
SAPA TA
AKU IKI
"Aku" manggone ana ing sawijining panggonan
kang tentrem ayem sidhem premanem. Embuh
jalaran saka apa weruh-weruh aku kok ya wis
manggon ana ing panggonan kang seje tur aeng.
Ana ing kono aku banjur mawa cahya sumorot
wening anelahi. Ing panggonan kang kapindho
iki, aku iya isih ora tetep. Kaya-kaya wis
dumunung ana ing panggonan kang seje maneh lan
aku banjur bisa mobah molah kang lumrahe
diarani urip.
Saka panggonan iki lan saka
dayaning mobah molah mau, aku kaya-kaya ngalih
maneh ing panggonan liyane, apamaneh aku
banjur kanggonan budi.
Saiki aku ngerti yen wis ngalih ing
panggonan kang seje maneh. Aku banjur duwe
rasa pangrasa. Budiku wiwit ora jenjem, nduweni
rasa kurang cocog, mulane aku banjur pindhah
maneh, manggon ing panggonan kang kebak pepinginan.
Tekan ing papan iki, aku banjur kepethuk
karo bebakalan wadhag, seje jenis karo aku.
Aku kena pamiluta katut dening bebakalan
mau kang sejatine kena daya panggendeng saka
jagad gumelar iki.
Aku lan bebakalan mau iya wis padha ngertine
yen dheweke iku bakal dadi panggonanku utawa
wadhahku utawa tumpakanku. Lestari aku diwadhahi
bebakalan mau kang banjur mbrojol metu ana
ing alam gumelar kene.
Saiki aku ngerti, bareng aku wis duwe wadhah,
aku kudu nuruti kekarepane si wadhah sanadyan
si wadhah duwe wewatekan angkara murka, kagawa
saka olehe arep ngundhakake gedhe lan kekuwatane.
Nanging sasuwene aku ana ing wadhah, watakku
tetep ora owah, tetep sabar lan welas asih
tur ngemohi tumindak kang nalisir saka bebener.
Aku tansah ngudi panggawe becik lan tansah
sumarah.
Hananging sawise ketaman pusaka kang aran
triguna [ora liya ya budi, rasa, lan karsa/kama/pepinginan],
banjur katambahan maneh saka adrenging angkara
murkane si wadhah, aku banjur rumangsa loyo
tanpa daya.
Sanadyan kala-kala si budi iya manut marang
wewatakanku, nanging kerep kasore dening
si rasa kang kabiyantu si karsa/kama/pepinginan
sarta tansah digegasah/dikompori
dening si wadhah, bisane mung manut.
Sanadyan si wadhah mung trima manut, ananging ora kena disepelekake amerga si wadhah nyatane uga ndayani
marang ndara triguna.
Kayata yen si wadhah lagi ketaman lara weteng,
gela-gelo merga wetenge wis krasa ngelih,
cemburu rong ndina ora diapeli, lsp., si
rasa genah ya melu ngrasakake.
Lire, si wadhah mung saderma ngetutake angkara murkane, si karep sing
kajibah cawe-cawe melu tumandang gawe, kabiyantu
dening si budi. Ana enak kepenake sing ngrasake
ya si rasa kuwi, kang sabanjure bisa tumus
bali marang si wadhah. Iya saka dayane budi,
rasa lan karsa akanthi pambiyantune wadhah
mau nganti aku oleh paraban asor.
Bareng tekan mangsane kudu bali, ndara triguna
kang wus nggawa wohing panggawe, embuh saka
dayaning abdi dalem wadhah, embuh amerga
saka abdi dalem wadhah kang manut marang
ndara triguna, aku banjur kabubuhan kudu
bali menyang sangkanku.
Nanging, ana ing satengahing dalan aku banjur
bingung, nganti trekadang baliku tanpa arah,
manggon ing saenggon-enggone.
Lha yen wis kaya mangkene iki, sing ketanggor
ora wurung ya aku dhewe, jeneng
wadhah wis ajur mumur, ateges wis bisa bali
menyang mula bukane dumadi: sarining lemah
bali menyang lemah, sarining geni ya bali
menyang geni, sarining angin bali menyang
angin, sarining banyu ya bali menyang banyu.
Kaya mangkono mau aku sing ngrekasa. Aku
sing ngrekasa! Luwih-luwih maneh yen
triguna isih kraket ana ing anggaku, dadi
gelem ora gelem aku iya melu ngrasakake.
