
CARANIPUN
NGRACUT HAWA NAPSU
Nglampahi gesang ing satengahing bebrayan
agung punika pancen gampil-gampil awrat.
Kawastanan awrat manawi pikiran punika kadhisikan
ketliweng amargi kagubel ing hawa kamurkan
lan napsu angsa-angsa. Kosokwangsulipun,
kawastanan gampil manawi kita punika sampun
saged menggalih klawan manah ingkang mardhika.
Liripun boten sulap dhateng sorot gebyaring
tata lair lan sasaged-sagedipun kedah sumingkir
saking sadaya aling-aling ingkang ngalang-alangi
jablasing pamawas ingkang wening.
Inggih jablasing pamikir ingkang menep punika
ingkang aran budi sejati, inggih punika dhaya
pamikir ingkang hambabaraken wohing wawasan
ingkang mulus, resik lan wening kadya toya,
kalis saking sadaya rereged lan blenthoning
si 'aku'. Bab punika ing jagading pewayangan
cundhuk kaliyan wewatakenipun Sang Arya Bratasena
ingkang resik lan wening kagambaraken kadya
anting-anting apanunggul sotya maniking banyu, inggih punika tentreming batos ingkang
dumunung wonten ing sireping karep.
Kekajengan utawi karep punika kedah dipun
sirep, tegesipun boten sisah tansah dipun
turuti amargi kridhaning karep punika sayekti
anglangut tanpa tepi, tebih saking pakeming
urip sejati. Samangsa teksih dereng saged
oncat saking anggenipun dados abdinipun kamelikan,
punapa dene namung nuruti puwa-puwaning manahipun,
tiyang punika gesangipun nglengkara manahipun
badhe saged rumaos jenjem tentrem.
Manawi kekajengan dipun uja tamtu
boten bakal
wonten mendhanipun kapara malah
sangsaya
ndadra tanpa wangenan. Lir pindhanipun
kadya agni murub siniram lenga patra tamtu badhe tansaya awrat panyirebipun.
Kawontenan ingkang kados makaten punika hanjalari
kathah tiyang ingkang lajeng nyingkur dhateng
Pangeranipun, sadaya polah tingkahipun sarwa-sarwi
nyimpang saking kautaman. Sanadyan ta dedeg
piyadegipun katingal gagah prakosa, nanging
kabatosanipun sok kopong kadya kapangan bubuk
[renget].
Tansah ngujeri iketaning kawaspadhan lan
kaprayitnan batos ngadhepi kalamangsa ingkang
kados punapa kemawon [kadosta mangsa bungah
utawi manawi pinuju nandhang susah], punika
dados sarat ingkang premana minangka sanguning
tiyang anglampahi gesang ing satengahing
bebrayan agung. Punapa malih manawi pinuju
kesandhung lan kejeglong ing kawontenan ingkang
boten damel renaning penggalihipun, adhakanipun
jin setan iblis bekasakan sami jejogedan
ngiming-iming kanikmatan ingkang sarwa ngenyutaken,
nanging sejatosipun kebak duraka. Inggih
kawontenan ingkang kados makaten punika ingkang
lajeng dados sumber dunungipun tiyang ingkang
gampil lirwa ing kaprayitnan lan wekasanipun
dados batur ingkang tansah tutut marang pangojok-ojok
nindhakake pakarti ingkang luwih dening nistha.
Tiyang punika manawi kepingin gesangipun
saged tentrem lan rahayu, prayoginipun samya
anggadhahi sesipatan lan pandamel patang
prakara inggih punika:
Sepisan, netepi wajibing ngaurip lan sumereb
ing wates-watesing hak wewenangipun.
Kaping kalih, tumemening ati
nyebabaken keplasing
wawasan dados jembar lan padhang
ngegla.
Kaping tiga, enthengan nindhakaken
amal,
dedana dhateng sesami tumitah
anebihi saking
suprih pamrih pribadi. Dhasaripun
sampun
mengku keyakinan utawi piyandel
manawi satingkah
polahipun manungsa punika nadyan
disingid-singidaken
kados punapa kemawon tamtu kadenangan
dening
Gusti Kang Maha Ngawuningani.
