
MERUHI
KAWERUH
Mangertos punika salah satunggaling bab ingkang
sesambetan kaliyan muluring pamikir, ingkang
sakawit saged mangertos sebab saking mikir
utawi mangertos sebab saking pangraos.
Sadaya kempaling pangertosan kala wau mujudaken
undhuh-undhuhan saking sumereb, kasebat kaweruh. Punika amargi asalipun saking tumanduk
ing weruh. Lha nyumerabi punika saged dipun
tegesi nanggapi dhateng ebahing indriya,
nabet saha mangertos dhateng tabet punika.
Nampi ebahing indriya saged kanthi nginjen,
mrisani, mireng, ngambet, ngraosaken, lan
nggrayangi.
Amila ing blabaraning piwulang, panglantih
sagedipun olah nalar lan guneman kanthi patitis
[njlentrehaken punapa ingkang sampun dipun
sumerabi], punika raket supeket sesambetanipun
kaliyan piwulang nyumerabi kawontenanipun
[pangrembuging] barang-barang, basa monceripun
mungel Zaakonderwijs verbonden met spreek en verstands
oefeningen.
Pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening
raos hambetahaken saha niyatipun kepingin
mangertos punika ingkang dados dhasaring
kaweruh. Saking daya pakartining pikir, kaweruh
punika lajeng nuwuhaken pangertosan.
Tuwuhing pangertosan punika boten cekap namung
saking ngapalaken utawi nirokaken isining
buku utawi saking maos reriptan ing Pawartos
Jawi upaminipun, lajeng njajal-njajal piyambak
ngiras pantes nyinau neniteni lan nggagas-nggagas
utawi nglimbang-nglimbang.
Ilmu iku kalakone kanthi laku, sadaya piwulang punika sagedipun tumanja
kedah kanthi tumandang utawi nglampahi piyambak,
boten cekap namung taberi ngemba-ngemba damel
warna-warni pitakenan, nanging kedah purun
nyobi madosi piyambak jawaban saking pitakenanipun
kalawau.
Pancen pikiran punika ingkang saged nuntun
kitanyinau kaweruh. Awit saking punika kaweruh
lelandhesan barang mesthi, tegesipun wonten
bukti mawujud nyata wontenipun lan saged
dipun buktekaken kanthi limrah, pinanggih
ing nalar saha encering pikir.
Ing kaweruh boten wonten bab ingkang winadi,
sadaya kedah dipun dhasaraken barang ingkang
mesthi. Pitados dhateng dhiri pribadi saha
pikajengan ingkang sentosa, punika ingkang
dipun betahaken kangge nyinau kaweruh, saking
tataran ngira weruh, ngaku weruh, ngantos dumugi nyata weruh utawi temen weruh [badhe kapisah kababar
ing wingking]. Sapunika badhe kula lajengaken malih anggen
kula gendhu-gendhu rasa bab kaweruh, mliginipun
kaweruh bab nalar.
Kaweruh bab nalar punika kaweruh ingkang
madosi dhateng hukum-hukumipun pikir. Nalar
gadhah kewajiban madosi dhateng cara utawi
teknikipun mikir. Ing sabrang Kilenan kaweruh
bab nalar punika dipun wastani logika, saking
tembung logos ingkang ngemu teges piwulang kangge cara
mikir ingkang mlesed, saha nyukani pitedhah
supados boten mlesed.
Pramila logika ugi dipun wastani piwulang
bab rasio utawi perbandingan, amargi logika
saweg tumindak makarya manawi wonten tiyang
mastani *anu* dipun gandheng kaliyan *anu*
sanesipun, ngantos nuwuhaken pamanggih.
Supados pikir wau ketingal, pikir wau dipun
wujudaken mawi tembung/ukara/basa. Logika
lajeng ngonceki pamanggih wau lan ngudi dhateng
ceplesipun pamanggih wau, tegesipun madosi
zhang-zhanganipun, inggih punika gandhengipun si *anu* kaliyan
pun *anu* sanesipun wau, cocog miturut nalar
punapa boten.
Sanadyan zhang-zhanganipun utawi gandhengipun wau sampun miturut paramasastra,
nanging isinipun ukara sok saged cocog lan
sok ugi saged mlesed kaliyan kanyatanipun.
