
MARGI
KANGGE NYINGKIRAKEN MAMALANING TYAS
Kumaceluning manah prasasat nyidham rujak cempaluk nalika kula nyobi
ngrembag perkawis mamalaning tyas [ati]. Ing ngandhap punika keparenga
kula nyaosi rembagan sepala, mbokmanawi kenging kaangge wewahan
panglimbang, pinten-pinten saged mikantuki utawi nuju prana tumrap para
nupiksa ingkang kepareng migatosaken. Nanging betekipun lalaran wedalan
tiyang cubluk, manawi boten adamel
marem utawi cocoging panggalih tuwin manawi wonten kidaling tetembungan,
waguning ukara, mugi para nupiksa sampun kirang pamengku sarta mugi kersa
ngluberaken samodra pangaksama.
Saderengipun nlusur punapa sababipun dene manungsa punika kok asring
kadunungan mamalaning tyas, keparenga kula ngaturaken panglalar: punapa ta
ingkang kawastanan kabatosan punika? Miturut suraosing tetembungan batos
punika kosokwangsulipun lahir. Dados kabatosan punika kosokwangsulipun
kalahiran. Lahir punika ateges gumelar (wonten ing njawi). Sadaya ingkang
gumelar punika gadhah sipat: ewah gingsir, boten langgeng, apes, saged
risak, saged sakit, saged jaya, inggih saged dados ringkih. Ringkesipun,
sadaya kemawon utawi punapa kemawon ingkang asipat owah gingsir punika
kagolong lahir utawi kalahiran, sanadyan ugi gadhah sisipatan ingkang alus
utawi samar boten kasat mripating pancadriya, upaminipun: hawa, listrik,
lsp. Makaten ugi pikiran, cipta, pangraos, punika wonten ing babagan
kawruh kabatosan ugi taksih kaewokaken [kagolong] kalahiran jalaran teksih
saged owah gingsir.
Wondene kabatosan [inggih punika kosokwangsulipun kalahiran], temtunipun
inggih anggadhahi sipat kosokwangsulipun owah gingsir, inggih punika
langgeng, kuwaos, kiyat. Sipat punika namung Gusti piyambak ingkang
kagungan. Dados manawi makaten kabatosan punika bakunipun ka-allah-an.
Kawruh kabatosan pikajengipun kawruh utawi ngelmu (gagaran utawi wawaton
minangka pangudi) kangge ngretosi utawi nggayuh kagaibaning Pangeran.
Panalitinipun boten mrika-mrika, nanging cekap wonten salebeting
sariranipun piyambak-piyambak jalaran Gusti punika maha agung nglimputi [mengku]
lan nglimput [sumamar] wonten sagunging dumados inggih sadaya ingkang
gumelar punika. Dados ing salebet kita sipat-sipat wau inggih wonten.
Wondene pikiran, raos pangraos, tuwin pancadriya kita, tumrap ngudi
kabatosan lugu namung minangka pirantos tuwin paseksen [ingkang ugi
nyekseni].
Ungel-ungelan ing ngandhap punika mbokmanawi kenging kangge gagaran
kandel-kumandeling tekad tumrap nggayuh kawruh kabatosan:
Sintena ingkang nyumerebi [awas utawi mawas, naliti, ngretos] sariranipun
[pribadinipun utawi nafsunipun], tamtu badhe kaleksanan sumerab [ing
ngriki kajenganipun mangertos] Pangeranipun.
Manungsa punika rahsaningsun, nanging Ingsun ugi rahsaning manungsa.
Manahipun tiyang ingkang pitados kaliyan yakin, punika prasasat dalemipun
Gusti.
Wondene sadaya kawontenan ingkang gumelar ing jagad punika dados paseksen
kaagungane Gusti, kuwasaning Gusti, karsaning Gusti, kaadilaning Gusti
sarta sih kamirahaning Gusti. Sadaya punika sinebat kodrat irodhating
Pangeran kang maha kuwasa.
Kodrat irodhating Pangeran punika tansah lumintu ndhayani dhateng sadaya
isen-isening jagad raya, njalari tuwuhipun, wontenipun utawi mawujudipun
kawontenan utawi kadadosan [dumados] ingkang marupi-rupi. Salajengipun
mawarni-warni kadadosan wau satunggal kaliyan satunggalipun inggih lajeng
tansah dhaya-dhinaya [samad sinamadan], ngantos lajeng mahanani
ewah-gingsiring kawontenan. Lan inggih jalaran saking kadadosan wau
ingkang lajeng nuwuhaken wontenipun: lair, makarti, risak. Sarehne risak
punika ugi satunggaling kadadosan, mila inggih ateges lair malih. Makaten
salajengipun tanpa wonten pedhot-pedhotipun, inggih punika ingkang sinebat:
Cakra Manggilingan.
