
NGINANGA DURUNG ABANG IDU DURUNG ASAD
Mbokmanawi sampun dados wewataking manungsa,
manawi dereng wonten
lelampahan ingkang sangsara, limrahipun dereng
kraos klentu, lan sok ugi
dereng wonten krenteg gumregah badhe andadosi sababipun
nandang papa cintraka wau.
Dados nedhah-nedhahaken kasangsaran, ngertos-ngertosaken
dhateng
risaking kawontenan, bibrahing tatanan ingkang
tundhonipun damel
kapitunanan dhateng asanes, punika perlu
supados bebrayan umum saged
tumut ngraosaken lelampahan ingkang sinandang.
Manawi sampun saged kraos, yakin yen sangsara,
limrahipun lajeng gampil
dipunajak mikir punapa sababipun lan kados
pundi anggen kita saged
ngrungkeb ingkang dados gedibaling ontran-ontran,
rengka rekasaning
laku, rungsit gawating gesang ing ngalam
donya punika.
Sadaya kadadosan punika rak mesthi wonten
sabab-musababipun, pramila
punika manawi kita badhe ngundhuh woh ingkang
miraos, inggih lajeng
perlu ngengeti damel wiji utawi sabab ingkang
saged nguwoh miraos. Ing
ngandhap punika minangka tuladhanipun, sumangga
dipunlajengaken anggenipun nyemak.
Kamajengan ing Amerika kasil andadosaken
cingaking tiyang 'Ameriki'.
Tiyang sajagad ugi sami kagawokan nyawang
kawontenan ing rika. Pantes
manawi Amerika lajeng kapiji dados sekaring jagad, amila
kathah pawongan ingkang lajeng
sami ngangsu kaweruh mriku, kalebet kula
piyambak mataun-taun nyantrik ing rika, ngantos gabagen gudhigen
korengen caplaken.
Kaweruh olah praja [politik], kaweruh kaprajuritan [militer],
bebakulan [bisnis], tetanen [agrikultur], yeyasan [arsitektur],
manawi tuking kaweruh punika wau saking
Amerika temahan badhe kaanggep sarwa linangkung saestu,
dening sawatawis tiyang.
Lampahing "kamajengan" [mawi tandha petik] mliginipun ing babagan
olah cara [teknologi] pancen rikat sanget
bebasan nginanga durung abang,
idu durung asad jleg sampun dumugi pucuk.
Dalah tetiyang ingkang sami kagawokan
nyawang "kamajengan" saking wewengkon sabrang kilen punika, lagu lagehanipun inggih lajeng ketularan
nyengkok ndara tuwan landa, latah melu dadi kemlanda.
Inggih punika cara-caranipun anggenipun gesang,
tedha lan sandhang
panganggonipun, tuwin tandhang tandhuk lan
sesrawunganipun, anggenipun yasa
gegriya, anggenipun anggulawenthah pun putra-putri momonganipun, ngantos
dumugi lampahing raos
pangraosipun, sami latah aniru-niru cengkok
Amerika.
Kamangka tiyang wau gesangipun lan pasrawunganipun ing padintenan
inggih kaliyan bangsanipun
piyambak, sesangkutaning kaperluwan, betahipun
gegriya, bau sukunipun,
sandhang tedha, lsp. inggih kaliyan bangsanipun
piyambak.
Atur kula punika namung mundhut umumipun,
boten gebyah uyah. Manawi
kedah dipunurut mbaka setunggal mangke nyeratipun
tambah nggreweli
boten karuwan juntrungipun.
Bangsa ingkang dados awak-awaking kamajengan, punika inggih boten
aeng manawi lajeng katuwuhan manah hambedhedheg,
rumaos ing sajagad ngalela
dhewe. Kabeta saking raos marem wau, tundhonipun
gampil sanget
angglewang dhateng watak gumunggung.
Mangsuli bab kamajengan ing Amerika, sareng
sampun pentog, lha kok jebul
malah dharedhah, tansah pancabakah kaliyan
sok sintena ingkang boten
nuruti kekajenganipun. Punika wewatekanipun
ingkang saged kasawang
saking njawi. Hewadene ingkang kapirsanan
saking lebeting praja ngamrik rika, inggih
punika gesehipun kawontenan, ingkang sewau
bangsa Amerika rumaos bombong manahipun lan
remen
ngetingal-ngetingalaken watak sarwa-sarwi jumawa katandhingaken bangsa
asanes, sapunika malik mak grembyang.
Sayektosipun, bangsa Amerika manahipun ingkang
kala rumiyin seneng
gumbira, sapunika santun dados kebak raos melang-melang
lan was-was lan boten saged
tilem sakeca. Raos bombong sampun ewah dados
raos miris, ngrumaosi
gesangipun boten tentrem, tansah ngandhut
ketir-ketir.
Dene ingkang tansah dipunsumelangaken inggih
bangsa asanesipun,
tanggi-teparonipun, para ingkang kaanggep
mengsah bebuyutanipun, malah
ugi kalebet dhateng para mitranipun piyambak.
