Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik
dhumawahing tawang-towang. Para priyagung hanung-hanung
lebda ing salwiring reh menggahing kawruh lan kautaman,
kalilanana manawi ing riki kula nekad tumut njegur mak byur
ing tuking kaweruh lumantar andharan ing ngandhap punika,
lajeng ceciblon penak seger munyer-munyer sinambi
tetembangan hambarang jantur tuwin hambalang gondhang tutur,
rengeng-rengeng angegidung pameling dhiri kangge
hanggondheli werdi ingkang kuwawi nedhahaken samukalir
kiblating pangluru
kanthi kumawantun anggelar gulung medhar weriting perkawis
Jiwa Jawi punika kacundhukaken kaliyan kabetahan samangke
tanpa nilar piwulang kina ingkang ngemu aji langgeng.
Kumalancang kula adhapur anyerep-nyerepaken linggih salehing
Jiwa Jawi hing ngarsa panjenengan punika sayektosipun namung
saderma hanetepi darmaning ngagesang wonten ing samadyaning
bebrayan. Kula rumaos kajibah tumut hambundheli sarta mulat
edi endahing budaya lan sastra Jawi supados boten
mingsad-mingsed, mulur mungkret, ewah gingsir anggen kula
angegungngluhuraken kabudayan piyambak amrih lestari widada
salaras kaliyan kayektosan mekar mungkaring jaman. Ing
pangajab, mugi andharan kula punika sageda mujudaken
satunggaling bab ingkang kenging kangge ubarampening imbal
wacana supados wawan rembag punika langkung menthes lan
mikantuki. Jer
wajibing tiyang gesang punika rak namung kalih, inggih
punika sinau lan mulang, tamtunipun kanthi wicaksana inggih
punika sageda ngrumaosi lan mangertosi dhateng cacading
dhiri sarta mbudidaya kepripun amrih karaos manis, matis,
pantes lan sakeca tanpa nyampyok pangreksaning darbeking
liyan.
Dikotomi lawas anyar, kuna modheren, sing modheren kudu
digondheli rapet sing tradhisional kudu ditinggal glanggang
utawi kosokwangsulipun, punapa dene “romantisasi masa lalu”
vs “nguri-uri budaya”, udreg-udregan perkawis punika badhe
tansah wonten lan sah-sah kemawon, kapara malah sae amargi
saged sangsaya njembaraken wawasan kita, saengga kita saged
mahyakaken pamikiran-pamikiran kita kanthi langkung patitis
lan menthes saha saged katampi dening nalar. Tuwuhipun
mawarni-warni pamanggih, kalebet sadaya panyaruwe ingkang
kawedal saking lathi, punika rak sampun nama limrah. Pramila
kita sampun was sumelang malih, ingkang baken kita kedah
jejeg, jajag, jumujug anggen kita sami lelumban tumut
andhudhuk, andhudhah, adamel mekar ngrembaka budaya Jawi.
Sikep toleran dhateng dikotomi punika ugi perlu kangge
gladhen olah rasa supados kita tansah waspada, tansah
ngangge petungan ing sabarang tumindak, nora kena den awur
ing satemah sasar susur.
Tembung waspada piyambak mengku teges “tansah awas ing pada”.
Manawi padane punika “pada lingsa” (tandha koma ing aksara
Jawi), inggih kedah wonten let-letane, ambegan rumiyin
sawetawis lajeng lumampah malih. Semanten ugi manawi padane
punika “pada lungsi” (tandha titik), inggih kedah purun
mandheg mak sssst, direm sampun ngantos bablas mindhak
kadrawasan mangke. Wonten ing jagad pakeliran, sinambi
ndhodhog kothak ki dhalang asring paring sasmita “kadya
kukila mung weng gantangan".