Manungsa ingkang mawujud titah langkung sampurna tuwin winenang tinimbang
titah sanes-sanesipun ugi boten badhe saged sumingkir saking angger-angger
cakra manggilingan wau. Dados ugi kawasesa dening dhaya prabawaning alam.
Gumelaring isen-isening alam wau mrabani tuwin mrabawani dhateng jasading
manungsa nglangkungi [ngliwati] pancadriya, tumaduk ing angen-angen kita,
lajeng njalari tuwuhipun pepinginan saha kekajengan ingkang mawarni warni,
sarta ugi dados jalaranipun kita saged kataman pangraosing badhan [sasakit,
kraos benter, asrep, perih, greges-greges, lsp.], sasakiting pikir [bingung,
kodeng, rangu-rangu, gemblung, bingleng, lsp.], panandhang utawi
pakartining manah [sisah, bingah, sumelang, welas, asih, gething, pegel,
gela, lsp.]. Kajawi punika tumrap ing babagan kalahiran, dhaya prabawaning
isen-isening alam punika ugi saged murugaken manungsa manggih begja,
cilaka, nistha, papa, tuwin sanes-sanesipun.
Kados ingkang sampun kajereng ing inggil punika cetha, bilih sababipun
manungsa saged ngantos kataman kadadosan marupi-rupi punika boten sanes
inggih namung saking dhayaning alam, inggih punika kaprabawaning
isen-isening jagad raya. Wahananipun [kedadosanipun] wonten ingkang saged
karaosaken sae [nyekecakaken], ugi wonten ingkang saged karaosaken awon [boten
nyekecakaken]. Lha ingkang karaosaken boten nyekecakaken wau limrahipun
dipun anggep memala. Kamangka sejatosipun sanadyan ingkang karaosaken
nyekecakaken utawi boten nyekecakaken punika kalih kalihipun tetep dados
memala tumrap dhateng Rasa Jati kita. Jalaran sami dene saged damel surem
utawi boten weningipun utawi kirang sucinipun Rasa Jati kita. Mangka
kaweninganing Rasa jati punika perlu kaudi utawi kajagi. Sabab inggih
jalaran saking weninging Rasa Jati punika manungsa lajeng kaconggah
nuwuhaken kawruh lahir tuwin batos ingkang salajengipun kadugi mbabaraken
kabudhayan, kasusastran, kawaskithan, kasunyatan, tuwin kasampurnan,
inggih punika pangertosan bab Sangkan Paraning Dumadi tuwin gaibing
Pangeran.
Nalika manungsa punika saweg tumitis tuwin nalika teksih jumeneng [mretapa]
wonten salebeting guwa garbaning ibu, ngantos sasampunipun awujud jabang
bayi lahir wonten ngalam donya, ingriku dereng kadunungan mamalaning tyas,
dados teksih suci. Nanging sasampunipun lelumban wonten ing madya padha,
ingriku wiwit kataman memala. Rasa Jatinipun wiwit surem, boten suci malih.
Ingkang makaten wau para ulah kabatosan tansah mbudi dhaya sarana lampah
utawi cara warni-warni murih sucining Rasa Jatinipun mberat utawi
nyingkiraken memala, sarta kaconggah nampeni wewengan utawi pepadhang
inggih punika wahyu utawi sasmita gaib saking Pangeran.
Memalaning tyas utawi ingkang andadosaken boten sekecaning manah punika
boten bakal saged dipun icalaken saking gesangipun tiyang. Sagedipun
namung anyeyuda, jer memalaning tyas ingkang tuwuh saking karep [kekajengan]
punika pancen sampun dados rerangkening tiyang gesang. Hewadene anggenipun
kita saged nyirep utawi ngirangi memala punika boten sanes inggih
pribadinipun tiyang piyambak-piyambak, mila makaten kedah kanthi
nglenggahaken pribadinipun wau. Nglenggahaken pribadi punika kedah sarana
semedi, nglowong utawi nyuwung, nyipat mlebet medaling nupus sarta
amirengaken swaraning rijal. Swaraning rijal punika manawi wayah dalu
cetha sanget kados orong-orong. Dene manawi wayah siang lamat-lamat sanget.
