
MANGREH
PIKIR
Saben pikir punika kenceng anggenipun ngengeti
dhateng salah satunggaling bab, adhatipun
mesthi wonten salah satunggaling peranganipun
badhan ingkang katut methentheng [kenceng/ngececer].
Upaminipun: Tiyang ingkang nuju mikir perkawis
ingkang awrat, adhatipun mripatipun lajeng
mancereng, kulitipun bathuk katut njengkerut.
Manawi tiyang nuju nesu, drijinipun nggegem
kenceng. Makaten wau sampun dados lageyane
badhan.
Dene sebabipun saben pikir makarti rosa,
badhan utawi otot lajeng katut methentheng,
punika jalaran saben dinten saebah polahing
badhan punika saking prentahing pikir. Mila
saben pikir makarti, mesthi lajeng sumadya
tinanggapan ing [ototing] badhan, ngantos
kanthi pangangkah jalaran sampun dados pakulinan.
Pancen gandhenging pikir lan badhan punika
raket sanget. Mila manawi pikir makarti punapa-punapa,
badhan sok lajeng tumut methengtheng piyambak.
Mila tiyang mangreh pikir/konsentrasi punika
kedah kenceng cumakoting ciptanipun dhateng
ingkang nedya dipun enget-enget. Manawi kirang
prayitna mesthi wonten otot bayu utawi peranganing
badhan ingkang methentheng.
Bebayanipun saupami tiyang mangreh pikir
lajeng wonten otot bayunipun ingkang boten
dipun klokrokaken [kendhokaken], dangu-dangu
tiyang lajeng gadhah sakit ngelu. Saya dangu
malah saged kadunungan sipat lalen utawi
kerep bingung. Ingkang sanget, saged sakit
ewah.
Mila tiyang gladhen mangreh pikir/konsentrasi
punika sarana pikir dipun reh rumiyin, kedah
kanthi mulat, tegesipun sadaya peranganing
badhan karaosa kendho, boten wonten raos
ngaya, kenceng methentheng. Sampun ngantos
mikir utawi ngengeti dhateng bab sanes kejawi
ingkang sampun dipun pilih kemawon, inggih
ingkang sampun dipun enget-enget, dipun sawang,
lan kedah mbaka setunggal bab rumiyin, boten
saged borongan sanadyan ta sadaya wau sami
wigatosipun.
Nanging manawi kapeksa nilar, jalaran wonten
alangan bab/pendamelan prelu ingkang boten
saged dipun oncati, prayoginipun ing salebeting
nilar nindaki pendamelan sanes wau, ing batos
tansah ngengetana bilih wekdal wau wancinipun
mangreh pikir bab wiwitan ingkang sampun
dipun pilih.
Inggih bab ingkang sampun dipun pilih, dipun
sawang ing pamikir, dipun enget-enget ing
batos punika ingkang dipun wastani cakotan.
Dene menggah punapa ingkang dipun pilih kangge
cakotan wau, kenging warni-warni. Manawi
saged sumerab wujudipun, inggih kenging nggantha
wujudipun. Dene manawi dereng sumerab wujudipun,
inggih kenging namung naminipun kemawon,
kadosta Mastoni, nyiakkk :(
Gladhen mangreh pikir punika pancen dede
perkawis gampil kados panginten kula piyambak.
Sang Arjuna kemawon ngantos sambat dhateng
Sri Kresna. Amila manawi boten ngantos atul
[kulina] anggenipun gladhen mangreh pikir
tamtu boten badhe kasembadan, langkung-langkung
manawi saweg nandangi pendamelan ingkang
sak hohah kathahipun, sangsaya bingung anggenipun
badhe nemtokaken pundi ingkang kedah dipun
rumiyinaken.
Nanging kosokwangsulipun, punapa wonten pakaryan
angel manawi tiyangipun sampun kulina nindakaken.
Minangka tuladha: nyerat abasa Jawi. Nalika
saweg sinau nyerat ing Milis Jawi, kados
punapa awratipun damel ukara satunggal kemawon.