Para
niyaga, wiraswara, lan waranggana sadaya sampun sami
nyumerabi sasmita wau, inggih punika boten kepareng ngglajus
nggelar sampak sakarepe udele dhewe (sing arepe mangan udele
dhewe kaya cak sapta ya sapa cak), amargi sasmita wau
minangka tandha manawi sampun wancinipun nabuh gendhing
Perkutut Manggung.
Sapunika sumangga kita gagas-gagas, kita sadaya punika rak
‘korban’ saking prastawa sejarah ta? Pramila kangge ngadhepi
mangsa samangke lan ingkang badhe kalampahaken, prayoginipun
kita kedah purun noleh mawingking supados boten kesampar
kesandhung anggen kita badhe tumapak lumampah mangajeng
manggihi karahayoning bebrayan ing alam sawegung. Ning
kosokwangsulipun, kula ugi boten kuwawi angluputaken
satunggaling pamanggih ingkang mratelakaken bilih punjering
kawigatosan ing salabetipun kita tumandang damel, punika
kedah mligi tumuju ing riki lan ing wekdal samangke.
Pamanggih punika manawi kamamah lembut inggih pancen wonten
leresipun, sauger pamanggih makaten wau boten pisan-pisan
anglirwakaken dhateng sadaya kedadosan ingkang sampun nate
gumelar, nanging tetep dipun kantheni kaweruh saking pundi
sangkan kita punika lan daya pangaribawa saking prastawa
sejarah ingkang pundi ingkang handadosaken kita kados
sapunika. Rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli,
mulat sarira hangrasa wani.
Santayana, salah satunggaling filosof saking sabrang Kilenan
ugi nate asung wewarah, kinten-kinten makaten ungelipun
"Those who don't know their own history are condemned to
repeat it." [Sok sintena ingkang boten ngawuningani
sejarahipun, padatanipun lajeng angambali prastawanipun.]
Ancasipun angrikataken anggenipun badhe anggayuh kamajengan,
gumregah enggal tata-tata murugi ingkang saweg dados
sawangan, bebasan nginanga durung abang ngidua durung asad,
mak jleg sampun dumugi ing pucuk. Nanging sarehning sampun
kicalan ingkang saged dados pancadan, boten sanes inggih
punika budaya Jawi minangka perangan jati dhirinipun
piyambak--ingkang sami dipun singkiri kapara malah
kaasoraken drajatipun--temahan ing satengahing margi ingkang
pinanggih namung reribed, jebul malah dharedhah tansah panca
bakah kaliyan bangsanipun piyambak. "Kasmaran angimpun
kawrin, ngaran Suluk Sangkan Paran, amrih wruh bener lupute,
wong tumitah aneng ndonya, purwane saking apa, angandika
Kanjeng Rasul, sapa kang wruh ing sarira, sayekti wruh Hyang
Widdhi, pesthi ananing manungsa, kadis punika pakone pan nora
kuwasa nora, manungsa ngawruhana, inya ingkang nedya weruh,
wruh babarira kamulyan...."
Ingkang dados sedyaning manah kula, inggih punika namung
badhe mawas salah satunggaling wataking manungsa ingkang ing
wekdal samangke perlu sanget kagesangaken. Manungsa punika
kasinungan watak saged nata. Sinten ingkang nglirwakaken
tamtu badhe manggihi kapitunan ageng boten saged angratoni
alam karahayonipun. Gesangipun manungsa punika saged katitik
saking cipta, rasa, lan karsanipun. Sipating gesangipun
manungsa warni tiga wau kenging kula tembungaken
daya-dayaning Gusti ingkang wonten ing manungsa.
[1] Cipta punika keplasipun dhateng kaweruh. Ananging
manungsa kedah enget dhateng weting kodrat, bilih kaweruh
wau kedah tumuju dhateng pangurbanan, inggih punika sepi ing
pamrih karenan lereming reh rahayu, dados tumuju dhateng
karahayon.
[2] Karsa punika pentokipun dhateng panguwasa, amargi
manungsa punika manawi sampun saged mranata badhanipun
piyambak, inggih saged mranata dhateng kiwa tengenipun.
