
TANGGAP ING SASMITA
Lungkrah sakabehing rasa sumarah anyekseni Nuswantara wus
owah saka berkah dadi papan dhangkaning pancabakah,
kaya-kaya manungsane rumangsa wis ora saguh yen kudu tetep
puguh mikukuh angrengkuh tata raharjaning laku kang rinasa
rubuh.
Amila, kula ingkang sarwa-sarwi cubluk ing panggraita
keparenga tumut lumaku saparan-paran, tambuh lenging sedya
anyambungi laksitaning carita madosi tatalining gesang.
Boten ateges ngrokok cendhak neges-negesi punapa dene
cumanthaka angguroni wong tuwa kanthi kekudung wedha manawi
ing kalodhangan punika.
Ngrembag perkawis gesang, kula lajeng kemutan satunggaling
filosof sabrang kilen aran Descartes, ingkang ngendika “I
think therefore I am” [aku mikir, mula aku dadi kaya ngene
iki]. Nanging, miturut pamanggih kula malah kosokwangsulipun,
“I think therefore I am not” [aku gelem mikir, mula aku ora
kaya ngono kuwi]. Manungsa punika anggenipun tanggap dhateng
lingkunganipun [alam lan bebrayanipun] raket keket supeket
cathok gawelipun kaliyan kapitayan batin ingkang dados
gegondhelanipun. Pranatan ingkang kaanggep ceceg kaliyan
satunggaling wewengkon dereng tamtu ugi nyececegi manawi ugi
badhe dipuntrapaken ing wewengkon sanesipun, kapara malah
saged adamel bibrahing lingkungan.
Makaten ugi sanadyan
pranatan wau karaosaken cecek kangge wekdal sapunika,
nanging ing tembe dereng tamtu taksih saged kapundhut sunduk
prayoginipun. Minangka tuladha, sistim irigasi ing
Mesopotamia kuna pancen nyata-nyata saged damel hasil
panen dados matikel-tikel. Nanging sareng katedha dening
mangsakala, olah tetanen kanthi cara makaten wau anjalari
sangsaya kathahipun humus ingkang ical katerak dening
ilining banyu, pungkasanipun ingkang tinilar kantun kadar
sarem ingkang sangsaya dangu sangsaya numpuk, sitinipun
lajeng boten saged dipuntanemi malih.
Manungsane dadi
kekurangan pangan, tundhonipun tatanan bebrayan ing mrika
ugi tumut ambruk, sak manungsane sisan melu muspra. Punika
kedadosan 2.000 tahun kapengker saderengipun Masehi.Ing wekdal samangke saged kapendhet
tatacara olah tetanen ing antawisipun bangsa Amerika. Boten
saged dipunselaki malih, bilih Amerika saged ngasilaken
panen gandum lan jagung ingkang matikel-tikel, sistimipun
kaanggep paling sae saged nikelaken produktivitasipun siti
lan petani penggarapipun.
Kauningana, bilih sistim punika estunipun
benceng ceweng adamel risaking siti, inggih amargi namung
saged mlampah kanthi panjurung inggilipun teknologi ingkang
sarwa sarwi awis, katambah evaporasi saking katerak
ilining toya irigasi katambah tetesan oli lan solar saking
traktor kalebet maneka warni bahan kimia arupi pestisida lan
insektisida sarwa sarwi awis ugi, anjalari sangsaya icalipun
kasuburaning siti. Tundhonipun siti sampun boten saged
dipuntanemi malih kapara malah owah dados
seganten wedhi kados saged kapirsanan ing Central Valley,
wewengkon California.
Saderengipun wonten Green Peace,
saderengipun wonten ajakan Back to Nature kangge hanjagi
kaselarasan lingkungan, saderengipun wonten cagar alam
punapa dene suaka margasatwa, ingkang nyata-nyata sadaya wau
konsep impor, para leluhur kita dhuk ing wingi uni sampun
paring ular-ular dhumateng kita supados kita punika tansah
setya tuhu ngemban dhawuh memayu hayuning bawana, memayu
hayuning jagad, memayu hayuning bebrayan.
Punika wau karana para leluhur kita sami
ngrumaosi minangka satunggaling sekar ing tamansari, temahan
boten badhe kumawantun ndaratuwani tamansari aran jagad
gumelar punika, kanthi kumalancang amejahi sato kewan punapa
dene butarepan anggundhuli alas gung liwang-liwung
sakepenake udele dhewe. Punika cetha cengkah kaliyan
budaya tlatah Sabrang Kilen [Eropa & Amerika], ingkang
tansah puguh hanetebi papakem Cartesian and Newtonian, sarwa
mekanik tansah ngunggulaken teknologi lan kaprigelan nata
undha-usuking samukawis kangge mbrastha sakabehing rubeda,
lajeng ngrumaosi bilih piyambakipun punika ndara tuwaning
jagad.
Manungsa pancen diwenangke duwe karep nggayuh
rejaning donya lan bandha nanging kudu sing manut marang
krenteging ati kang resik, ora gampang katur marang dayaning
lair, ora ngaji mumpung ing kamurkan supados kita saged
nggayuh rahayuning wiwitan lan pungkasan. Katentreman
dumunung ana ing rasa. Rasa tentrem tegese rasa kang sumeleh,
rasa kang ora gawe kisruh ing kalairan.
