
LUNG TINAMPEN
Hurip Hanebu Sakuyun
Para sutresna PJ tamtu sampun pirsa, bilih
amahyakaken satunggaling pamanggih punika
saged dipun wujudaken sarana ngaku, ngantebaken,
saged ugi wujud selak utawi ngorakaken. Dados
saged yes or no.
Sanadyan pikir namung saged hambalabar ing
tetembungan, nanging tetembungan punika sanes
pirantos ingkang saged kangge sapurun-purunipun
mikir.
Punika amargi sajawinipun nalar,
tetembungan
ingkang runtut dados ukara, ukara
dados basa,
punika anggadhahi maksud ingkang
benten-benten
gumantung kabetahanipun tiyang
ingkang gineman.
Wonten pamilihing basa ingkang
mligi kangge
pirantos pikir ingkang cundhuk
kaliyan nalar,
nanging wonten ugi pamilihing
basa ingkang
tumuju dhateng kaendahan.
Upaminipun:
(1) Mastoni punika bodho.
(2) Mastoni punika boten pinter.
Miturut nalar, kalih-kalihipun tegesipun
sami: bodho punika sami kaliyan boten pinter, sami cublukipun. Nanging miturut raos pangraos,
katerangan kalih warni wau sejatosipun boten
sami.
Tuladha sanesipun, inggih punika tetembungan
ingkang asring pinanggih ing kasusastran
kadosta: rai gedheg, ketiban telek baya, ora tau mangan
sekolahan, lsp.
Manawi dipun nalar, kaendahanipun tembung-tembung
wau lajeng ical amargi tetembungan wau nilar
waton-waton nalar, nanging malah kapara dados
saenipun. Ora tau mangan sekolahan punika punapa pinanggih ing nalar? (lha
wong sekolahan kok dipangan), nanging tiyang
ngertos dhateng maksudipun awit ingkang saweg
dipun ginakaken sanes nalar.
Dados sauger sesulih purusa kapisan
[sinten
ingkang gineman] lan sesulih
purusa kapindho
[sinten ingkang tumanggap wawan
ginem] punika
saged ngertos-ingertosan sinten
utawi punapa
ingkang dipunginem, kados pundi
swasananipun,
saged linton-lintonan pamanggih,
saged mbedakaken
pundi ingkang cocog lan pundi
ingkang mleset,
bab trep mbadhalipun pamilihing
tembung saking
paugeraning basa, cetha gesehipun
dhapukaning
ukara, runtut mengslenipun pangiketing
basa,
leresipun ejaan saha pakecapan,
kula namung
nyumanggakaken ingkang gineman.
Menggah pangrawiting parama sastra lan basa
kula ingkang sarwa-sarwi grothal-grathul,
kirang pratitis, lsp., punapa dene ingkang
kalingga murda [dialembana], kula namung
nyumanggakaken para ingkang kersa hangemutaken.
Saking pamanggih kula, ingkang langkung wigatos
kalenggahaning basa punika kedah saged kangge
lung tinampen pangertosan utawi tumanduk
tumanggap.
Mila sumangga sami amersudi
kamanunggalanipun HURIP HANEBU SAUYUN, bebasan
jiniwit katut cinandra kena.
Sadaya solah bawa tuwin ginem punika yektosipun
namung wedharing kajeng. Saderengipun kawedalaken,
ingkang gadhah kajeng wau sajak sampun nata
urut-urutanipun rumiyin. Pangangkahipun sageda
manungsa sanes ingkang dipun paringi sasmitanipun
utawi ingkang dipun ajak rembagan wau mangertos
dhateng sedyanipun, ingkang dumunung wonten
ing solah bawa tuwin tetembungan punika.
Ewa semanten sok-sok inggih mlesed. Rumaosing
manah, urut-urutanipun sampun sae, miturut
wewaton, nanging tiyang sanes kok meksa teksih
dereng mudheng ingkang dipun sedyakaken utawi
teksih ambetahaken katrangan sanesipun malih
supados langkung gamblang terang trawaca
ingkang dados maksud suraosipun.
Mesthinipun ingkang gadhah kajeng punika
lajeng gela, rumaos yen teksih dereng baud
anggenipun nata solah bawa tuwin
tetembungan ingkang tumuju dhateng tiyang
sanes wau. Bab ingkang makaten punika saben
dinten sinten kemawon nate ngalami. Inggih
panci sampun dados kodrating manungsa, wiwit
tangi gregah kedah nenata kekandutanipun.
Dene perlunipun namung supados anggenipun
gesang sesrawungan punika langkung sakeca
lan mikantuki, boten nyagak talang.
back to the top