Namung kemawon, kawasa ingkang sampun kasarira dening
manungsa punika wau kedah kangge angayomi.
[3] Rasa punika keplasipun dhateng katresnan, dados kedah
mawi kekiyataning raos.
Watak punika dumunung wonten ing utek, naminipun pamikir.
Sadaya ingkang medal saking wewengkon punika nami pikiran.
Samangsa manungsa gadhah pikajeng, pamikir lajeng kataman
dhateng dayaning pikajeng wau, lajeng ebah. Lha ebahing
pamikir punika ingkang dipun wastani mikir, sanes
mikir-mikir. Dene bentenipun, tiyang mikir punika mesti
wonten ancas tujuwanipun. Pikiran satunggal lan
satunggalipun ingkang jumedhul saking pamikir punika lajeng
kagathuk-gathukaken, kasaring-saring, perlunipun ngupadi
pamanggih ingkang mikantuki dhumateng ingkang ngebahaken
pikiran wau.
Tiyang mikir punika kados dene tiyang mlampah: dumugi ing
prasekawanan boten sumerab lajenging lampahipun, punapa
mangiwa punapa manengen. Samangsa tiyang punika namung
linggih kemawon, tamtunipun boten badhe sumerab margi pundi
ingkang kinten-kinten leres. Benten sanget samangsa tiyang
wau lajeng purun menek uwit inggil upaminipun, saged sumerab
tlatah sakiwa tengenipun. Ing inggil uwit saged angsal
pamanggih, margi pundi ingkang sakinten saged dumugi ing
papan ingkang katuju. Lepat lan leresipun pamanggih wau
badhe kayektosan manawi sampun dipun lampahi.
Kosokwangsulipun, tiyang mikir-mikir punika namung anampeni
saben pikiran ingkang medal saking kajengipun piyambak,
boten wonten punthonipun, tanpa pamanggih punapa-punapa.
Dados punthoning tiyang mikir punika angsal pamanggih.
Pamanggih wau yen kacobi nembe kasumeraban leres lan
lepatipun. Cekakipun: tiyang purun mikir punika manawi
angsal reribed, wujuding karibedan warni-warni, kajengipun
namung badhe ngicali karibedan wau. Punika ingkang dados
pamrihipun tiyang mikir, mila wonten tetembungan yen boten
wonten lampah tanpa pamrih tegesipun tanpa tuju. Dene
lampahipun kados makaten, samangsa tiyang punika manggih
karibedan, lajeng pamikiripun kendel jegreg kados tiyang
lumampah ingkang kaalang-alangan. Ing batos wonten pikajeng
badhe ngicali pepalang wau.
Pamikir, kadayan saking dayaning pikajeng, lajeng samekta
badhe nyambut damel. Karibedan wau kapilah-pilah, perlunipun
badhe nyumerabi sapinten agenging karibedan sarta badhe
kabucal mbaka sakedhik. Pilah-pilahan lajeng kawawas mbaka
satunggal, urut, boten sapurun-purun kemawon pamendhetipun.
Sadaya pangalamaning pamikir lajeng kawedalaken. Pangalaman
wau dipun gothak-gathukaken, wiwit nyobi-nyobi pangalaman
pribadi pundi ingkang sakinten saged ngicali karibedan
punika. Wekasaning panyobi wau angsal pamanggih satunggal
kalih ingkang sajak saged katindakaken, salah satunggal
kedah kapendhet. Manawi kacobi, badhe nyumerabi leres lan
botenipun. Manawi panci leres, nama yen pamikiran leres.
Manawi pamanggih wau boten mikantuki, nama yen pamikiranipun
lepat utawi klentu.