Upaminipun, sawanci-wanci
saged kauncalaken medal saking pandamelan,
sawanci-wanci saged kemawon
klilipen pelurune wong edan nyasar, punapa
dene serangan teroris, lsp.
Juntrungipun dados bangsa ingkang linglung kaduwung,
lajeng damel tingkah polah
ingkang sarwa-sarwi aeng saperlu narik kawigatosanipun
asanes saperlu
kangge anglelipur sakiting borok tatu ing
badhanipun piyambak.
Undhuh-undhuhanipun, dhedheran politik luar
negerinipun piyambak samangke sampun dipunraosaken rakyatipun,
malah kapara ambaleber
mangetan sami keduman paitipun. Punika sumukipun
saking ganda
kringetipun Paman Sam, nanging madunipun
kita inggih sami kecipratan,
malah sak semut irenge pisan. Lho kirang
punapa malih?
Sarehning Amerika waunipun tansah dados sesawangan,
kamangka sapunika
tetela boten gunggungaken, dipunluhuraken
dados polisi donya pranyata
boten saged nyepeng tetanggelan kawilujenganing
ngagesang ing bawana
agung, dening jagad tansah genjot, bumi gonjang-ganjing
langit
kelap-kelap negara cilik megap-megap, dhampar
palenggahaning para ngasta
pusaraning praja dados moyag-mayig, amila
lajeng damel mlengaking jagad.
Yen makaten kedah enggal madosi wonten pundi
kalentunipun. Sebab mokal
upami boten kalentu, teka ngundhuh woh ingkang
pait. Purbawasesa boten nate
cidra, boten saged dipunsulayani. Sumangga
sapunika dipuntlusur saking
wewaton punika. Mangke manawi sampun kacepeng,
lajeng kadadosaken
ancer-ancering ikhtiyar. Mumpung kita dereng
kebablasen, sumangga dipunpenggalih malih.
Bangsa Wetanan punika waunipun inggih sampun
nate ngraosaken dados
bangsa ingkang minulya lan luhur, wasana
mlorot-mlorot sarunge ngantos
kesrimpet ambruk. Sapunika badhe tangi, gumregah
tata-tata badhe murugi
ingkang saweg dados sawangan [Kilenan]. Jebul
ingkang badhe dipunpurugi
wau pranyata kemprus.
Negari kita piyambak inggih saweg mentas
ambruk, sasampunipun sumerab
lelampahan wau, lajeng kedah kemutan dhateng
lelampahanipun piyambak
jaman rumiyin. Punapa ingkang andadosaken
Singasari rambute sak untune
padha gondronge kana kene seneng cokot-cokotan
cakar-cakaran, Majapahit
pahite ora umum, Mataram ora bisa dadi *die
Mutter* [simbokne thole],
Nuswantara sakit watuk pilek kinemulan reribet?
Panjenengan tamtu sampun sami midhanget tetembungan
'De sterken zullen
leven, de zwakken zullen omkomen', ingkang
tegesipun sing kuat bakal
menang, sing ringkih bakal kleleb.
Kita sami percados unen-unen ingkang ungelipun
sinten ingkang andhedher
sae, temtu badhe ngundhuh sae, lan kosokwangsulipun.
Sampun ngantos kita rumaos kecer anggenipun
nyinau bab
ingkang katingal sepele punika.
Gondhelaning kapitayan batin ingkang
ginayuh sarana ngulir luhuring bebuden Jawi piyambak kados
sampun boten kopen. Dumugi samangke kita teksih
grayah-grayah, tumrap kabudayan teksih ketingal
sleyar-sleyor, teksih tolah-toleh mangiwa manengen remen
niru-niru. Bebrayanipun tiyang Jawi dereng ketingal maton,
dereng ketingal jangkep. Kita dereng wani nggadhahi
kekencengan lan dereng nggadhahi tekad ingkang madhep manteb
anggenipun nyengkud nengenaken basa lan sastra Jawi.
Temtunipun sok sintena kemawon ngertos, kados pundi tiyang
kok boten purun ngopeni jiwanipun piyambak, punika kados
pundi? Manawi kita saged tansah enget dhateng jati dhiri
kita piyambak, punika tamtu boten gampil dipunpaeka dening
asanes.
Menggah andharan kula punika boten pisan-pisan
badhe nisihi kalebdanipun
para ingkang sampun sami pana dhateng nglemu
olah kaprajan, nanging
namung mligi awujud sumbangan sapala, kenginga
kangge ngregengaken bebrayan Jawi. Sokur bage sewu manawi
wonten ingkang kagungan
penggalih, bilih pasumbang punika mujudaken
satunggaling bab ingkang
kenging kangge ubarampening imbal wacana.
Wondene leres-kalentunipun
pamanggih kula, saestu namung
nyumanggakaken dhateng ingkang sami kepareng
migatosaken.
back to the top