|
|
 |
|
|
|
hambuka wiwaraning jiwa jawi
enliven our understanding of javanese identity
|
|
CUKLA-CUKLI | NIGHT LIFE
|
|
|

TARAK
BRATA
Ngelmu
kuwi angel yen durung ketemu, bisane kalakon kudu
disranani kanthi laku
amrih kasembadane apa kang nedya dadi gegayuhane. "Ngelmu kuwi
kalakone kanthi laku",
tegese manawa arep migunakake ngelmu,
wajib disumurubi lan ditindakake kanthi temenan
sarate. Laku-laku kang dadi sarana
nggayuh, kayata sesuci badhan lan pikiran kanthi adus nganggo banyu
kembang telon, ngucapke mantra-mantra, aji-aji,
jimat-jimat lan pusaka, tansah ajeg lan taberi semedi,
nglakoni pasa, kungkum, lsp. Dene kang dikarepake pasa kaya ing ngisor iki
jarwane:
-
PASA PATI GENI: Ora mangan ora ngombe lan ora
turu, sarta manggon ana ing kamar bae, apadene
yen bengi ora kena nyumet diyan.
-
PASA NGLOWONG: Ora mangan lan ora ngombe ananging
kena turu sawetara bae lan kena lelungan.
-
PASA NGEBLENG: Ora mangan ora ngombe lan ora kena
metu saka kamar. Kenane metu mung yen kabener
seni utawa bebanyu, lan uga kena turu sawetara
bae. Laku nglowong utawa ngebleng kang wewangen
3 dina 3 bengi utawa 7 dina 7 bengi iku utamane
yen wis kari sadina nganggo dirangkepi ambisu,
yaiku ora caturan sarta manggone kudu andhewe
ana sajroning papan kang kinira ora srawungan
karo wong.
-
PASA MUTIH: Kang dipangan mung sega thok, tanpa
uyah lan lelawuhan utawa pepanganan liyane,
sarta ngombene mung banyu wantah (tawar)
bae. Wondene laku mutih kang suwene nganti
40 dina 40 bengi iku hakekate mung nyirik
uyah, yaiku ora mangan sarupane panganan
kang nganggo uyah.
-
PASA LAKU MUTIH MILANG KEPE: Tegese laku mutih
7 bengi lan pati geni sewengi sarana mutih
ing dalem sadina sawengi kang sapisanmung
mangan sega putih 7 kepel, banjur saben sadina
kasuda sakepel tumekane dina kang kaping
pitune mung kari mangan sega sakepel, nuli
katerusake patigeni sadina sawengi.
-
PASA LAKU MELEK: Ora kena turu, anggone miwiti
kudu saka wengine dhisik, banjur katerusake
rinane, upamane wiwit Jumuah sore jam 6,
rampunge Setu sore jam 6.
Wong kang arep nglakoni tirakat
iku kudu
anuceni badan lan ati dhisik,
mungguh kang
aran nuceni badan iku adus kramas
kang resik,
dene nuceni ati iku sarana nyenyuda
ubaling
nafsu. Wong kang mentas luwar
saka anggone
anglakoni, kayata mutih ngebleng,
pati geni
lan liya-liyane, iku ora kena
banjur daya-daya
mangan lan ngombe apa-apa sakarepe
dhewe,
ananging kudu di rih-rih saka
sathithik.
Wiwit kang sapisanan mung ngombe
banyu tawa
sathithik, antara sak jam lawase
banjur kena
ngombe banyu intip (intip kabakar
banjur
dicori banyu tawa). Banyu intip
iku uga diombe
mbaka sathithik. Manawa wus sawetara
weteng
ora krasa lara banjur kena mangan
bubur adhem
uga mbaka sathithik, iki mau
kabeh kudu diduga-duga
sapantese aja banjur mangan sawarege
mundhak
lara wetenge.
Saluware anglakoni manawa awake
wus kapenak
kaya adat sabene, banjur anganakake
slametan,
kang lumrah slametane sega gurih,
lawuhe
pitik utawa endhog pitik diolah
lambaran,
ujube asung dhahar Gusti, dinonganana slamet kabul.
back to the top
|
|
|
|
|

Address: Jalan Ngasem 61, Yogyakarta, DIY
55321, Indonesia
Telp/Fax:
+62 274450 054
E-mail: puriarca@artindonesia.org
Copyright@2008-www.artindonesia.org
All Rights Reserved
| | |
|