Saged ngrumaosi lan mangertosi, punika perkawis ingkang
raket keket supeket cathok gawelipun kaliyan muluring
pamikir, ingkang sakawit saged mangertos sebab saking mikir
utawi mangertos sebab saking pangraos. Sadaya kempaling
pangertosan ingkang mijil saking pamikir utawi pangraos
mujudaken undhuh-undhuhan saking weruh, amila lajeng kasebat
kaweruh, amargi ingkang dados empan paraning gilig punika
inggih saking tumanduk ing weruh. Inggih pikajenganing
manungsa ingkang kasurung dening rumaos hambetahaken saha
niyatipun kepingin mangertosi dhateng samukawis punika
ingkang dados dhasaring kaweruh.
Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng
nuwuhaken pangertosan. Hewadene pangertosan ingkang tuwuh
saking muluring pamikir ingkang dipun kantheni kekiyataning
pangraos, keplasipun mangke lajeng tumuju dhateng katresnan,
tresna dhateng sasamining ngagesang. Tuwuhing pangertosan
punika boten cekap namung kandel-kumandel saking
moncering pepaking kaweruh ilmu-ilmu pangawikan kemawon,
utawi saking
ngapalaken punapa dene nirokaken isining
buku lan reriptan sanesipun, lajeng njajal-njajal piyambak
ngiras pantes nyinau neniteni lan nggagas-nggagas utawi
nglimbang-nglimbang.,
nanging ugi kedah saged nyumerabi kawontenan sarana kersa
migatosaken dhateng kawontenan wau, punika ingkang nama maca
kahanan.
Migatosaken dhateng kawontenan punika tegesipun nanggapi
dhateng ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet
punika saperlu kangge nggugah raos. “Sing sepi resepana,
sanadyan sing sepa ora muspra.” Moncering wejangan punika
saged kangge cakotan manawi badhe mirantosaken margi ingkang
kedah dipun ambah dening para lelampah, murih boten
angececer wanci sarta saged rancag dumugining gegayuhanipun.
Wohipun tiyang migatosaken kawontenan punika tamtu gesang
raosipun, kagigah raosipun, lajeng purun ngraosaken dhateng
kawontenan. Manawi tiyang punika sampun gesang raosipun,
padatanipun lajeng tuwuh niyatipun tumut hangrerencangi
kadumugening sedya angratoni alaming karahayon ing
salebeting gesangipun.
“Pepindhanipun gupala kawarsan [reca lumuten saking
lawasipun], punika kangge nggambaraken manungsa ingkang
gesangipun tanpa linambaran raos,” makaten Rama Topo ing
Pakuncen paring damar seserepan ngengingi perkawis raos
punika. “Kudu
nginang suruh, sumuruba nganti weruh, bisoa nganti tekan
rosing rasa, gaduk ing rasa, candhak ing tata.”
Ngerti punika pancen jembar tegesipun, amila ing blabaraning
piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan gineman kanthi
patitis--tegesipun saged njlentrehaken punapa ingkang sampun
dipun sumerabi--punika gandheng renteng kaliyan piwulang
ngrembag samubarang kanthi olah nalar lan panglantih olah
cecaturan ngangge basa lan lagu ingkang becik, ngampil
basanipun ndara tuwan kolonial mungel Zaakonderwijs
verbonden met spreeken verstandsoefeningen.
Perkawis olah nalar lan mahyakaken pamikiran arupi seratan
utawi gineman kanthi patitis punika lajeng ngemutaken kula
ngengingi tata cara ing pawiyatan nalika jaman kolonial
Walandi, inggih punika opstelletje maken kados
ingkang sampun nate kapratelakaken ing buku anggitanipun
Rama J.B. Mangunwijaya asesirah Impian dari Yogyakarta.
Ing tata cara
opstelletje maken punika, para siswa kadhawuhan kapurih
adamel reriptan, lajeng seratanipun punika kawaos ing
sangajengipun kelas. Ingkang kajibah mbiji (saged ugi arupi
pitakenan langsung) punika boten namung guru, nanging ugi
kalebet kanca-kancanipun sesami siswa. Kanthi panglantih
nyerat lan mbabar isining seratan ing sangajengipun akathah
punika, punapa malih manawi katindakaken saben dinten, para
siswa wiwit taksih mambu kencur sampun dipun kulinakaken
mahyakaken pamikiran-pamikiranipun kanthi patitis lan boten
dados gampang nesu lajeng
ngrancang reridhu anjlumati laku
manawi pinuju pikantuk panacad utawi panyaruwe.