Ingkang dipun wastani cocog manawi boten
mlesed. Pamanggih ingkang mlesed punika kosokwangsul
kaliyan pangertosan [upaminipun: pasagi-bunder],
utawi boten laras malah congkrah kaliyan
pengalaman sanyatanipun [upaminipun: geni-adhem].
Logika boten madosi kasunyatan awit punika
sanes wajibipun. Madosi leres utawi ngudi
dhateng sejatining bener punika dados tanggel-jawabipun
Filsafat, sanes urusanipun Logika [ingkang
mligi namung madosi bener tumrap bageyanipun],
dados benten kaliyan Filsafat ingkang madosi
bener tanpa wates, umum, mutlak.
Logika namung dados prabot kangge nitipriksa
lampahing pikir ingkang leres. Tiyang saweg
saged madosi kasunyatan utawi sejatining
bener manawi anggenipun ngedalaken pamanggih
wau boten nalisir saking nalar, inggih makaten
punika ingkang dipun wastani lampahing pikir
ingkang leres. Ngantos dumugi pundi pentog
wohipun pikir, punika boten dados obyek wawasanipun
logika.
Kados ingkang sampun kula serat lan kapacak
ingPawartos Jawi mriki riptan asesirah
Lung Tinampen, satunggaling pamanggih punika saged dipun
wujudaken sarana ngaku utawi selak, ngantebaken/positif
utawi ngorakaken/negatif, dados saged ya
utawi ora, inggih punapa boten [manawi ngedalaken
pamanggih mbokya aja karo ngeden].
Pamanggih punika rak namung keyakinan, ingkang
tiyang sanes boten kedah sarujuk, "Lho,
punika rak pamanggih panjenengan, manawi
miturut kula boten makaten ...", sanadyan
ta anggenipun ngedalaken pamanggihipun wau
kanthi lelandhesan bukti-bukti ingkang kiyat.
Dados pamanggih punika namung mahyakaken
*mbokmanawi*, sanes barang ingkang sampun
tamtu kasunyatanipun [they express probabilities rather than certainties] lan taksih ngemu suraos *kinten-kinten*
[they are subject to doubt].
Saben tiyang tamtu anggadhahi pengalaman
ingkang dipun alami piyambak. Manawi tiyang
kathah ugi nggadhahi pengalaman ingkang sami
lan hasilipun inggih sami, lajeng pengalaman
wau dipun wastani pengalaman obyektif, awit
wonten cundhukipun antawisipun pengalaman
subyektif lan obyektif ngantos tiyang saged
ngertos-ingertosan, lajeng saged linton-lintonan
pamanggih mawi dhasar nalar.
Nalar wau lajeng saged mbedakaken pundi ingkang
cocog lan pundi ingkang mlesed. Wonten ing
babagan kasusilan, tiyang saged mbedakaken
pundi ingkang leres lan pundi ingkang klentu
sarana nalar. Wonten ing pikir, tiyang saged
mbedakaken nyata lan ora nyata, cocog lan
mlesed.
Kangge ngedalaken pamanggih, tiyang saged
mastani manawi positif [ya/ngaku/ngantebaken]:
godhonge ijo. Utawi manawi negatif/ora/selak/ngorakaken:
godhonge ora ijo.
Wujudipun ingkang sanyatanipun [gagasanipun
nyata utawi nyatanipun] pancen kados ingkang
dipun tingali tiyang wau sanadyan cara nerangaken
benten. Bentenipun manawi nerangaken sarana
positif, punika genah nyata/konkrit, upaminipun:
ijo. Cetha warnanipun setunggal inggih punika
ijo, nanging saged ugi dipun terangaken manawi
*ora ijo* punika saged nggadhahi teges warni-warni,
waton boten ijem.
Manawi tiyang ngedalaken pamanggih, punika
tamtu mawi dhasar keyakinan ingkang leres
sampun kados makaten punika wontenipun, tegesipun
tiyang wau nggadhahi kemanteban tumrap bab
ingkang dipun pikir, dene pamanggih wau saged
nggambaraken keyakinanipun.
Keyakinan wau saged ngengingi punapa satunggaling
bab punika *saged kelampahan*, *boten saged
kelampahan babarpisan*, *kedah kelampahan*,
utawi *saged kelampahan dados saestu*.
Bab ingkang *kedah kalampahan*, punika tamtu
ugi *saged kelampahan*, dados boten dipun
endani lan *kedah kalampahan*, wonten ing
salebetipun kawontenan ingkang kados punapa
kemawon.