Ingkang pungkasan, welas asih.
Sesipatan
punika manjing ing alusing bebuden
linambaran
raos tresna lan remen ngaling-alingi
cacading
sanes amrih boten nandhang wirang
lan rumeksa
badhanipun piyambak sampun ngantos
kawirangan
ugi.
Hewadene hawa napsu ingkang sampun
kalajeng
mubal punika boten waged dipun
sirep kanthi
kekerasan, rodha peksa, utawi
dipun ampet
punapa dene kanthi dipun legani.
Bilih dipun
ampet, temahan badhe mbledhos
[muntab]. Bilih
dipun prusa, temahan mingser
gantos warni,
manahipun tetep peteng, tambah
reribed enggal
ingkang tanpa wusana. Bilih dipun
legani,
temahan ndadi, ngambra-ambra.
Nah rak boten
gampil ta? Jalaran ingkang nglegani,
ingkang
ngampet lan ingkang ngrudha peksa
punika
inggih bangsanipun hawa napsu
piyambak.
Tuk, winih lan oyoting hawa napsu punika
pun sayektosipun inggih 'aku' kita piyambak,
inggih punika pun 'rasa pangrasa bisa apa-apa
lan kuwasa apa-apa' kita punika, ingkang
thukul, semi lajeng ngrembaka jalaran pangantha-antha
kita piyambak. Wagedipun sirep saestu, bilih
'latuning rasa bisa apa-apa, kuwasa apa-apa'
ingkang dumunung wonten telenging manah kita
punika, kita sirep kanthi raos andhap asor
ingkang sakalangkung ngambang, mawi raos
saking raos ingkang dumunung wonten ing telenging
manah, adhedhasar boten ngemohi kanyataning
lelampahan kita ingkang nedheng kita tampi.
Ngrembag perkawis andhap asor, adatipun manungsa
kepingin angsal papan ingkang langkung inggil
tinimbang tiyang sanesipun. Manahipun mongkog
manawi angsal pangalembana saking tiyang
sanes. Inggih watak ingkang kados makaten
punika ingkang anjalari boten gampil anggenipun
nglampahi gesang kanthi andhap asor. Watak
makaten wau sejatosipun saged andadosaken
manungsanipun gampil semplah kados blarak
garing manawi kanyatanipun beda kaliyan kekajenganipun,
laraping pasemonipun lajeng peteng lir pendah
mendhung ngendhanu nguras sakehing pangimpen
kang muspra.
Boten kirang-kirang kadadosan ing ngalam
donya punika ingkang rujak sentul, satunggal
ngaler satunggal ngidul, trajang tinajrangan
sander sinander. Kala-kala ngangge dhupak-dhinupakan
lan sineling goco-ginoco, bithi-binithi,
jotos-jinotos, dugang-dinugang, tendhang-tinendhang,
srampang-sinrampang lan jejak-jejakan. Gesang
punika pancen kebak pesaingan, tiyang sami
mbudidhaya sageda ngawonaken tiyang sanesipun,
mila boten aneh manawi jagad punika boten
nate tentrem. Sadaya kedah katampi kanthi
manah ingkang sabar lan jembar. Wong ngalah
luhur wekasane. Kanjeng Nabi Muhammad nate
dhawuh "Wong ngalah iku kelangan, nanging
ngrasakake sarining rasa kang mulya. Wong
ngalap menang iku antuk [oleh], nanging mung
ngrasakake rasa kang mung sepele lan panas."
Kawuningana bilih jihad ingkang paling utama
punika merangi hawa napsunipun piyambak.
Punika boten namung cundhuk kaliyan Hadist
Riwayat Bukhari lan Muslim kados kacuplik
ing ngajeng wau, nanging ugi saged dipun
gathukaken kaliyan pangandikanipun Sang Resi
Wiyasa saking pedhalangan Cintakapura. Kinten-kinten
makaten ringkesanipun:
"Aja kaget para wayahku
Pandhawa, kowe
kabeh padha sumurupa. Aku nampa
pralambang
saka dewa, antarane Pandhawa
lan Kurawa wus
kaweca bakal manjing dadi satru
bebuyutan.