Kawuningana, ngelmu punika sagedipun dados kaweruh
kasunyatan kedah kanthi laku. Ngelmu ingkang tanpa laku,
boten badhe saged nekseni kasunyatanipun namung kandheg
wonten ing gagasan kemawon, rumaosipun sampun bontos
kaweruhipun, garanipun sampun apil dhateng apalaning
piwulang, nanging sayektosipun dereng paja-paja. Yen
panjenengan kagungan Serat Wulang Reh, yasan dalem PB IV,
ing kono kapacak tembang kawitan Sekar Dhadhanggula, lha
mangga diwaos sinambi rengeng-rengeng: "Sasmitane ngaurip
punika, mapan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung
wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira."
Kaweruh bab ngelmu punika manawi taksih saking piwulangipun
asanes, utawi piwulangipun buku-buku, punika taksih dereng
kenging dipun percados wetah, jalaran piwulang wau
sayektosipun namung ancer-ancer minangka kangge cocogan ing
tembe. Dados sadaya piwulang punika sagedipun tumanja boten
cekap namung taberi ngemba-ngemba damel warna-warni
pitakenan, nanging kedah dipun pirsani kepriye tandang
grayange, gada gitike, labuh labete marang tugase, carane
pasrawungan bisa samat-sinamatan apa ora, bisa tanggap
marang kaperluwan apa ora. Ing Serat Wedhatama yasan dalem
Kanjeng Gusti Mangkunegara IV wonten tetembungan minangka
gagaran tumrap para ingkang sami ngudi kaweruh, ungelipun
makaten: “Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani, setya buda pangekese dur angkara”.
Sekar Pucung punika wosipun nyethakaken menggah ngelmi
punika sagedipun tumama kedah mawi lampah lan kawiwitan
saking santosaning lahir lan batos. Manawi sampun tuhu
bebudenipun tamtu badhe saged hambengkas tumindak awon sarta
angkaranipun. Sanadyan kagungan ngelmu, nanging manawi boten
kersa hanglampahi, punika pepindhanipun kados dene wastra
lungset ing sampiran. Dados para ingkang ngupadi dhateng
kaweruh lan kautaman samya ngrumaosi kajibah nyepeng tanggel
jawab
tumut lelumban aneng samodraning pakaryan njejegaken
kawontenan lan sadaya tumindak ingkang karaosaken singlar,
nalisir, geseh, mencong, menceng, serong, cengkah, punapa
dene ingkang mbadal saking pepoyaning kautaman, supados
ingkang kaesthi, ingkang kawijil ing lathi saha ingkang
binabar ing tindak-tanduk lan solah-bawaning pakarti sageda
murakabi ing kardi.
Tiyang ingkang saya berag anggenipun ngudi ngelmi
kasampurnaning agesang, satemah cahyaning wadananipun
katingal sumunar kaprabadan resik weninging budinipun.
Manawi tiyang punika tansah taberi ngudi kasembadaning
gegayuhanipun, tansah incang-inceng luru ngelmu, thruthusan
sinau linambaran ing lampah sesirik sarwa gengsi, satemah
badhe saged sumerab lan mangertos sayektos kasunyatan
kawontenaning jagad nginggil lan jagad ngandhap. Jagad
nginggil ingkang padhang narawang anjog dhateng kasuwargan.
Jagad ngandhap ingkang kebak pepeteng, rereged lan sarwa
dosa. Awit saking sanget ing pangudi, satemah saged
kadumugen gegayuhanipun saged nutul kembang sadhompol,
inggih punika sekaring kasampurnan marganing asuwargan
ingkang satuhu, ingkang rupinipun mancawarna, abramarkata
kados manekawarninipun drijining asta, panjang celak, ageng
alit, lan maneka warni tujuwan sarta pigunanipun.