Kosokwangsulipun, bab ingkang *saged kelampahan
dados saestu*, punika ugi tansah kadosa pundi
kemawon punika *kedah kelampahan*, jalaran
manawi boten, tamtunipun bab wau boten badhe
kelampahan.
Bab ingkang *boten saged kelampahan babarpisan*,
punika boten saged kelampahan kanthi kados
punapa kemawon. Kosokwangsulipun, bab ingkang
*saged kelampahan*, punika wonten warni-warni
caranipun *kinten-kinten* saged kelampahan.
Watesipun *kinten-kinten* wau celak kaliyan
*kedah kelampahan*, nanging tamtunipun boten
saged sami kaliyan *kedah kelampahan* wau.
Ingkang boten saged dipun kinten-kinten punika
tansah *saged kelampahan*, nanging punika
watesipun celak kaliyan *boten saged kelampahan
babarpisan*, nanging ugi boten saged sami
kaliyan *boten saged kelampahan babarpisan*.
Manawi ingkang *saged kelampahan* punika
*saged kelampahan dados saestu*, inggih lajeng
dados *nyata*.
Punapa ingkang sampun nyata saestu,
punika
tansah kadosa pundi kemawon sampun
kedah
makaten. Manawi punika boten
saged dipun
tampi, sadaya ingkang nyata badhe
ical sesambetanipun
kaliyan ingkang rasional. Dados
ingkang *kedah
kelampahan* punika ugi nyata
badhe dados
nyata lan punika *kedah kalampahan*,
wonten
ing kawontenan ingkang kados
punapa kemawon.
Kosokwangsulipun, ingkang sampun dados nyata,
punika inggih *kedah kalampahan*, sanadyan
gandhenganipun boten saged dipun tedhahaken
[dipun ketingalaken]. Tiyang ngedalaken pamanggih ingkang limrah
dipun dhasaraken mawi punapa ingkang ketingal
ing mripat, upaminipun: godhonge ijo. Pamanggih
wau mawi dipun yakini saestu kanthi tamtu.
Tanpa keyakinan ingkang sentosa/pasti wau,
tiyang boten saged mikir miturut nalar/logika.
Saged ugi pamanggih wau lajeng kasusul boten
leres jalaran mripatipun goroh, nanging pamanggih
wau lajeng saged dipun leresaken, dipun ewahi
dados cocog. Nanging *caranipun* ngedalaken
pamanggih boten lepat, awit sanadyan pancadriyanipun
boten saged dipun pitados satus persen, nanging
pamanggih ewa semanten tetep pitados dhateng
keyakinanipun.
Punika amargi nalika ngedalaken pamanggih
taksih pe-dhe bilih kawontenan wau inggih
kados nalika dipun sumerebi/tingali, punika
dados dhasaripun sedaya cara mikir [ingkang
cundhuk kaliyan nalar]. Mawi dhasar punika
satunggaling pamanggih saged ngengingi bab
ingkang boten kedadosan utawi bab ingkang
dereng kedadosan. Pamanggih kados makaten
wau taksih nggadhahi teges *kinten-kinten*. Tumrap ingkang sampun *tamtu* punika ugi
nggadhahi undha-usuk. Wonten *tamtu ingkang
mesthi*, lan wonten *tamtu ingkang mesthi
boten*. Upaminipun: *tamtu ingkang mesthi*
bilih sebageyan punika langkung alit tinimbang
kaliyan wetah [the whole should always be greater than any
of its parts], punika minangka tuladha tamtu ingkang
boten saged dienyang malih, liripun jawabanipun
sampun gumathok. Punika saged damel conto
manawi badhe ngrembag bentenipun punapa ingkang
namung *pamanggih* lan punapa ingkang saged
kawastanan *kaweruh *.
Dipunwastani kaweruh manawi barang ingkang
saweg dipun pikir punika njalari kita mikir
kanthi cara tartamtu, ingkang sampun boten
saged dienyang malih. Anggen kita mikir madosi
jawabanipun arahipun tumuju dhateng jawaban
ingkang sami, boten wonten pilihan sanesipun
malih. Mila jawabanipun boten saged dipun
lebetaken dhateng ewoning pamanggih pribadi
malih, amargi saben tiyang waras mesthi sarujuk
utawi sami pamanggihipun bilih saperangan
punika mesthi langkung alit tinimbang kaliyan
ingkang taksih wetah.