Nanging sareng asring dipun cobi sanadyan
kanthi rekaos lan bandha nekad wani dipaido
ndara-ndara linguis, dangu-dangu mangke rak
nggih saged.
Sareng sampun saged, lan terus dipun lampahi
saben dinten, samangke punapa nyerat punika
kraos uangil? Mbokmanawi boten, jalaran lampahing
tangan kita punika samangke prasasat boten
dipun reh, sampun tumindak piyambak. Cobain
ajza!
Ingkang baku kedah teteg, punika tegesipun
tanpa sumelang [Shogun dilawan!] lan tlaten.
Tlaten punika tegesipun sanadyan sampun sawatawis
dangu anggenipun gladhen, mangka rumaos dereng
angsal indhaking pengalaman punapa-punapa,
ewadene kedah tetep santosa kanthi sabar
anggenipun nglampahi gladhen wau, sampun
ngantos wonten raos daya-daya.
Para sutresna PJ tamtu sampun pirsa, bilih
amahyakaken satunggaling pamanggih punika
saged dipun wujudaken sarana ngaku, ngantebaken,
saged ugi wujud selak utawi ngorakaken. Dados
saged yes or no.
Sanadyan pikir namung saged ngejawantah ing
tetembungan, nanging tetembungan punika sanes
pirantos ingkang saged kangge sapurun-purunipun
mikir.
Punika amargi sajawinipun nalar,
tetembungan
ingkang runtut dados ukara, ukara
dados basa,
punika anggadhahi maksud ingkang
benten-benten
gumantung kabetahanipun tiyang
ingkang gineman.
Wonten pamilihing basa ingkang
mligi kangge
pirantos pikir ingkang cundhuk
kaliyan nalar,
nanging wonten ugi pamilihing
basa ingkang
tumuju dhateng kaendahan.
Upaminipun:
(1) Mastoni punika bodho.
(2) Mastoni punika boten pinter.
Miturut nalar, kalih-kalihipun tegesipun
sami: bodho punika sami kaliyan boten pinter, sami cublukipun. Nanging miturut raos pangraos,
katerangan kalih warni wau sejatosipun boten
sami.
Tuladha sanesipun, inggih punika tetembungan
ingkang asring pinanggih ing kasusastran
kadosta: rai gedheg, ketiban telek baya, ora tau mangan
sekolahan, lsp.
Manawi dipun nalar, kaendahanipun tembung-tembung
wau lajeng ical amargi tetembungan wau nilar
waton-waton nalar, nanging malah kapara dados
saenipun. Ora tau mangan sekolahan punika punapa pinanggih ing nalar? (lha
wong sekolahan kok dipangan), nanging tiyang
ngertos dhateng maksudipun awit ingkang saweg
dipun ginakaken sanes nalar.
Dados sauger sesulih purusa kapisan
[sinten
ingkang gineman] lan sesulih
purusa kapindho
[sinten ingkang tumanggap wawan
ginem] punika
saged ngertos-ingertosan sinten
utawi punapa
ingkang dipunginem, kados pundi
swasananipun,
saged linton-lintonan pamanggih,
saged mbedakaken
pundi ingkang cocog lan pundi
ingkang mleset,
bab trep mbadhalipun pamilihing
tembung saking
paugeraning basa, cetha gesehipun
dhapukaning
ukara, runtut mengslenipun pangiketing
basa,
leresipun ejaan saha pakecapan,
kula namung
nyumanggakaken ingkang gineman.
Menggah pangrawiting parama sastra lan basa
kula ingkang sarwa-sarwi grothal-grathul,
kirang pratitis, lsp., punapa dene ingkang
kalingga murda [dialembana], kula namung
nyumanggakaken para ingkang kersa hangemutaken.
Saking pamanggih kula, ingkang langkung wigatos
kalenggahaning basa punika kedah saged kangge
lung tinampen pangertosan utawi tumanduk
tumanggap. Sigeg.
back to the top