Minangka jangkeping wawasan, kula badhe mratelakaken
lampahing panggulawentah gandheng kaliyan wataking manungsa.
Ing saderengipun jabang bayi lair, punika sampun anggadhahi
wewatakan ingkang dipun wastani dhasaring watak. Anggegesang
wewatakan ingkang sae saha amejahi watak ingkang kirang
prayogi punika ingkang dipun wastani panggulawentah. Manawi
para juru panggulawentahipun boten saged dados patuladhan,
lajeng kados pundi wewatakanipun lare ing tembe wingking?
Kacang ora ninggal lanjaran. Anak molah bapa kepradhah.
Manawi panggulawentahipun klentu, satemah watak ingkang sae
wau lajeng saged kasilep, katutupan dening ngrembakaning
watak ingkang kirang prayogi. Amila, patrapipun para juru
panggulawentah anggenipun nuntun dhateng lare kedah sarana
ngulataken dhateng dhasaring wewatakanipun lare, supados
tuntunanipun sageda laras kaliyan ancasing lare.
Sanadyan katuntun kados punapa kemawon, rancaging lampah
anggayuh karaharjaning putra ngantos dados tiyang pinter,
nanging manawi kasagedan wau boten laras kaliyan
dhedhasaring wewatakan ingkang sumimpen ing dalem putra wau,
ing tembe tamtu badhe wonten benceng cewengipun tumrap
wewatakanipun, bebasan pintere mung pinter keblinger boten
uninga punapa ingkang perlu katindakaken utawi pundi margi
ingkang kedah kaambah amrih saged kadumugen gesangipun. Lare
punika jiwa ingkang gadhah lelampahan piyambak, ingkang
perlu anggayuh satunggaling pakaryan ingkang sampun dados
tetanggelanipun, gadhah kewajiban ingkang kedah
karampungaken ing salabeting gesangipun.
Sadaya kadadosan punika rak mesthi wonten sebab-musababipun,
pramila
punika manawi kita badhe ngundhuh woh ingkang miraos, inggih
lajeng
perlu ngengeti damel wiji utawi sebab ingkang saged nguwoh
miraos. Mbokmanawi sampun dados wewataking manungsa, manawi
dereng wonten lelampahan ingkang sangsara, limrahipun dereng
kraos klentu lan sok ugi dereng wonten niyat badhe andadosi
sebabipun nandhang papa cintraka wau. Dados
nedhah-nedhahaken kasangsaran, ngertos-ngertosaken dhateng
risaking kawontenan, bibrahing tatanan ingkang tundhonipun
damel kapitunanan dhateng asanes, punika perlu supados
bebrayan umum saged tumut ngraosaken lelampahan ingkang
sinandhang. Manawi sampun saged kraos, yakin yen sangsara,
limrahipun lajeng gampil dipun ajak mikir punapa ta
sebabipun lan kados pundi anggen kita saged ngrungkeb
ingkang dados gedibaling ontran-ontran, rengka-rekasaning
laku, rungsit-gawating gesang ing ngalam bebrayan Nuswantara
punika.
Anggenipun bangsa kita ebah ngupados kamulyan tuwin
kaluhuran sampun 58 warsa, ananging kedah sami dipun akeni
manawi dumugi samangke ebah-ebahan wau dereng saged
mujudaken woh kados ingkang dipun ajeng-ajeng. Pramila
ebah-ebahan wau kedah dipun santosakaken, supados
kekiyatanipun langkung ageng katimbang samangke. Sadaya
panjangka ingkang dipun lambari kekiyatan ingkang rosa
punika mesti enggal kadumugenipun. Awit saking punika,
sumangga kita para mudha ingkang sami jumagar-jumagar tuwin
ingkang wekdal samangke sami ngudi kaweruh mawarni-warni
sampun ngantos kesupen bilih pangudi kaweruh punika namung
satunggaling sarana kangge nyamektekaken anggenipun badhe
dados bebrayan.