Kosokwangsulipun, manawi kita taksih rumaos
bebas anggen kita mikir madosi jawabanipun,
punika taksih winates arupi pamanggih, dede
kaweruh. Minangka tuladha: "Punapa tiyang
Jawi remen dhahar gudheg?" *Temtu ingkang mesthi boten* bilih loro ping
loro kuwi padha karo lima. Tamtu-tamtu kados
nginggil wau ngengingi babagan ingkang abstrak
lan tumrap barang-barang ingkang wujudipun
sarana dipun sukani pangertosan/definisi,
mila abstrak/boten nyata.
Benten kaliyan babagan ingkang konkrit/nyata.
Wonten ingriku, sanadyan tamtu, nanging taksih
wonten mlesedipun. Manawi wonten mendhung
lelimengan, kula sanjang "Wah udan",
sanadyan kula saged lepat, nanging sekedhik
sanget amargi limrahipun inggih jawah saestu,
mesthi udane. Nanging sanadyan namung sakedhik,
kula ugi saged mlesed, sareng wonten angin
ageng, mendhungipun ical, boten saestu jawah
... weee ngapusi mendhunge!
Nanging ugi wonten kawontenan ingkang tamtu
kenging dipun temtokaken nyata saestu, upaminipun:
sepur Taksaka mangkat saking
Yogya tujuwanipun dhateng Jakarta, punika tamtu ingkang kenging dipuntemtokaken nyata
saestu badhe dumugi Jakarta, awit umumipun
badhe dumugi Jakarta.
Nanging ugi wonten malih kawontenan bilih
katemtuan wau gumantung saking ingkang ngendika
piyambak. Upaminipun kados conto kula ing
ngajeng: "Wah hawane kok adhem biyanget",
kamangka ingkang dipun ajak wicantenan saweg
kringeten gobyos.
Dados saged dipun tetepaken bilih wonten
ing babagan konkrit/nyata, bab tamtu punika
taksih saged dienyang, nanging wonten ing
babagan ingkang abstrak/boten nyata, bab
tamtu punika sampun boten saged dipun awis
malih, fixed price, tamtu nggih tamtu, nanging,
sepisan malih nanging ... manawi sampun
sami cocogipun ing bab definisinipun. Tegesipun,
manawi pangertosanipun boten saged sami,
wonten ing babagan abstrak wau ugi boten
wonten tamtu ingkang satus persen tamtu.
Para sutresna Pawartos Jawi ingkang saweg
rumagang ing damel, ingkang saweg suka parisuka
sasampunipun pikantuk suka bebungah saking
akathah, ingkang gesangipun nyawo glethak
namung dalederan tansah dhahar tuwin nendra
kewala, punapa dene ingkang namung lelambaran
sumendhe dhateng kodrat, wewengan, wewarah,
sasmita, lumantar acara-acara ritual, lan
sapanunggalanipun.
Sampun njih, sapunika keparenga kula minca-mincu
umik-umik ngungelaken aji-aji tan ana ajine:
Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna
tulak sarik dhumawahing tawang-towang, kalilanana
ingriki Mastoni njegur mak byurrr, tumut
ceciblon penak seger munyer-munyer mak serrrr,
sinambi tetembangan hambarang jantur tuwin
hambalang gondhang tutur, sanadyan namung
badhe sinurak hambata rubuh kabalang tetembungan
nonjok wadhuk nyogrok tenggak dening para
*sutresna* budaya ingkang anggung memardi
mardawaning budaya luhur, nanging pangandikanipun
sarwa-sarwi jeleh-jeleh anjelalak sajak ngemu
groyok boten wewah menthes lan maedahi punapa
dene salaras kaliyan kayektosan mekar mungkaring
jaman gagrag enggal, puput pepet pepunthoning
nggalih lajeng boten ajrih ing tumindak worsuh
ngidak-idak asmanipun asanes ing sangajengipun
akathah, nama tiyang pancen sampun remuk
rempu rasa retu panggraitanipun, bangsat
keparat!
Murih boten sangsaya kapanjangan
panglantur
kula, prayoginipun kula lajengaken
malih
nyobi ngonceki bab Meruhi Kaweruh punika.
