
LIR
KINJENG TANPA SOCA
Mastoni
Nggunem Lurahe
Para dewa, begawan, satriya, dhanyang, buto
caringis, gandaruwo, lsp. ingkang saweg ndungkap
sangajengipun layar monitor Pawartos Jawi,
ginelaran dening babut kuning sinulam sawarnaning
sesekaran arum angambar-ambar:
Nuwun hawiyosipun,
Tinimbang ngetipleng tanpa gunem, sapunika
kula dak crita, sak crit tapi nyata, kados
ing ngandhap punika:
Nuju satunggaling dalu wonten tiyang mertamu. Sasampunipun nepangaken, tiyang
wau lajeng cariyos, "Mas, sowan
kula mriki punika badhe nyuwun seserepan
bab dedongengan ingkang kula nate mireng wonten
ing satunggaling padhepokan ulah kabatosan. Suraosipun
dongeng makaten: Satunggaling nagari mbawahaken
dhusun pinten-pinten atus. Lurah dhusunipun
kenging kaperang dados tigang golongan..."
Perangan kapisan, LURAH KEBANGETEN, inggih
para lurah ing dhusun-dhusun ingkang papanipun tebih sanget saking kitha praja.
Saking tebihipun saking kitha praja ngantos sawatawis wonten
para lurah ingkang
boten mangertos babarpisan bilih dhusunipun
punika dados bawahanipun satunggaling kraton
ageng kaereh ing ratu ingkang adil ambeg
paramarta. Mila lurah dhusun wau sanget anggenipun
kumaluhur, rumaos kuwaos, nggega kajengipun
piyambak, boten pisan-pisan purun ngrembag
kawilujenganipun tiyang alit bawahanipun,
modyar ya ben.
Perangan kaping alih, LURAH PEKOK, inggih
punika para lurah ing dhusun-dhusun sapinggiring
kitha praja ingkang sampun sami radi ngertos
dhateng jejibahanipun. Saben dinten tansah
ngluhuraken asmaning ratu gustinipun. Sadaya
dhawuhing ratu gustinipun, tanpa dipun penggalih
rumiyin, lajeng dipun tindakaken kemawon
ngantos trekadhang saged dumados benceng ceweng cengkah
kaliyan suraosing dhawuh wau. Lha rak kojur
tenan ta yen mung rubuh-rubuh gedhang bae.
Para lurah wau sejatosipun inggih sampun
mangertos bilih dhusunipun kebawah ing ratunipun,
hananging meksa taksih kathah ingkang boten
sumerab wonten ing pundi kedhatonipun lan
kados pundi wangunipun.
Perangan kaping tiga, LURAH PINUNJUL, inggih
punika para lurah ing dhusun-dhusun salebeting
kitha praja. Lurahipun sami pinter, sesrawungan
kaliyan para narapraja raket, malah wonten lurah ingkang sampun kacelak
ing ngarsa dalem sang ratu, tuwin kaluberan
panguwaosipun ratu punika.
Dene para lurah ingkang kalebet perangan kapisan
punika sadaya sampun sami kaparingan wewaler
sepinten dangunipun dados lurah, manawi sampun
dumugi ing wanci kedah sowan ing ngarsa dalem
ratu. Kacariyos lurah-lurah wau sareng sampun
dumugi ing wanci boten kenging nyang-nyangan kangsenan malih,
kedah bidhal ing wanci ingkang sampun kapiji. Kamangka sampun malih
papan padununganipun ratu, marginipun dhateng
kedhaton kemawon dereng sumerab, kebangeten
ta? Mila satemah lajeng ngawur, punapa utawi sinten kemawon ingkang
karaos utawi kaanggep dados ratu gustinipun, punika
lajeng kasembah-sembah. Makaten lajeng klambrangan
boten ngertos wonten ing pundi padununganipun
piyambak punika.
Lurah-lurah ingkang klebet perangan angka
kalih wau, kacariyos sareng dumugi wancinipun
sowan, saperangan ageng sami rumaos awrat
nilar bale-griyanipun tuwin kadang warganipun,
mila bidhalipun tansah dipunendhe-endhe.
Makaten jalaran nalika semanten saweg
ngertos, bilih margi ingkang badhe dipunlangkungi punika rungsit sanget, wasana lajeng
namung narimah sadumuginipun kemawon [dumugi
ing pundi kemawon narimah].
Lurah golongan ingkang angka tiga boten perlu
kaparingan penget, wanci ingkang sampun katemtokaken
sampun sumerab, semanten ugi margi ingkang
anjog dhateng kedhaton inggih sampun apal karana sampun asring
dipunlangkungi. Srawungipun kaliyan para
narapraja sampun raket, mila boten mawi ewed-pakewed
manawi pinuju wancinipun sowan ing abyantara
nata.
Makaten ringkesaning dongeng wau. Lha sapunika
manawi dipungagas, you pasti tanya, "Mas-mas-mas
dongeng makaten kok lajeng dipungolonganken
dhateng kawruh kabatosan, punika terangipun
kados pundi?"
Pancen leres manawi dongeng wau kalebet wonten
ing kawruh kabatosan, awit dongeng makaten
wau mahyakaken kawontenan tumitah ing ngracapada
mriki. Lurah golongan kapisan wau nggambaraken
wong urip sing mung trima urip bae, boten
gadhah pikiran punapa-punapa salintunipun
mangan, turu, lan cumbana. Manawi sampun
dumugi wancinipun kapundhut dening ingkang
Murbeng Gesang, lajeng suksmanipun nunjang
palang boten karuwan paranipun, bebasanipun Lir Kinjeng Tanpa
Soca.
Lurah-lurah perangan ingkang kaping kalih
punika radi lumayan, nanging inggih taksih
kathah ingkang klentu jalaran saking kirang
pramananipun, dereng estu-estu mangertos lan
sumerab. Leres margi ingkang dipunlangkungi
pancen sae, rata tur aspalan kelas siji,
nanging sayegtosipun margi wau boten anjog
utawi tumuju dhateng kedhaton.
Asmaning ratu gustinipun sampun dipunsumerabi,
saben dinten dibengoki, nanging sejatosipun
lurah-lurah perangan kaping kalih punika dereng mangertos dhateng
ingkang dipunsembah-sembah wau. Makaten
wau, manawi piyambakipun sampun saged dumugi
alun-alun kedhaton kemawon sampun kelebet
beja.
Para lurah ingkang klebet golongan kaping
tiga dados pralambangipun tiyang-tiyang ingkang
sampun mumpuni, wis bisa njumbuhake Kawula-Gusti,
sampun boten kewran ing agal alus. Malah
tiyang wau sampun saged mangertosi wancinipun
bidhal dhateng Kasidan Jati (alam kalanggengan). Mila samubarangipun sampun sarwa-sarwi cumawis
saderengipun bidhal. Nalika sampun wancinipun
dipunsumarekaken, pasuryanipun katingal mesem,
mratandhani manawi sampun boten wonten malih
ingkang dipunwas-sumelangaken, jeneng wis
katrima lakune.
Dedongengan ing kina pipiradanipun kasunyatan
kados ing inggil punika wau mengku suraos
ngupadi sanguning pejah sarana anebihi tumindak
ingkang mbadal saking pusering bebener, kalis
ing sambikala.
Apa ta manungsa kuwi?
Kajaba kumpulaning balung-balung kang tanpa
aji. Mung janma limpat seprapat tamat.
back to the top