
SILAHIPUN RASA: AKU LAN PRIBADI
Saben tiyang tamtu saged ngraosaken bilih
akunipun ana. Boten wonten tiyang satunggal
kemawon ingkang cariyos aku ora ana, umpaminipun:
aku Mastoni, aku Ki Kenthir, aku babune bule
ing mancanegara, lsp. Manawi aku ana lajeng
dianggep ora ana, punika saged damel boten
renaning manah amargi ana dianggep ora ana
iki padha karo ora nguwongna aku. Sadaya
mesti kraos ana. Sami kaliyan kraos silir-silir,
punika tegesipun sumereb manawi wonten angin,
sanadyan angin boten katingal ing mripat.
Dados aku ana punika sami kaliyan aku weruh.
Weruh manawi akunipun ana. Lha aku punika
ingkang pundi?
Pancen, rasa aku punika manawi boten dipun
taliti, boten dipun padosi, boten dipun udi,
utawi boten dipun tlusur, katingalipun jeplek
kemawon. Mangga sinten ingkang rumaos akunipun
boten wonten? mongsa wontena. Saben tiyang
mesthi ngaken aku ana. Saya manawi nuju duka,
"Sapa sing kandha aku ora ana?"
Malah manawi nuju sesumbar ngedap-ngedapi
sanget, "Eee aja pisan-pisan njarak
aku lho ya. Sembrana, ...sida dak tendhang
sikil kiwa klakon modyar tenan, wong aku
je!" Malah sok wonten ingkang dhagelan,
"Hara apa ana wong kaya aku? Hla nek
ana ya dudu aku."
Manawi para maos kirang pitados, mangga dipun
rembag, mangke manawi dipun padosi, rasa
aku punika punika rak mubeng muntir, mulur
mungkret, sok-sok malah ruwet ngungkuli rambut
pliket kutahan dhawet. Cobi kula damel umpami:
Wonten tiyang ngucap makaten:
"Weee ...saumpama tanganku ora disaut
karo kancaku, aku dhek wingi ana Parangtritis
sida mati kleleb tenan. Lha ombake bareng
tekan tengah giedhi banget, gek aku ya ora
sepiroa pinter nglangi. Wah ...sujokna aku
ketulungan."
Tembung 'aku mati kleleb', aku ing ngriku
genah yen badhanipun, awit ingkang saged
pejah kleleb punika badhan.
Wonten malih ingkang cariyos:
"Wah ... lha yen mung nyumbang slawe
ewu rupiah aku isin, wong dheweke kuwi mbiyen
nalika aku dadi manten ngamplopi aku seket
ewu je!
Tembung 'aku isin', aku ing ngriku ateges
raos pangraos, awit ingkang gadhah raos isin
punika limrahipun raos pangraos.
Lajeng wonten malih tiyang criyos makaten
[ungelipun nyrempet pethikan serat Kalatidha]:
"Amenangi jaman repotnasi [reformasi],
gampang banget gawe pepati. Aku jan judheg
tenan. Para elit politik er-i saiki lambene
kok sokur njeplak tur gandane badheg kaya
jepitane tikus, omongane rujak sentul, bar
kandha ngalor sesuke jare ngidul. Sing bener
ki sing endi?"
Tembung 'aku judheg', aku ing ngriku ateges
pamikiran, jalaran tiyang punika manawi judheg,
ingkang judheg pamikiranipun, dede padharanipun.
Tuladha tigang warni ing ngajeng
wau, punika
mratelakaken rasa aku tansah
gonta-ganti
solan-salin, pangakenipun sakawit
badhanipun
['aku mati kleleb'], lajeng salin
ngaken
raos pangraosipun ['aku isin'],
lajeng salin
ngaken pamikiranipun ['aku judheg'].
Malih, wonten tiyang cariyos:
"Yen saka pamikiranku, prayogane kudu
ditemoni dhewe utawi: Rehning awakku masuk
angin, mula nyuwun pamit ora bisa jagong."
Tembung pamikirku, tuwin tembung awakku,
punika kalih tembung, pamikir + aku lan awak
+ aku. Sami kemawon kaliyan tembung omahku,
punika rak saking omah + aku, utawi gadhah
teges omah duwek aku, omah duwekku. Yen makaten
pamikirku, awakku, inggih ateges pamikir
duwek aku utawi awak duwek aku.
Hla manawi makaten, aku punika dede pamikir,
dede awak, inggih dede raos pangraos, nanging
malah ndaku, pamikir duwek aku, awak duwek
aku.