Nyata Weruh, Ngakoni Weruh, lan
Ngira Weruh
Tataran Nyata Weruh
Wanci sonten kula saweg mlampah-mlampah. Sareng dumugi margi prapatan
ingkang rame, kula sumerab wonten becak kaserempet truk gandheng,
becak
jempalik, penumpange wutah, tangise mutri
Cina, sambate wedhus Jawa, gelasaran melas
asih.
Kaweruh kula ing inggil wau nama tuwuh saking
temen weruh utawi saking nyata weruh, sarana
manoni piyambak prastawa utawi kedadosanipun,
dede saking tembung jare.
Kaweruhipun tiyang ingkang saking
nyata weruh
utawi temen weruh, punika kaweruh
ingkang
tuwuh saking panyrawungipun pancadriya
kita
dhateng jagad gumelar. Kaweruh
ingkang asalipun
kados mekaten punika, tiyang
sinten kemawon
manawi dipuntakeni jawabanipun
mesthi sami,
sauger tiyang wau taksih waras
utawi boten
gothang salah satunggaling pancadriyanipun,
upaminipun: es punika asrep,
sarem punika
asin [yen duwe karep mbok aja
isin-isin].
Tataran Ngaku Weruh
Tiyang jaman samangke sampun sami ngakeni
bilih bumi punika bunder radi lonjong sakedhik.
Kajawi punika, bumi punika ebah mubeng ngubengi
porosipun, sarana makaten lajeng lumampah
ngubengi surya. Dene pun sasangka lampahipun
ngubengi bumi.
Kaweruh kados conto ing inggil punika nama
kaweruh nyata, ingkang tuwuh saking ngaku
weruh utawi ngakoni weruh awit kaweruh wau
tuwuh saking muluring pamikir, tuwuh saking
kamajenganing pamikiranipun manungsa.
Manawi pamikir kita boten mulur, inggih boten
saged katuwuhan kaweruh makaten wau. Punika
jalaran manawi kita namung lugu migunakaken
pancadriya lan raos pangraos, cobi bumi punika
manawi dipun sawang ngangge paningal, mrika-mrika
rak ketingalipun radin kemawon, namung kados
klasa memet dipun gelar, boten awangun bunder.
Saya kok dipun cariyosaken bumi punika ngubengi
surya, sangsaya boten mathuk awit ingkang
genah miturut pangraosing manah kita surya
ingkang ngubengi bumi.
Makaten manawi tiyang namung ngangge pirantos
pancadriya lan raos pangraos. Nanging sareng
tiyang pikiranipun saya majeng, dangu-dangu
kraos, ngertos manawi bumi punika bunder,
antawisipun dipun buktekaken kaliyan sinten
niku sarana nitih baita ing seganten, angkatipun
mangilen terus, jebul njedhulipun lha kok
saking wetan. Ingriku tiyang tansaya kenceng
anetepaken bilih bumi punika bunder.
Tuladha malih bab muluring pikir: Kita sadaya
ngakeni manawi ing tembe kita mesthi pejah.
Raos ngakeni makaten punika sayektosipun
inggih tuwuh saking muluring pamikir, jalaran
kita tansah manoni bilih sadaya ingkang asipat
gesang punika ing tembe mesthi sami nemahi
pejah. Wekasan saking muluring pamikir kita,
kita lajeng wani netepaken bilih kita sadaya
punika ugi badhe nemahi pejah sanadyan dereng
sumerab benjang punapa.
Tataran Ngira Weruh
*Kaweruh* ingkang tuwuh saking ngira weruh
makaten nyatanipun pancen ora weruh, dados
sanes kaweruh [kangge nggampilaken anggen
kita mbandhingaken lajeng kula dadosaken
setunggal ingriki]. Nanging sanadyan nyatanipun
ora weruh, sampun dados wataking manungsa,
manawi dipun peksa-peksa purih weruh inggih
saged, hla lajeng ngira-ngira.
Upami wonten pitakenan, "Bab lelampahanipun
tiyang sasampunipun pejah punika kados pundi?"
Punika pamanggihipun tiyang satus trekadhang
inggih warni satus. Lah sayektosipun dipun
punapak-punapakna tiyang boten sumerab. Mila
manawi wonten ingkang kenceng netepaken pamanggihipun,
saupami dipun suwun kapurih mbuktekaken saknyatanipun
inggih glagapen. Dados agami punika sanes
kaweruh, nanging punika pangandel/iman/faith,
tiyang kantun ngandel kaliyan boten.