Sok sintena ingkang pinuju yipat mlebet medaling nupus, Pribadi tamtu
badhe kersa pinarak wonten ing pasenetan suci paring pepadhang.
Ing
Serat Wulangreh yasan swargi Sinuwun PB IV wonten tetembungan minangka
gagaran tumrap para ingkang sami ngudi mbirat mamala wau, sinawung sekar
Kinanti makaten ungelipun: "Padha
gulangen ing kalbu. Ing sasmita amrih lantip. Aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi. Pesunen sariranira, cegah dhahar lawan guling."
Sekar Kinanti sapada wau mengku piwulang ingkang wosipun "Murih
kita punika saged nampeni sasmita [dhawuh ghaib], saking Pangeran kalayan
gampil, kita kedah tansah ngelatih sarira sarana ngirangi dhahar tuwin
ngirangi sare." Ingkang dipun kajengaken ngirangi dhahar ing riki boten
namung ateges nyenyuda isining padharan kemawon, nanging ugi mengku
pikajeng ngirangi tedhaning panca driya sanesipun. Dados wosipun nyegah
hardhaning pancadriya. Kajawi punika ugi kedah nyandhet lampahing pikiran
ingkang ngambra ambra.
Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung ing tutuk [lesan - cangkem],
inggih punika nyegah wedaling pangandika ingkang tanpa paedah. Cegah
ngraosi awon lsp. Mila sadaya wau kedah dipun cegah [kirangi] jalaran
wedaling pangandika langkung-langkung manawi dipun kanteni grengseng tuwin
kemrungsunging penggalih, punika ateges mbeboros dhaya kekiyatan ingkang
wonten salebeting sarira, ingkang manawi kita gegem [regem] saged
mujudaken dhaya prabawa ingkang ageng pigunanipun samangsa wonten
kapreluwan ingkang wigatos.
Manawi dhahar sampun ngantos tuwuk-tuwuk [wareg], jalaran manawi padharan
kekebaken, adhakanipun murugaken ngantuk ingkang njalari lena kirang
weweka. "Kulu wa asrobu wal tasrifu innahu layu khibul musrifin",
tegesipun mangana sabisa bisa mung sapratelone isining wetengmu. Weteng
kuwaregen bisa nggedhekake bapakne toha, banjur lalen, seneng goroh, adoh
saka tindhak utama, sabab jasmani lan rohanine lungkrah sing dipikir ya
mung siji kuwi.
Tiyang ingkang tuwuk punika boten saged waskitha [ngretos utawi sumereb]
ing ghaib. Jalaran saking wewaton kados ingkang kasebat ing inggil wau,
mila para ulah tapa brata ingkang sami nglampahi siyam tuwin ambisu [ngirangi
utawi boten ngucap ingkang boten prelu]. Pamrihipun inggih namung supados
wening Rasa Jatinipun, sageda nampi sasmitaning pangeran.
Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung ing grana kadosta nyegah:
a.
ngambet ingkang boten eca, amis, bacin, penguk, apek, badheg, lsp. Awit
wusananipun saged nyuda kasarasaning badhan salajengipun saged murugaken
sureming Rasa Jati. Pramila para olah samadi asring mapan ing panggenan
ingkang boten ngganda awon. Malah asring migunakaken kekonyoh ganda wida
akekutug ratus ingkang amrikarum angambar-ambar wangi, asumping
sekar-sekar ingkang arum lsp. Jalaran ambet ambetan amrikarum punika
manawi boten ngantos nduleg [sanget], saged njalari nentremaken jiwa.
b.
ngisep-isep awoning sanes utawi wadosing sanes. Tumindak kados makaten
punika damel kapitunan boten sakedhik tumrap badhanipun piyambak awit
nuwuhaken gegeter ageng, ingkang temahan sanget adamel kuceming Rasa
Jatinipun. Paedahipun boten sumbut kaliyan kapitunenipun bebasan mburu
uceng kelangan dheleg.
Inggih awawaton kalih warni ing inggil punika para olah pranayoga
tumindakipun sarana nglaras, ngelus tuwin ngemataken mlebet medaling
ambegan kanthi alon. Lampahing ambegan ingkang alon, alus, utawi ening
punika saged ngeniraken [ngleremaken, ngicalaken] pangganda ngantos
tumandukipun sadaya ambet [ganda] boten ndayani dhateng antenging Jiwa
[Rasa Jati]. Temahan boten sanes inggih namung ngudi sagedipun hanampeni
sasmita gaibing Pangeran.