Ing ngriki cetha bilih si rasa aku madeg
piyambak, bawa piyambak, dede pamikir, dede
pangraos lan dede badhan. Lho lha yen bawa
piyambak, adeg piyambak, aku punika lajeng
ingkang pundi? Lha rak ruwet ta? Pancen janji
dipun tlusur, inggih makaten punika. Nanging
sanadyan ruwet, ambak-ambak inggih wonten
tembung ingkang kenging kangge nggrayang
aku, inggih punika: aku iki wose dudu kowe. Lho ngaten kemawon rumiyin. Lha witikna
kados pundi, wong anesipun punika pancen
awrat ngaten. Lha ya kepriben?
Rembag bab aku dipun dhep rumiyin,
samangke
gentos bab:
Sang Pribadi
Wah ning punika saya angel. Haning inggih
angela kados punapa, lah tiyang namung badhe
ngrembab kemawon kok ajrih, kamangka boten
wonten wisanipun, kojur-kojuripun rak namung
klentu utawi lepat, mangka tiyang punika
klenta-klentu rak sampun damelipun, mila
cobi dipun wiwiti, dipun rembag.
Pribadi punika genah yen boten
katingal,
kok badhe dipun rembag, harak
prasasat badhe
ngrembag langit. Aluwung langit
taksih katingal
sumeblak biru maya rinengga grembel-grembeling
mega putih memplak. Sareng jiwa,
sang urip,
sang nyawa, sang suksma inggih
sang pribadi
punika genah babar pisan pancadriya
boten
sumerab. Lha manawi dipun 'pirsani'
mawi
raos pangraos, pancen sang jiwa,
sang nyawa,
inggih si urip punika wonten.
Tiyang paseksenipun
cetha, umpaminipun: tiyang punika
nalika
taksih pinanjingan nyawa, saged
mobah mosik,
saged nangis guyu, saged manembah,
ning nggih
saged main gaple, saged ngombe
ciu barang.
Kosokwangsulipun manawi sampun
koncatan nyawa,
lajeng boten ebah, lajeng bosok,
dipun namekaken
pejah.
Sapunika wonten pepindhan: Ingkang nyawang
lan ingkang dipun sawang. Ukara kalih punika
wonten tembung jejer [subjek] lan lesan [objek].
Ingkang dados jejer si weruh, lesanipun sing
diweruhi, utawi jejeripun sing nyawang, lesanipun
sing disawang.
Upaminipun ukara "Aku weruh omah",
punika jejeripun aku, lesanipun omah, inggih
punika barang ingkang dipun weruhi. Manawi
tiyang cariyos aku weruh omah, punika tiyang
rak saged mastani utawi saged netepaken yen
omah ki ana, buktine yen ana ... lha aku
weruh!
Samangke yen wonten tiyang cariyos "Aku
iki ana", punika anane rak wonten ingkang
weruh. Kula damel upami: "Penguin iki
ana", punika ananipun rak ana sing weruh.
Ingkang weruh sinten? Ingkang weruh: aku.
Lha samangke yen aku iki ana, mesthinipun
ananipun rak wonten ingkang weruh yen aku
ana, punika mesthi ana.
Yen makaten ing ngriku, aku dados barang
ingkang diweruhi, utawi barang ingkang dipun
sawang [lesan/objek]. Lajeng ingkang weruh
[jejer utawi subjekipun], ingkang dados tukang
nyawang lan weruh yen aku ana, punika sinten?
Aku punika minangka badhanipun, sarana panca
indriyanipun saged meruhi, saged nyawang,
saged ngraosaken dhateng jagad gumelar, alam
cakrawala sak isinipun, sak mobah mosikipun.
Dene Sang Pribadi inggih sang Jiwa, inggih
Si Urip punika sarana Pribadinipun, saged
meruhi saged nguningani, saged nyawang dhateng
aku, sak krejetipun, sak mobah mosikipun.
Dados cethanipun: Aku sarana pirantosipun,
wadhahipun, inggih punika badhan sak pancadriyanipun
saged mastani saged nyawang saged ngraosaken
gumelaring jagad sak isinipun, sak mobah
mosikipun. Dene sang Pribadi, sang Jiwa,
sang Urip, sang Nyawa, minangka isinipun
wadhah wau, sarana pribadinipun saged meruhi,
saged nguningani, saged nyawang dhateng aku
sak mobah mosikipun, sak krejetipun.
Samangke saged ugi wonten pitakenan makaten:
"Rasa aku ana, sak mobah mosikipun,
sak krejetipun, punika punapa anggenipun
krasa ana boten saking pancen rasa ana piyambak?"
Dados mboten ndadak dipun weruhi utawi dipun
uningani.
Wangsulanipun: pancen, nalika aku melek utawi
boten tilem, kala-kala mobah mosik punika
pancen kraos ana, punika inggih krasa ana
piyambak, anggenipun mobah mosik inggih krasa
mobah mosik piyambak. Nanging nalika aku
menika tilem kepati, ingkang mboten ngimpi,
punapa aku krasa ana lan krasa mobah mosik?