Tiyang badhe ngandel dhateng rembaging sanes
punika ugi wonten saratipun: tiyang ingkang
cariyos wau mitadosi, lan salajengipun angsal
paseksen tiyang tiga sekawan gangsal cariyosipun
sami, cocog kaliyan rembagipun tiyang sanes
ingkang mitadosi wau.
Upami wonten tiyang cariyos bilih ing New York punika saben taun dhawah salju. Lha
ingkang cariyos makaten boten tiyang setunggal
kalih, prasasat kathah sanget, cariyosipun
nggih sami, cocog boten beda-beda. Lah punika
ugi kenging dipun pitados sanadyan punika
taksih tembung jare. Saupami ing tembe saged
tindhak dhateng Noo Yawk piyambak ing wanci
musim asrep, kaweruhipun tiyang wau saged
dados kasunyatan. Ing ngriki kaweruh wau
lajeng ngancik saking tataran ngira weruh
tumuju dhateng tataran nyata weruh. Sing
maune mung jare, sapunika sampun saged mbuktekaken
piyambak manawi ing Noo Yawk dhawah salju
ing wanci musim asrep.
Makaten ugi kaweruh saking agami [saking
ngira weruh], punika taksih gondar-gandir.
Nanging saged ugi ngancik dhateng tataran
ngaku weruh sarana muluring pamikir, lan
saged ugi ngancik dhateng tataran nyata weruh.
Ning inggih saged mbleduk tanpa kukuban.
Upami wonten pitakenan kados ing ngajeng,
"Swarga lan neraka punika punapa pancen
wonten lan kados pundi?"
Pitakenan punika manawi badhe dipun jawab
mawi wewaton tataran nyata weruh genah boten
saged, jalaran tiyang ingkang badhe jawab
wau tiyang gesang ingkang dereng nate pejah
lan dereng nate ngalami utawi ngraosaken
piyambak kados pundi swarga neraka punika..Yen
wantun cariyos kados pundi lelampahanipun
tiyang sasampunipun pejah lajeng manggen
ing swarga utawi neraka, punika mesthi ngapusi,
goroh.
Saged ugi dipun *buktekaken*, nanging kedah
mangkat saking wewaton tataran ngakoni weruh
utawi saking muluring pamikir, awit muluring
pamikir punika ugi wonten ingkang dumugi
kasunyatan. Nanging kedah prayitna paseksenipun,
manawi sepen ing tandha saksi namanipun taksih
wonten in tataran ngira weruh, dados namung
kapitadosan.
Tuladha malih: Sukarjo ngakeni bapakipun
punika pun Wakidjo. Pangakenipun Sukarjo punika
sayektosipun sakawit mesthi namung ngira
weruh, namung saking kapitadosan, awit dipun
punapak-punapakna pun Surya mesthi boten
utawi dereng sumerab bapakipun punika sinten,
wong wiwit dereng mbrojol sampun dipun *bucal*.
Sumerabipun Sukarjo punika saking ibunipun
[utawi tiyang sanes] ingkang nyariyosaken
bilih Wakidjo punika bapakipun, sarta saksinipun
kuwawi, inggih punika tiyang-tiyang ingkang
katranganipun sami, cocog. Sareng sasampunipun
dipun padosi lan saged kepanggih, nyata leres
bilih pun Wakidjo punika bapakipun. Lha ingriki
kaweruhipun Sukarjo ingkang sewaunipun mangkat
saking tataran ngira weruh, sapunika sampun
saged ngancik dhateng tataran nyata weruh.
Dados *kaweruh* agami punika
prayoginipun
kita tampeni kanthi muluring
pamikir rumiyin,
salajengipun kita kedah nyinau
gladhen piyambak,
ngantos saged ngancik tataran
nyata weruh.
Kados pundi? nyuwun pangapunten
awit kula
piyambak dereng dumugi ingriku.
You know, legalism has never been my strong
suit. I simply don't see the difference in
the goals of the various paths. Belief can
bring comfort, that's very true, at least
comforting thoughts, although it can also
bring other things.
Ing wasana, mugi lumintuning pudyastawa saking
Gusti hambabar daya pangaribawa ingkang tumandhuk
dhumateng kawula dasih.
back to the top