
BANYUWANGI
Boten nama aneh ing jagading olah kaprajan
ing tanah Jawi mriki, bilih wiwit jaman rumiyin
sampun asring kedadosan trajang-tinajrangan,
sander-sinander, dhupak-dhinupakan sineling
goco-ginoco, bithi-binithi, jotos-jinotos,
dugang-dinugang, tendhang-tinendhang, srampang-sinrampang,
jejak-jejakan, *jihad*, lan *sweeping*, lsp.
Punika pancen cengkah sanget
kaliyan sadaya
piwulang luhur ing budhaya Jawi.
Pusaraning
praja Jawa punika pancen wiwit
jaman baheula
sampun kawentar wingit sarta
angker, dados
papan padununganipun sato-galak
sarta gudhange
jim setan priprayangan dalah
para bekasakan,
bebasan jalma mara jalma mati
sato mara keplayu
wedi.
'Yen obah medeni bocah', suraosing tetembungan
ing lagu *dolanan* Sluku-Sluku Bathok punika
sayektosipun boten kenging damel dolanan
lajeng kagantos *Usluk-Usluk Kathok* upaminipun.
Manawi pusaraning praja geger, tamtu badhe
saged damel miris manahipun rakyat, inggih
ingkang dipunanggep taksih *bocah* punika.
Sapunika sumangga sami sesarengan mbikak
sejarah, wonten ingkang tega mentala ngracuni
ramanipun piyambak kados lelampahanipun Amangkurat
III dhateng Amangkurat II.
Ing Babad Tanah Jawi kebak isi prastawa ingkang
nggegirisi, wonten ingkang remen tsubit-tsubitan,
senggol-senggolan, rebutan tahta, bandha,
lsp. Kanthi ngilo sejarah kita saged mangertosi
kedadosan punapa ingkang sampun sinerat kala
semanten, lajeng sageda kita ingkang gesang
ing salebeting jaman gagrag enggal punika
samya anebihi kanyatan ala supados kita saged
bangsul malih dhateng piwulang-piwulang luhur
wau. Punika ingkang dados jejibahan kita
sadaya.
Bangsul malih ngrembag bab ing ngajeng wau,
lha kok saged ngantos kedadosan prastawa
ingkang sarwa-sarwi nggegirisi kadoa makaten?
Ngono ya ngono ning aja ngono. Lha wong para
pejabat pikantuk kalungguhan inggil amargi
julig, boten karana prigel anggenipun makarya,
amila boten nama aneh manawi tumindakipun
lajeng sarwa-sarwi nganyelke ati.
Pipine nyempluk, wetenge njembluk, mlakune
gliyak-gliyuk kaya munyuk sasampunipun *ngemis*,
eh kleru, pikantuk utangan saking manca,
weee ... ora ngertiya Rupiah anjlog, harga
dhirine apa wis tenan ora kajen? Itange ora
Yunaz-yunaz [utange durung lunas], apa mung
cukup ninggal katepe? Usaha mandheg karyawan
padha dipehaka sakepenake udele dhewe, apa
udele dhewe kuwi enak rasane? Ning sing ana
nduwuran mobile ajeg ganti modhel paling
gres, rombongan rame-rame lunga menyang luar
negeri nganggo dhuit rakyat nganggo alasan
urusan dinas, nyiak dhasar pejabat kampungan!
Kunjungan dinas apa bedhol desa? Lha wong
ing rombongan mau ana bojone, anake, adhike,
ibuke, pembantune, pamane, tanggane, kancane,
lsp.
Iki merga sifat serakah sing ora gelem nguwongake
liyan, rumangsane *bocah* [rakyat] kuwi bodho,
kamangka sejatine dheweke bodhone tikel sepuluh
timbang *bocah* mau. *Yen urip golek dhuwit*
aja-aja ngemu teges mumpung lungguh dadi
panguwasa [urip], goleka dhuwit sak akehe-akehe,
nyatane pancen ngono kok. Sing genah watak
memayu hayuning bebrayan agung saimit bae
ora duwe, nduwene mung watak nylekunis, yen
entuk dipek dhewe, yen luput nduding wong
liya, banjur dadi eker-ekeran tanpa rasa
wirang.
Yen *bocah* atine dadi bureng amerga kahanan,
banjur dhemen pek pinek barange pinek, njarah,
mabuk-mabukan, majeki wong mlaku, curanmor
wis kaya tumor, lsp. dheweke satemene ora
bisa disalahake, amerga ing lingkungane pancen
nyata wela-wela durung ana keadhilan, banjur
akeh sing padha ketularan rusak jiwane, ana
sing rumangsa dicilakake, diperjuangake yen
perlu nganggo kekerasan wong bengok-bengok
ya ora bakal direwes. Lha iki sing marake
ati ora tentrem.
Mesthine para pangarsane bangsa kang ngarsa
pusaraning praja, legere marang para santana
lan para narapraja, mbokyao gitu lho ah anyel
atiku, padha gelema migatekake marang watak
lan pambegan kanggo paring patuladhan. Dadi
ora cukup mung luhur ing budi, nanging uga
kudu luhur ing pakarti, ora cukup mung becik
ing lambe ndomble, nanging uga apik ing gawe.
Ora mung kandheg ing wejangan, nanging uga
dikantheni tumandang. Ora mung wasis paring
amanah, nanging uga kebak tulusing pratingkah,
ora mung micara nanging uga makarya. Cekake
luhur njaba njero, ora mung kandheg ing gagasan,
nanging nuladhani ing sakabehing laladan.
Eling dhawuh pangandikane Sri Sultan Hamengkubuwana
X?
"Yen kepingin dadi pemimpin sing demokratis
contonen banyu. Geneya kok banyu? Banyu mono
duwe sipat becik patang prakara:
Nalika ing kahanan normal, banyu kuwi mlaku
samadyane, ora nate nyingkirake barang sing
ngalang-alangi, ana watu ana wit-witan disimpangi.
Kanthi luwes kabeh pepalang mau diliwati
tanpa sabawa tanpa ngurbanake apa kang dadi
tujuwane. Kaya kaya sipat iki gampangan lan
tanpa daya, nanging ya kuwi sejatine kekuwatane.
Kang kaping pindho, segara kuwi kaya-kaya
panguwasane luwih gedhe tinimbang kali, amarga
banyune luwih akeh. Nanging sing nggumunake,
banyu segara sing dadi tuk utawa belik mesthi
ana ing sangisore banyu kali. Iki ngemu teges
yen legimitasi kekuwasaan iku kawiwitan saka
sikep sing andhap asor lan siap ngladeni
kawulane. Kabeh mau mawa imbalan, kabeh banyune
kali mesthi mili menyang segara.
Sipat utamane banyu liyane, banyu uga bisa
kanggo ngilo. Mula dadi pemimpin mono kudu
duwe laku utama, amrih bisa tinuladha kawulane.
Pemimpin kudu bisa ngilo kawulane, langkah
salangkahe pemimpin mono tansah dadi kawigatene
kawula.
Banyu uga duwe sipat mesthi kudu mili mangisor,
yaiku nggoleki babagan kang paling baku lan
wigati. Ing tengahing bebrayan agung, diwujudake
dadi rasa seneng marang sapadha-padha. Sejarah
wis nyathet, para paraga sing bisa dadi tokoh
gedhe mesthi duwe ciri tresna asih lan hurmat
marang sapadha-padha, kayata Mahatma Gandhi,
Ibu Theresa, lsp. Panguwasa nduweni jejibahan
dadi pangayom lan pangayem kawula alit."
back to the top