
MEREMA
SING NDHIPET
Ngambah
Alam Sunya Ruri
Manawi
miturut pamanggih kula, ingkang tumindakipun sarwa-sarwi
sruwat-sruwut, srengkat-srengkot, rupak ing pangerti [manawi
ginagas tansaya ngranuhi], rungsit (rekaos marginipun),
tur remit [bebasan madosi susuhing angin], werit (tebih
sarta awrat kajangka gegayuhanipun], wedharanipun
rerumpakan "merema [mripat] sing ndhipet" punika mengku
suraos bilih nalika laku patrap
semedi, meleng cipta, manembah lan memuji asmaning Hyang
Suksma Kawekas, tiyang kedah resik ing pangangen-angenipun,
nora kasisiban ing pangajeng-ajeng, ateges estu
kedah suwung tanpa paminta punapa-punapa.
Sanadyan ta
gelenging pikir namung angesthi kanugrahaning Gusti,
punika sayegtosipun teksih saged kinaran minangka salah
satunggiling patrap ingkang taksih ngemu pamrih. Manawi
taksih jelalatan gicu, pamawasipun saged benten kaliyan
panggraitanipun, ingkang sami winejang meksa taksih badhe
wonten bundhel nalaripun, temahan sami salang-surup dereng
saged hanampeni sasmitaning ngelmi ingkang winedhar.
Patrap mesubrata utawi mesuraga kedah estu-estu namung
sumarah wasesane Hyang Kang Akarya Jagad ngantos weninging jiwa
karaos wus nyep
ubaling napsu kekajenganipun, sucining jiwa akarya
nyawiji mring Hyang Widdhi, kawastanan Loroning Atunggal. Tentreming batin dumunung ana ing
sireping karep. Manawi hardhaning
karep wus kinekes, ing pangajab sageda manjing ing alam Sunya-ruri.
Wonten
pepenget mrih samya waspadha kang dinulu, amargi jejering
Suksma Murba, inggih dzat ora kasad mata, ora sipat, ora
asma, tan kena kinaya ngapa, punika anglimputi sabarang
kalir ingkang gumelar ing jagad raya.
Ngeremake mripat
sadhipet tamtu mboten ateges nglirwakaken kawaspadhan (kawaos:
sureming wawasan ingkang bener lan pener), amargi icaling
kawaspadhan mahanani sirnaning wawasan jroning batin.
Hewadene wawasan ingkang sampurna pandulunipun mboten
mangro tingal, teguh tumuju arah sawiji tan mulad ing jiwa
lan raga, kandheg makartining karep kang bener, wus asikep
kawaspadhan pamawase mring Hyang Widdhi Wasa wonten ing
salebeting alam Sunya Ruri. Kaserat ing Pustaka Centhini
VIII, rinakit ing salebeting pupuh 536:
Tinggal jati anirnakake
liring,
Liring awas murciteng paningal,
Sun sinun ketingal mangke,
Tingal jati andeh tan liring,
Katingal kang sun tingal,
Muhung kang kadulu,
Inggih ugi awakira,
Kang kadulu yen dinulu tan kekasih,
Layap paraning tingal,
Sampurnaning tingal tanpa pamrih,
Tan mulad ing jiwa raga,
Tingale wus brasta kabeh,
Kebeh luyut tan emut,
Kandhek tingale karsa jati.
Kawontenan alam Sunya-ruri kasanepakaken kadya
"urubing geni kang kinurung"--murub
manther tan obah, tan mosik, nanging urip.
Kapratelakaken ing Bhagawad Gita VI sloka
19, kirang langkung jarwanipun mungel makaten:
"Kaya uribing agni manther ora obah
ana ing papan kang wis samirana. Mangkono
uga Sang Yogi, ubaling pikir kanepakake patrap
nyawijekake jiwa manunggal mring Atma." Ing Pustaka Centhini
VII, rinakit ing salebting kidung pupuh 389-520, mungel: "Suksma
datan adoh saka dhiri, manggon ing kahenengan, ramening
asamun, tebih yen tinebihna, inggih celak yen cinelakna
ugi." Temen. Temenanan. Tinemu.
back to the top