ; rada gedhe : precil
20. Anak kutuk arane isih cilik: beyongan; rada gedhe: kocolan
21. Anak kidang arane kompreng
22. Anak jaran arane belo
23. Anak lele arane jabrisan
24. Anak lutung arane kowe
25. Anak lintah arane pacet ( ana sing negesi, pacet iku lintah dharat)
26. Anak macan arane gogor
27. Anak menthok arane minthi
28. Anak merak arane uncung
29. Anak sapi arane pedhet
30. Anak pelus arane sidhat
31. Anak tageh arane bekel
32. Anak tikus arane cindhil
33. Anak tuma arane kor (yen durung netes : lingsa)
34. Anak pitik arane kuthuk
35. Anak trewelu arane koyor
36. Anak warak arane plencing
37. Anak welut arane udhet
38. Anak urang arane mendres
39. Anak wedhus arane cempe
40. Anak yuyu arane beyes

KEWAN LANANG WADON SING ANA JENENGE DHEWE

Ranggah  [kewan lanang]; Menjangan [kewan wadon]
Tuhu [kewan lanang]; Kolik [kewan wadon]
Bantheng [kewan lanang];  Jawi [kewan wadon]
Mintuna [kewan lanang]; Mimi [kewan wadon]
Jago [kewan lanang]; Babon [kewan wadon]
Bence [kewan lanang]; Gemak [kewan wadon]

back to the top

 

 

 

Address: Jalan Ngasem 61, Yogyakarta, DIY 55321, Indonesia

Telp/Fax: +62 274450 054  E-mail: puriarca@artindonesia.org

Copyright@2008-www.artindonesia.org  All Rights Reserved