Ing mbesuk kowe bakal nemoni
paprangan gedhi
disekseni jagad gumelar sinebut
Baratayuda
Jaya Binangun."
"Sapa kang bakal menang, Mbah Wiyasa?
Pandhawa apa Kurawa?" pitakenipun Harya
Bimasena.
Resi Wiyasa njawab ririiih biyanget:
"Mangertiya ya ngger wecaning
jawata,
kang bakal unggul yaiku para
satriya kang
awatak sabar, santosa, lila,
lan legawa.
Mula wayahku, kowe kabeh bisoa
nyirep hardhaning
kanepson, dimen bisa uwal saka
sambekalaning
lelakon."
Teksih kalajengaken anggenipun
Resi Wiyasa
paring wejangan, ing ngandhap
punika ingkang
prelu dipun wigatosaken, makaten:
"Elinga ya ngger, tedhasing
panggayuh
mono kudu linambaran weninge
karsa alelandhesan
kadhewasaning kapribaden. Kowe
iku satriya
tedhaking narendra mara tapa
lan turasing
handhana warih. Ngrumangsanana
lamun sira
iku titahe Hyang Widhi Wasesa
Tunggal. Kowe
wajib sumungkem lan wedi, asih
marang Sesembahanmu.
Suwunen sih lan kamurahane kanthi
nalongsa."
"Poma den eling ngger, kasembadaning
panggayuh mono ora mung cukup
disaranani
nangis lan donga wae. Hananging
kudu kok
udi kanthi anggelar nalar lan
tumandhanging
karya. Lamun kowe wis pana ing
budhaya, dhuh
ngger, ora-orane yen kowe kasoran,
dak pepuji
amrih kowe kang bakal unggul
ing palagan
Baratayuda Jaya Binangun."
Dados boten cekap namung luhur ing budi,
nanging ugi kedah luhur ing pakarti. Boten
cekap namung becik ing lambe, nanging ugi
becik ing gawe. Boten namung kandheg ing
wejangan, nanging ugi dipun kantheni tumandang.
Boten namung wasis paring amanah, nanging
ugi kebak tulusing pratingkah. Boten namung
micara nanging ugi makarya. Cekakipun luhur
njawi lan lebetipun, boten namung kandheg
ing gagasan, nanging nuladhani ing sakabehing
laladan.
Gumolonging patrap kados ngendikanipun Resi
Wiyasa wau saged nuwuhaken sikep madhep manteb
lan jejeg netebi dhawuhing Gusti Kang Akarya
Jagad sarta anebihi sadaya pepacuhipun, tansah
eling lan saged nglarasaken tumindhak kaliyan
kedale pangucap, angleluri watak sabar marang
sakabehing pacoban ingkang tumiba, boten
kepranan dhateng sakabehing gugon tuhon utawi
anut grubyug, resik ing panyana, sepi ing
pangira ala sarta lumuh ngupadi alaning liyan,
lega lan narima dhumawahing pandum kanthi
boten nglirwakaken sengkuting pambudi dhaya.
Inggih sikep makaten wau ingkang saged mbikak
olah kridhaning raos eling saged njegur tumut
lelumban ing tatanan pasrah tanpa sumendhe
dhateng resiking nalar lan pamikir. Saben
tiyang sageda nindhakaken patrap kangge ngawekani
laku supados jumbuh kaliyan gegayuhan sarta
nuwuhaken katentreman lan karahayon, ingkang
banget saged hambiyantu nuwuhaken larasipun
bebrayan agung.
Hewadene ingkang dados bibit lan sumbering
grenjet murungaken sedya punika adatipun
tuwuh saking remen ngendhe-endhe laku. Ngendhe-endhe
nandhangi sabarang gawe njalari kencenging
tekad tansaya dangu dados kendho, temahan
nukulaken watak sungkanan, boten antepan
lan kesed. Kesed marake turu kepati. Jeneng
tanpa guna anggenipun sampun pinaringan nyawa
boten nglenggahi wajibing ngaurip. Urip punika
tegesipun rak tumandhang.
Pareng njih, Mastoni sampun manjang siti.*
*manjang siti = layah = Mastoni
sampun sayah
back to the top