Ingriki kula badhe mratelakaken bilih tiyang punika temtu tansah mbudidaya
sagedipun eca lan sekeca. Rehning sadaya rubeda punika badhe ndadosaken
boten sekecaning manah [dados mamalaning tyas] mila temtu boten dipun
ajengi. Awit saking punika rehning manah punika limrahipun tansah
ngajeng-anjeng eca lan sekeca, mangka badhe tansah mrangguli bab-bab
ingkang damel boten sekecaning manah, mila tiyang punika tansah nandhang
kuwatos utawi melang-melang. Dados tansah boten nggadhahi katentreman
utawi boten tansah kadunungan ayeming manah. Makaten punika ateges
kendel-kumandel dhateng panguwasaning Pangeran. Menggah wohipun badhe
gampil ketrajang was-sumelang. Dene srananipun kangge nyirnakaken raos
boten tentrem, inggih raos boten sekeca wau, tiyang kedah tansah
nyantosakaken tekadipun: Aku Wani, Gelem Nglakoni.
Wonten ancer-ancer ingkang kangge margi nyingkiraken mamalaning tyas,
inggih punika kanthi migunakaken pathokan lan pangretosan sapisan ingkang
diwasesa [punika pun raos was sumelangipun], kaping kalihipun ingkang
masesa [punika pun tiyang, utawi tiyangipun], lan pungkasanipun sageda
mangretosi bilih pun tiyang ingkang masesa raos was sumelang wau teksih
wonten ingkang nguwaosi lan masesa, inggih punika ingkang Maha Kuwasa.
Kanthi nyumerebi lan mangretosi trap-trapan makaten wau, tiyang badhe
langkung gampil angsal tuntunan anggenipun ngrekadhaya mbengkas reribed
utawi mamalaning tyas manawi kalayan sumendhe lan nyuwun kekiyatan dhateng
panguwaosing Pangeran. Kosok- wangsulipun manawi boten kanthi srana
makaten wau saestu badhe rekaos kalampahanipun. Ing Serat Rama wonten
tetembungan 'gampang-gampang angel, yen wis dadi siji ora ana' tegesipun
manawi penganggep gampil lan awrat wau sampun saged kakempalaken, ingriku
badhe saged nyirnakaken samukawis pepalang. Mila makaten jalaran pun
panganggep angel lajeng luluh kaprawasa dening pun gampang. Utawi
ungel-ungelan ing inggil wau mratelakaken manawi gampang lan angel sampun
manunggil, ingriku lajeng sampun boten wonten sambikala punapa-punapa.
Awit saking punika badhe prayogi manawi kita sami nyatunggilaken pun
gampang kaliyan pun angel, supados saged damel sirnaning raos was sumelang
tuwin mamalaning tyas.
Mamalaning tyas utawi ingkang andadosaken boten sekecaning manah punika
mretandhani bilih ingkang nandhang sakit punika manahipun. Sakiting manah
punika amargi saking nandhang raos boten sekeca. Menggah panandhang wau
wonten werni-werni kadosta tumrap sakiting badhan, manahipun inggih tumut
ngraosaken. Tumrap sakiting pikiran pun manah ugi tumut ngraosaken. Manah
tumut ngraosaken raosing sesakit makaten wau, punika boten klebet
memalaning tyas. Wondene ingkang klebet dados mamalaning tyas, inggih
punika panandhang raos pangraosipun tyas utawi manah piyambak, kadosta
ngraos samar lan sumelang tuwin sanes sanesipun. Rehning punika wau namung
raos pangraos, murih boten kataman rubedaning manah, kita kedah ngicali
raos samar lan sumelang wau.
Mila
tiyang kataman mamalaning tyas punika jalaranipun margi saking koncatan
punapa-punapa ingkang boten dipun senengi lan ingkang dipun tresnani.
Inggih ical utawi oncating raos wau ingkang mbetahaken seserepan,
mbetahaken pitedah tuwin piwulang supados saged ngretos dunungipun. Pundi
pitedah utawi piwulang ingkang dipun ajengi [dipun mathuki] sarta lajeng
katindhakaken, inggih makaten punika ingkang badhe dados srana jampining
mamalaning tyas.