Nuwun sewu, ingkang aran panguripan punika boten winates
namung manungsa, sato kewan lan tetuwuhan kados piwulang
sekolahan ingkang nate kita tampi.
Nanging sadaya ingkang
gumelar ing jagad punika inggih kadunungan urip. Lemah,
banyu, geni, angin, srengenge… ugi saged mobah mosik amargi
kadunungan urip.
Sawaune, ingkang wonten namung awang-uwung. Si urip mbutuhke
wadhah wujud jagad gumelar punika. Urip tanpa wadhah
sanadyan tetep bisa mobah mosik nanging prasasat kesampar
kesandhung tanpa aji. Semanten ugi si wadhah, prasasat tanpa
aji manawi sampun dipunoncati dening isi, inggih urip punika,
sampun boten saged mobah mosik malih dadi bathang. Amila,
kekalihipun punika tansah silih sinilihan samad sinamadan. Minangka
wadhahing urip kang suci mesthinie manungsa bisa nindakake
sakabehing laku kang suci. Bisoa wengku-winengku,
mong-kinemong.
Yen urip kang dumunung ing manungsa kuwi
banjur diombang-ambingke, wadhah diwengku dening rasa kang
ala, lha punika nama ora ngajeni, si isi dadi ilang regane
dadi ora ana ajine. Kamangka manungsa tumitah ing alam
donya punika bisoa dadi wali, tegese tingkah laku kang apik
aja diuwali, aja nganti uwal saka rasa kang suci resik.Raga yen
wis ora dikanggoke dening si urip, ya ditinggal glanggang
kaya wong boyongan omah, omahe sing ditinggal.
Ewa semanten
ingkang nggulawenthah inggih tetep si urip, boten sanes
inggih tetiyang ingkang taksih kadunungan urip punika. Jalma
limpat seprapat tamat, manungsa asale saka lemah bakal bali
menyang lemah, nanging aja dianggep lemah kuwi mati. Lha yen
lemah kuwi mati rak ya ora bisa nguripi tanduran, amila
manungsa punika boten saged uwal saking urip sanadyan sampun
seda.Sampun
klentu, unen-unen urip kuwi ana sing nguripi punika salah
kaprah. Ingkang leres Urip iku kang nguripi panguripan.
Urip
selawase ora ana kang nguripi nanging urip kang ijen. Wit
ing ngisor tumancep ing lemah kang mawa banyu, ing nduwur
diuripi dening srengene lan angin. Manungsa nandur pari,
jagung, tela lll. Banjur is metu wohe ganti nguripi
manungsa. Uripe kewan beda karo uripe manungsa nanging sing
beda dudu uripe mung wujude. Ubenging kahanan ing ngalam
donya tansah woten wolak-waliking tetembungan kados makaten
punika.Manungsa
gesang ing alam donya punika boten namung piyambakan.
Taksih
kathah gesang-gesang sanesipun. Jagad punika gesang. Sadaya
ingkang gumelar ing jagad punika gesang. Sampun pisan-pisan
nganggep bilih isining jagad punika pejah, kados pitakenipun
para sarjana sujana nimpuna sabrang kilen “Are we the only
life in the universe?” lajeng ngrekadaya damel maneka warni
wujud alien ingkang ngancam gesanging manungsa. Kawuningana,
bilih bangsa Amerika wiwit lenggah ing bangku teka tansah
dikandhani yen apa-apa sing asing kuwi ancaman marang uripmu,
mula sing kudu ngati-ati.
Ya yaya,
manungsa punika namung piyambakan ing alam donya. Sadaya
ingkang gumelar ing jagad punika dudu apa-apa ora ana gunane.
Manawi panjenengan percados kaliyan prayatan punika, hambok
ben swahmu tak dole, hambok ben omahmu tak nggone playon,
hambok ben bojomu tak peke.
Nuwun
sewu, jagad gumelar punika kebak ing panguripan. Punapa
kemawon ingkang kita tindakaken, punapa kemawon ingkang kita
pocapaken sadaya nggembol tanggel jawab, ing tembe tamtu
kita badhe pikantuk ganjaranipun.
Kita sampun sami uninga,
bilih sadaya ingkang gumelar ing jagad punika mad sinamadan
mong kinemong. Liripun, sadaya tumindak kita punika wonten
pengaruhipun dhumateng jagad. Ayo nek
isa saiki kabeh barang-barang dha digawe saka plastik,
nggawe kendhi saka plastik, kanthok plastik, irung plastik.
Terus nggawe sakakeh-akehe. Pungkasane piye? Jagad dadi
kebak uwuh saka plastik kang ora isa bosok tetep bakal ana
ing kono selawase. Lajeng kita boten saged malih mancing ing
kali Mbedhog, tiyang sami rangu-rangu ajrih manawi badhe
nedha ulam saking kali Ciliwung punapa dene kali Brantas.
