SUGENG RAWUH
A WELCOME MESSAGE

 

GEGAYUHAN KITA
MISSION STATEMENT

 

PAMAOS KANDHA
READER'S RESPONSE

 

MEMETRI BASA JAWI
EFFORTS TO SAVE JAVANESE

 

REMBUG KITHA PRAJA
THE TALK OF THE ROYAL TOWN

 

UNDERANING PERKAWIS
TALKING POINTS

 

SENI
THE ARTS

 

SASTRA
LITERATURE

 

CUKLA-CUKLI
NIGHTLIFE

 

LELUNGAN
TRAVELING

 

GESANG GAGRAG ANYAR
CONTEMPORARY LIVING

 

GEGURITAN
POEMS

 

KAWERUH BASA
LEARN JAVANESE

 

PISOWANAN
CLOSE UP

 

LELANG ANTIK
AUCTIONS & ANTIQUES

 

ANJANGSANA
LINKS

 

SESAMBETAN
CONTACT

 

 

hambuka wiwaraning jiwa jawi

enliven our understanding of javanese identity

CUKLA-CUKLI | NIGHT LIFE

 

 

NUTUL KEMBANG SADHOMPOL

Gelathik Inceng Inceng

Panjenengan para sutresna PJ punapa taksih kemutan lagu Gelathik Inceng-Inceng?

"Gelatik inceng-inceng
Anginceng dhuwuring galeng
Ndhuwur padhang ngisor peteng
Ana manuk endol-endol
Anutul kembang sadhompol."

Lagu Gelatik Inceng-Inceng punika nate maratah sumarambah ing akathah, dipun remeni para taruna ngantos para sepuh. Miturut pamanggih kula, tetembungan ingkang sinengker ing lagu Gelathik Inceng Inceng punika wau anggadhahi pikajengan kadhapur pasemon, ananging lekoh! Dene anggenipun mardeni wau makaten:

Peksi gelathik punika nalika taksih ABG [atas bawah gundhul, eh boten dhing, anak baru gede], limrahipun wulunipun kados peksi emprit. Sareng sampun sepuh wulunipun lajeng santun dados sae meles sumunar sarwa gilap nengsemaken.

Cucukipun peksi gelathik punika abrit jambon. Cucuk kula nggih abrit nanging radi cemeng tur kebak esem, ehm ... sapa sing ora bakal kasengsem. Peksi gelathik punika saya sepuh nafsu nedhanipun saya suda, ingkang mindhak nafsu birahinipun, lha punika pancen wonten emperipun kaliyan kula. Punika dados pasemonipun tiyang jaler ingkang saweg kasengsem kaendahaning sariranipun kenya perawan, nyiak! Anggen kula ngonceki tetembungan wau dipun tutugaken punapa boten?

Supados panjenengan enggal akhil baligh, sumangga sapunika dipun urut mbaka salarik suraosipun tetembungan wau.

Gelatik inceng-inceng
Ibaratipun tiyang jaler ingkang saweg besus birahinipun, tansah
inceng-inceng namat-namataken, punika supados manawi mangke sampun tamat saged pikantuk STTB [Surat Tanda Tamat Birahi].

Anginceng ndhuwuring galeng
Ingriki galeng punika ibaratipun jajaning wanita ingkang mandhukul kados galenganing pasabinan, utawi kados gunung alit.

Ndhuwur padhang ngisor peteng
Wanita wau payudharanipun ambaludhag kapidih katutupan kemben. Tamtunipun manawi dipun tamataken saking inggil katingal cetha, nanging saking ngandhap radi feteng-feteng dos pundi ngaten lho ah!... tansaya nesegaken birahi.

Ana manuk endol-endol
Punika ibarat payudharaning wanita.

Anutul kembang sadhompol
Inggih punika driji-drijining astanipun tiyang jaler besus ingkang inceng-inceng payudharaning wanita.

Leres botenipun, kula namung nyumanggakaken.


Gelatik Inceng Inceng II

Mastoni nyadhong rumentahing pangapunten manawi katrangan ngengingi suraosing tetembungan ing lagu Gelathik Inceng Inceng punika kepireng lekoh. Nanging sasampunipun kula muhung mahas ing asepi, pikajenganing tetembungan lagu punika wau saged ugi dipun tegesi makaten:

Tiyang jaler utawi estri ingkang saya dhewasa sangsaya berag anggenipun ngudi ngelmi kasampurnaning agesang, satemah cahyaning wadananipun katingal sumunar kaprabadan resik weninging budinipun.

Manawi tiyang punika tansah taberi ngudi kasembadaning gegayuhanipun, tansah inceng-inceng luru ngelmu, thruthusan sinau linambaran ing lampah sesirik sarwa gengsi, satemah badhe saged sumerab lan mangertos sayektos kasunyatan kawontenaning jagad nginggil lan jagad ngandhap.

Jagad nginggil ingkang padhang narawang anjog dhateng kasuwargan. Jagad ngandhap punika ingkang kebak pepeteng, rereged lan sarwa dosa. Awit saking sanget ing pangudi, satemah tiyang saged kadumugen gegayuhanipun saged nutul kembang sadhompol, inggih punika sekaring kasampurnan marganing kasuwargan ingkang satuhu, ingkang rupinipun mancawarna, abramarkata kados manekawarninipun drijining asta, panjang celak, ageng alit, lan maneka warni tujuwan sarta pigunanipun.

back to the top

 

 

Address: Jalan Ngasem 61, Yogyakarta, DIY 55321, Indonesia

Telp/Fax: +62 274450 054  E-mail: puriarca@artindonesia.org

Copyright@2008-www.artindonesia.org  All Rights Reserved