Mewahi andharan sawatawis punika, bilih ingkang dados bibit utawi tuking
raos nyumelangaken inggih punika saking pakartinipun tiyang anggenipun
sami nampik lan milih. Manawi ingkang jumedhul punika ingkang dipun tampik
[boten dipun senengi], tiyang lajeng rumaos kuciwa, boten seneng, boten
lega, boten mathuk, tuwin sanes sanesipun. Dene manawi ingkang jumedhul
ingkang dipun mathuki [pilih], lajeng rumaos lega lan bingah. Kamangka bab
kuciwa, boten seneng lega, bingah, mathuk, sadaya punika sejatosipun sami
nunggil golongan, inggih punika golonganing raos pangraos. Manawi raos
pangraos makaten wau kita selehaken, pun raos was sumelang tuwin
sabangsanipun mamalaning tyas lajeng boten wonten.
Milanipun manungsa kataman mamalaning tyas ugi saged jalaran nggadhahi
pepingin lan pangangkah kadumugena ingkang dipun kajengaken. Padhatan
inggih saking margi anggenipun tumindhak mbudidaya murih kadumugen ingkang
dipun kajengaken wau, punika lajeng mahanani tuwuhing raos boten tentrem.
Saupami sampun saestu saged kadumugen ingkang dipun kajengaken wau, nunten
tuwuh pepinginan sanes malih. Makaten salajengipun tanpa gadhah marem.
Tumrap tiyang ingkang kados makaten, punika dipun wastani kenging
mamalaning tyas.
Pepinginan punika dados sumber kasantosaning karep [kakajengan].
Prayoginipun pepinginan wau tansah dipun gladhiya [dipun lelantih] supados
tansah tumuju dhateng kautaman. Sanadyan makatena kita kedah tansah enget
lan ngretos bilih pepinginan ingkang tansah boten nggadhahi pemarem wau,
saestunipun inggih tansah ngereh [ngemudheni] tiyang. Manawi tiyang tansah
dipun tumpaki pepinginan punika badhe gampil kenging sambekala utawi
mamalaning tyas. Mila prayogi sami kabudidhaya supados kita boten tansah
dipun reh ing pepinginan. Kosokwangsulipun supados mbudidaya sageda ngereh
pun pepinginan wau.
Sapunika keparengan kula ngaturake srana kangge nyirep mamalaning tyas,
punika wonten kalih warni: sepisan ingkang kangge nyuda, kaping kalihipun
ingkang kangge netepaken. Murih saged nyuda kedah ngretos rumiyin bilih
raos was sumelang ingkang dados memala punika bakunipun tuwuh saking raos
panginten-intening raos pangraosipun piyambak, utawi gambaranipun piyambak.
Rehning namung gambaran, punika saged dipun icali piyambak. Salajengipun
supados saged langkung rosa anggenipun nyabili utawi ngicali, kedah dipun
kanteni [sarengi] cara satunggal malih, inggih punika netepaken. Wujudipun
netepaken wau kedah anggadhahi panganggep ngemohi. Emoh sumelang utawi
kuwatir. Manawi pangretosan wau sampun wonten lajeng ngrosani anggenipun
mbucal gambaran was sumelang wau, ingriku saboten-botenipun badhe nyuda
mamalaning tyas.
Cekak aosipun, menggah pangudi anggenipun badhe ngicali mamalaning tyas
wau manungsa kedah tansah nyuwun pangapura lan eling dhateng Pangeranipun,
lan kedah wani dhateng punapa kemawon ingkang kita anggep dados sumber
ingkang nuwuhaken memalaning tyas wau. Kangge sanepa kadosta, upami kita
ngutangi arta, kita kedah wani nagih. Manawi kita lumuh [boten purun]
nagih, raos kepingin [kedah] nagih wau, kedah kita bucal babarpisan
supados saged ical saking manah. Ngadhepi kawontenan kados tuladha ing
ngajeng punika tumrap tiyang Jawi limrahipun nuwuhaken sipat ewuh pakewuh,
punapa malih manawi ingkang dipun utangi punika sedherek utawi pawong
mitranipun piyambak. Punika kula namung mendhet tuladha ingkang gampil
kemawon.
Makaten wau angsal kula ngonceki bab-bab ingkang kaanggep dados sasakiting
manah. Sanadyan namung rembag ingkang isi pamanggih, ewadene punika wau
klebet satunggling kawruh utawi seserepan ingkang wigatos sanget.
Indhaking kawruh boten sanes inggih saking linton pemanggih. Isinipun
saged kasaring, pundi ingkang dipun mathuki, lan pundi ingkang boten
nyocogi, punika badhe saged rumesep migunani dhateng sarira pribadi.
Langkung langkung tumrap seserapaning batos, punika pancen saged dados
bumbu ingkang badhe saged nandhesaken bontosing tekad, mugi mugi saged
murakabi dhateng sintenan kemawon ingkang sami kepareng nggalih.
back to the top