Iwake akeh sing dha mati. Jinising satwa akeh sing muspra
saben dina lan manungsane taksih rumangsa pinter. Kita sami
pirsa barat sing nemoke plastik, ning apa sing nggawe
plastik kuwi paling pinter ta?
Suku Indian, Aborigin, Maori, disingkirke nek
isa dipateni dienteke sisan, merga kaanggep primitif,
barbaric, savages, delengen kae wonge dha wuda raine pating
clotheng, bodho nduwe lemah ora diapak-apake.
Barat rumangsa
dadi titah pinunjul weruh lan ngerti kudune diapake lemah
kuwi. Lemah mau pungkasane dadi rusak, saiki ganti suku-suku
mau kang nggumujeng keplege wong barat. Lemahe sing maune urip dadi mati saka
klempoken ngemplok pestisida, insektisida, herbisida lan
sida sida sanesipun wutah ing salumahing lemah mateni kabeh
kang ana ing kono. Lajeng wonten laler putih. Boten wonten
ingkang saged mejahi laler putih wau amargi boten wonten
obat-obatan ingkang mempan saged kangge mejahi laler wau lan
sadaya mengsah alami laler kadosipun sampun muspra.
Pungkasane pripun laler-laler wau, kula boten mangertos
kados pundi, mbokmanawi namung saged pejah kabeta saking
umur. Nalika kula mampir ing universitas Angkara Turki, ing
mriku sami sumliwer laler-laer puti wau. Sadaya namung
mendel kemawon, ora ngapa-apa mung dha menthelengi lalere.
Kita amung wasis dolanan ajining dhiri, tan luntur sanadyan
ginuntur dening pitutur memanuhara, tan mendha sanadyan
mawali-wali pinaringan pepali kaya bethet sewu bareng muni.
Kawula ing riki boten nedya badhe ngrokok cendhak
neges-negesi punapa dene cumanthaka angguroni wong tuwa
kanthi kekudhung wedha. Geneya kita amung wasis dolanan ajining
dhiri? Jalaran ingkang nglegani, ingkang ngampet lan ingkang
ngrudha pari peksa punika, inggih bangsane hawa nepsu
piyambak. Tuk, winih lan oyoting hawa nepsu punika boten
sanes kejawi pun aku kita piyambak, inggih punika rasa
pangrasa bisa apa-apa lan kuwasa apa-apa kita punika,
ingkang thukul, lajeng semi lan temahan ngrembaka saking
pangentha-entha kita piyambak.
Wagedipun sirep saestu
bilih latuning rasa bisa apa-apa lan kuwasa apa-apa ingkang
dumunung wonten ing telenging manah kita punika sageda kita
sirep kanthi raos andhap-asor ingkang sakelangkung ngambang,
kanthi adhedhasar boten ngemohi kanyataning lelampahan kita
ingkang nedheng kita tampi. Kados pundi anggen kita saged
ngraosaken sih katresnaning Gusti manawi kita dereng saged
mbrastha tuk, winih lan oyoting hawa nepsu punika, inggih
pun ‘aku’ kita piyambak punika? Kita kedah saged nyireb hawa
nepsu punika, supados kita saged ngraosaken sih katresnaning
Gusti dhumateng kita, tundhonipun kita saged ngraosaken.
Rongkod-rungkuding badhan kalingan dening
solah bawaning susila, Garap-gansuling lesan kalingan dening
gelem angalah wicara [kasaluru ing ujar saru], warna ala
kalingan dening ati sareh [ora sembada], sifat kuciwa
kalingan dening nitya sumeh [kang darbe cacad] Masa borong
ing panganggo, aku derma amedharake bae, dadi mung atur
pepuji marang kang kasdu amarsudi, muga mga padha bisoa
anglakoni. Obahing badhan kudu angarah-arah, kedaling lesan
kudu angirih-irih, empane mawa papan, patrape kanthi deduga
prayoga, tumanduk panimbang sawatara, tumindak kaliyan
reringa tegese angon wahyaning mangsa kala, kang pantes tiba
ing sambawa kalayan sambada.
Manawi saged anglampahi makaten,
kasebut janma patrap kena tinuladha ing kautamane kayuman
ing sakarsane.Sakabehing wong urip iku bisa srawung karo
pribadi [durung jumbuh] ana
sajroning lali utawa sare, yaiku sajroning
supena. Dene sing srawung iku
antarane mripat utawa atining angen-angen,
yakuwi rasa karo pribadi. Ing
sajroning supena pribadi bisa mawujud macem-macem:
wong liya, omah,
kewan, kembang, lsp. Sebab pribadi kuwi kuwasa,
mulane tembung supena
iku tegese sasmita sajroning sare. Dadi wigatine
wong semadi supaya
angen-angen aja makarti, disuwungna, yen
wis bisa nganti suwung temenan,
mesti banjur bisa tampa sasmita saka pribadi,
wujud gambar utawa rurupan
utawa swara. Dene tumrap wong sing wis atul
srawunge, mesti bisa tampa:
Kandha. Sasmita mangkono mau ditembungake
supena sajroning eling.
back to the top