Para sepuh ingkang ing wekdal samangke lelumban wonten ing
ebah-ebahaning bangsa boten dangu malih badhe lengser saking
palenggahanipun kabekta saking sampun yuswa utawi
kekiyatanipun sampun suda kangge nyambut damel migatosaken
kabetahanipun bebrayan. Para taruna ingkang samangke nedheng
ing pawiyatan kedah sami ngrumaosi gadhah wajib anggentosi
palenggahanipun para sepuh. Para nem-neman punika
wewatakanipun banter sakliring tindak, mila dhatengipun para
nem-neman ing jagading ebah-ebahan badhe njurung lampahipun
ebah-ebahan wau, tegesipun angrikataken badhe kadumugening
sedya. Ananging, Kanjeng Gusti Mangkunegara IV sampun paring
suka pepadhang tuwin suka pepenget, ungelipun “mung bae
wekasing wang, ywa pegat teteki”.
Sadaya tumindak punika kedah linambaran teteki. Teteki ing
riki tegesipun mulat dhateng punapa ingkang dipun tindakaken.
Dados teteki ing riki boten ateges cegah dhahar lawan guling,
nanging tansah mulata dhateng sakathahing tumindak, amargi
tindak makaten manawi anggenipun nglampahaken boten mawi
kawicaksanan, tuna dungkapipun sok inggih andrawasi. Tiyang
gesang punika kedah nelangsa, tegesipun nalangsa dede bingah
dede sisah, nanging prihatin. Prihatin ing riki tegesipun
tansah nglanggengaken raos eling, mangesti marang kang mesti.
Wewarah ing inggil wau ugi cundhuk kaliyan piwulang dalem
eyang Breges Sotya Tunggul Negara, inggih Sinuwun P.B. V,
sinawung Sekar Dhandhanggula mungel makaten: “Yen tegese
wong prihatin iki, ora nyirik dhahar lawan nendra, ngemana
ragamu angger, awit prihatin iku, dadi wajib lakuning urip,
amrih temtreming manah, dimen ora numbuk, ya iku wong olah
padhang, ngrasakake bener luput ala becik, dununge kang
sanyata.
Satunggaling bangsa ingkang badhe anggarap satunggaling
pakaryan agung, ingkang ngangkah murih rahayuning
bebrayanipun, punika boten perlu kesesa supados enggal saged
ngundhuh wohipun, nanging langkung perlu utawi langkung
utami manawi ing salebetipun angudi kacepenging
gegayuhanipun wau dipun kanteni ngudi murih kawontenaning
bebrayanipun samangke punika ing tembe sageda sami nurunaken
bebrayan enggal ingkang ambegipun laras kaliyan
kekudanganipun murih sageda widada kawontenanipun, samangsa
pancering gegayuhan wau saged kadarbe. Punika amargi
sanadyan tiyang saged kadumugen sedyanipun andarbe
kawontenan ingkang endah, edi tuwin peni, nanging manawi
ambeging bebrayan wau dereng sami rahayu, saestu boten saged
widada, telenging gegayuhan badhe muspra sabab badhe gampil
risakipun, manawi tewah cocongkrahan rebut unggul ing dalem
kalanganipun piyambak.
Lir pindhane geni murub siniram lenga patra, boten saged
enggal hambirat ingkang ngenggreg-enggregi, lha kok malah
sangsaya ndadra, sangsaya angel panyirebe anggenipun sami
remen nuruti hardha puwa-puwaning ati. Kamanungsan lebur
tanpa aran ing satengahing palagan antarane urip lan
kanisthan.Watuk ingkang taksih cumondhok ing wataking bangsa
punika badhe sangsaya awrat anggenipun ngusadani. Nuwun.