Mangka tiyang punika nalika tilem kepati,
ingkang mboten ngimpi, mboten rumaos ana
lan mboten rumaos mobah mosik, mboten ngertos
punapa-punapa, teksih wonten ingkang ana
lan mobah mosik, lan ngertos punapa-punapa.
Samangke pitakenipun manawi wonten buktinipun?
Aku punika ananipun, sak mobah mosikipun,
sak krejotipun, dipun weruhi, dipun wuningani
ing salebeting melek lan ing salebeting tilem.
Nalika panjenengan sare lan nyupena, cobi
kula aturi ngemataken, kajawi jengandika
ngalami panandhang lelampahan salebeting
supena, yektosipun jengandika saged nyawang
sarira jengandika piyambak wonten ing salebeting
pasupenan wau kados nyawang dhateng lalampahipun
sanes, kados nyawang badhanipun sanes.
Upami jengandika mimpi mabur [fly], kajawi
jengandika rumaos kumleyang inggih saged
nyawang dhateng wujudipun sarira jengandika
nalika mabur kumleyang sasampunipun nenggak
pil koplo. Manawi jengandika supena dipun
bebujeng ninja jawa sorbanan mbeta klewang
tajem mingis-mingis, jengandika lajeng ndhelik
rumaos sampun primpen tur rapet. Anehipun
jengandika inggih saged wuninga anggenipun
sarira jengandika ndhelik ndhepis, kados
ningali dhateng polahing sanes, lan 'lucunipun'
inggih saged sumereb dhateng polahing gerombolan
sato kewan wujud manungsa wau anggenipun
madosi jengandika.
Kawontenan lan raos makaten wau, kita saged
netepaken, nalika rasa aku nandhang lalampahan
ing salebeting pangimpen, wonten pihak katelu
ingkang nguningani, ingkang nyawang. Dados
cethanipun, nalika aku ngalami lalampahan
salebeting pangimpen, wonten ingkang nguningani,
sami kemawon kados nalika aku ngalami lalampahan
salebeting melek.
Tiyang supena, punika tiyang ngalami lelampahan
wonten ing ngalam sanes, inggih rumaos ngangge
badhan, nanging inggih dede badhan ingkang
dipun angge padintenan punika. Dimakipun
utawi utekipun tiyang tilem punika kendel
mboten makarti. Hewadene sareng satangining
tilem, saged ngenget-enget ngantos cetha
gambaran lelampahan salebeting tilem. Lha
punika satunggiling tandha saksi bilih nalika
tiyang wau tilem lan nandhang lelampahan
wonten ingkang nguningani.
Samangke bukti salebeting wungu. Cobi ngenget-engeta
gegambaraning lelampahan jengandika ingkang
sampun kapengker, upami nalika dharmawisata
tindhak Tawangmangu nitih bis saking terminal
Tirtanadi, Sala. Samangke dadosing gambaran
wonten ing pamikir tamtu kados nyawang dhateng
polahing sanes.
Nalika jengandika tindhak Tawangmangu rak
lenggah wonten ing lebet bis. Kenging punapa
gagambaraning gegantan samangke jengandika
lajeng kados nyawang dhateng tiyang sanes,
inggih punika nyawang gegambaraning penumpang
bis samanten kathahe klebet jengandika piyambak
wonten ing salebeting bis ingkang lumampah
medal margi minggah mandhap?
Dados rasa aku punika ing salebeting tilem,
nyupena punapa mboten nyupena, punapa melek,
sak mobah mosikipun wonten ingkang wuningani,
ana sing meruhi.
Tandha seksi kadibyaning Pribadi: manawi
kula nuju manggih nalar ingkang ruwet, judheg
kados tiyang lumampah ingkang sampun kepepetan
margi, rumaos pamikir kula sampun mboten
saged malih ngudhari, nalar wau lajeng kula
selehaken ngantos saged kasupen. Manawi sampun
saged kasupen, satunggiling dalu manawi kula
badhe mapan tilem [adat ingkang sampun],
satangi kula lajeng manggih jawabanipun [pepadhang]
kangge ngudhari pepeting ingkang ruwet wau.
Tuladha ing inggil wau punika mratelakaken
bilih tiyang ingkang nuju kapetengan manah,
nuju kepepet satunggiling nalar ruwet, kasulitan
satunggiling lelampahan saged angsal wewengan
papadhang saking ingkang nguningani, boten
sanes inggih punika Sang Pribadi, Si Urip,
Sang Jiwa, Sang Suksma.
Tiyang manacak samadi, manekung, manembah,sembahyang,
sholat , punika wosipun mboten sanes anggenipun
badhe nyelehaken rasa aku. Manawi rasa aku
sampun saged dipun selehaken, tiyang lajeng
saged ngancik wonten ing raosing Pribadi.
It's really important to set the mind at
rest. When you set the mind at rest, you
set the body at rest. Mind and body are one.
back to the top