Amrih bisaku nyauri samubarang kang asale
saka panggawene triguna, kapeksa aku
kudu golek wadhah seje maneh [kang olehe
iya wadhah kang timbang karo gedhene utang
kang kudu bakal disauri dening triguna
kang isih kraket ana ing anggaku mau]. Aku
sing ngrekasa!
Kamangka olehku gonta-ganti wadhah mau trekadhang
ora mung cukup sepisan bae, nganti kudu diambali
boli-bali. Trekadang malah oleh wadhah kang
wewatekan angkara murkane gedhi banget. Nanging
sawise mbaka sethithik anggonku gonta-ganti
wadhah, wekasane bisa uga aku oleh wadhah
kang klebu manut miturut dayane triguna.
Sawise triguna wis bola-bali ketanggor
lan banjur tobat encit nganti oleh pangapurane
Hyang Agung kanthi pinaringan eling, tumindake
kang nasar-nasar uga banjur bisa diowahi
dadi jujur, kebak welas asih, lsp. Iki akeh empere
karo wewatakanku, nganti aku diparab utama,
mengku teges yen sawayah-wayah aku katimbalan
kudu bali maneh, aku wis ora nggawa utang
kang ngebot-eboti lakuku, amerga aku wis antuk sebutan luhur.
Saiki wis tekan mangsane aku kudu bali marang
sangkanku. Supaya bisa mangkono, kabeh kang
kumanthil ana ing anggaku kudu dak singkirke,
dakbalekke menyang panggonane dhewe-dhewe.
Wiwitane aku kudu ngoncati wadhah. Sarehne
wadhah kang dakenggo pranyata ora pati gedhe
angkara murkane, lelabuhane marang aku iya
gedhe banget, wis mesthi aku iya duwe rasa
welas, mulane banjur ana bebasan *dakglintir
dadi samrica binubut*, banjur dakulu, tegese
iya bakal dakgawa [embuh sarana pangracutan,
embuh sarana kepriye carane].
Ananging yen si wadhah arep tetep kumpul
karo aku, wis mesthi ora bisa sebab seje
jenis, kamangka jenise kudu padha karo aku,
ora oleh beda. Mangkono uga triguna
uga bakal dakbalekake ana ing panggonane
mau, nganti kari aku dhewekan ijen-plek ora
ana sing ngancani. Ya ben.
Ewasemono aku isih durung bisa bali menyang
sangkanku, jalaran aku meksa isih kadunungan
glintiran wadhah. Wis mesthi bae glintiran
mau dakpapanake ing panggonan asale, yakuwi
bebakalane dumadi.
Amerga isih nggembol glintirane wadhah, aku mung lagi bisa bali ana ing telenging
asale sagung dumadi.
Dadi yen ana wadhah ngresula kebak panalangsa,
ateges nguman-uman marang aku kang ora duwe
daya, kuwi kleru. Bisaku kudu ngene kudu
ngono, iku rak ya mung saka dayane
triguna [budi, rasa lan karsa] mau kang uga
kedayan dening si wadhah dhewe.
Kamangka olehku kapeksa kudu bola-bali iki
iya mung jalaran saka si wadhah lan triguna.
Dadi satemene sing gawe ribeding utawa nyrimpeti
lakuku kuwi ya triguna kang manggon ana ing
wadhah mau.
Bener-benere mono rak ya aku kang nguman-uman
marang kanthiku catur warna mau [triguna
lan wadhah], nyatane kok malah kuwalik. Lha
kok malah aku kang dipaido entek ngamek kurang
golek [golek menyang ngendi?].
Kamangka wadhah kang isih kanggonan wewatakan
ala kaya mangkono mau ora gampang pangracute,
dadi gelem ora gelem iya kudu gelem kari
ana ing alam gumelar kene iki, sebab kabeh
mau rak iya mung ngundhuh saka wohing pakartine
dhewe-dhewe.
Dadi wadhah iya ana undha-usuke, ana tatarane,
endi kang bisa bali marang dununge kang kawitan,
endi kang kudu kari ana ing jagad gumelar
kene sarana nganti-anti yen ana panunggalanku
kang gelem nunggangi utawa gelem nganggo. Wadhah kang sampurna ora bakal gelem kawetu
pangresulane. Ngresula utawa gugat iku pancen
kagawa saka wewatakan angkara murkane kang
asor.
Mula saiki para nupiksa dak aturi blakasuta
blak-blakan bae, apa ta aku iki? utawa sapa
ta aku iki?
Ing wasana rahayu kang tinemu.
back to the top